Aplikasi-aplikasi kang Ndadekake Konten Saya Apik

Konten ing media sosial dinane iki saya maneka rupa wae, wiwit saka foto engga video kang durasine cendhak. Mula ora sethithik wong kang nggawe konten nyoba nampilake kontene saapik-apike.

Ora mung ide, nanging nggawe konten uga mbutuhake aplikasi tambahan amrih konten kang diasilake maksimal. Manut akun Instagram Kemenkominfo, ing ngisor iki sawenehing rekomendasi aplikasi kanggo nggawe konten mau dadi saya apik:

  1. Inshot
    Aplikasi kang sumadya ing Google Play Store lan App Store iki bisa diundhuh kanthi gratis lan bisa mbantu pengguna kanggo ngedit video lan foto. Inshot nduweni kaluwihan saka babagan fitur kang diduweni merga pepak lan gampang digunakake, kepara kanggone tukang nggawe konten anyaran (pemula) pisan. Aplikasi iki cocok digunakake tumrape pengguna kang pengin nggawe konten video pendek ing Reels Instagram.
  2. Canva
    Wis dadi rahasia umum yen aplikasi Canva akeh digunakake dening tukang nggawe konten. Pengguna bisa nggawe poster, iklan, infografis, engga foto kang diselarasake kanggo media social tinamtu. Akehe fitur lan tools kang ditawakake sarta stiker lucu ndadekake Canva disenengi sakehing pengguna merga gampang. Mung emane, pengguna kudu mbayar kanthi nominal tinamtu yen pengin nggunakake stiker utawa template premium ing Canva.
  3. Evernote
    Selaras karo jenenge, aplikasi iki bisa digunakake pengguna kanggo nggawe cathetan utawa note ing smartphone. Pengguna bisa nyathet ide kang muncul kanggo konten apadene ngumpulake artikel saka maneka sumber nalika browsing. Ora mung iku, Evernote uga mujudake aplikasi manajemen kang cocok kanggone pengguna kang kerep lali ngunggah konten.
  4. Unfold
    Aplikasi Unfold umume digunakake dening pembuat konten kanggo nggawe Instastory kang nengsemake. Kanthi Unfold, pengguna bisa ngedit foto apadene video. Unfold nawakake luwih saka 400 template kanggo Instagram. Pengguna uga bisa nggunakake filter, teks, GIF, latar belakang, engga nambahake tekstur nalika ngedit.
  5. Google Analytic
    Google Analytic dibutuhake dening wong kang nggawe konten kanggo mangerteni tren kang lagi ana ing masyarakat lan ngevaluasi konten. Google Analytic uga nduweni maneka fungsi kang bisa mbantu pembuat konten mangerteni statistik pengunjung saka website. Kanthi bantuan saka kalima aplikasi ing ndhuwur, pengguna bisa nggawe konten selaras pepenginan lan ngeksplorasi kreativitas.

***

Panulis: (d/ist)***

Bagikan artikel ini
Ariel Raditya
Ariel Raditya
Articles: 5