Carane Nggawe Video Android Stabil kaya IPhone

Asil video kang stabil kaya iPhone jelas disenengi banget dening sapa wae kang nduweni HP android. Iki ora liya merga video kang stabil bakal aweh kesan estetik nalika diunggah menyang media sosial kayadene Instagram, TikTok, utawa Status WhatsApp.

Banjur piye yen nduwene mung HP android? Aja kuwatir, merga satemene ana cara kang gampang amrih bisa oleh asil rekaman video dadi stabil kaya asil video iPhone. Lan sing nyenengake maneh, iki bisa ditindakake senajan HPne Android.

Carane nggawe video Android stabil kayadene iPhone bisa wae kanthi migunakake aplikasi gawan kang wis kapasang sacara default ing perangkat, yakuwi Google Photos.

Pengin ngerti carane? Ing ngisor iki langkah-langkahe kang kita nukil saka maneka sumber;

  • Kawitan, nggawe video kanthi angle sing sak apik-apike.
  • Yen uwis, bukak aplikasi Google Photos ing perangkat.
  • Pilih video kang pengin distabilake.
  • Banjur klik tombol edit kang ana ing bagian ngisor layar.
  • Ing menu Video, klik ikon bingkai kanthi kothak miring ing njerone.
  • Tunggu prosese rampung banjur klik tombol simpan.

Mangkono mau carane nggawe video Android stabil kayadene iPhone. Gampang ta? Perlu dimangerteni uga yen ing aplikasi Google Photos satemene pengguna bisa nindakake sakehing fungsi editing video.

Ing aplikasi gawane Android iki pengguna bisa ngowahi tone warna video, ngecrop video, ngatur kecerahan lan kejernihan video, engga masang teks ing njerone. Iki kabeh bisa ditindakake kanthi gampang lan mesthi wae gratis.

Tips Motret Bengi nganggo Smartphone
Motret wayah bengi dadi salah siji tantangan dhewe kang kudu diadhepi fotografer. Yen kasil motret momen wayah bengi, asile bisa apik banget. Nanging, perlu keahlian khusus lan setting kamera smartphone kang pas amrih bisa ngasilake foto bengi kang apik.

Kaya apa wae trike? Mangkene kurang luwihe:

  1. Migunakake Fitur Night Mode
    Ana sawenehing smartphone kang disengkuyung fitur night mode. Fitur iki kerjane kanthi manfaatake shutter speed kang rendhet kanggo nangkep objek kanthi detail merga minim pencahayaan. Mula amrih asile maksimal, bisa nggunakake flash.
  2. Ngowahi menyang Manual/Pro Mode
    Fitur iki biasane mung ana ing ponsel pintar weton anyar. Yen ora, bisa nggunakake aplikasi ketiga. Kanthi mode iki, pengguna bisa ngatur ISO, Shutter Speed lan Aperture kang disenengi.
  3. Pencahayaan Tambahan
    Satemene, migunakake flash smartphone ora dianjurake. Amarga bisa ngrusak detail lan kedalaman foto. Nanging, yek kepeksa njupuk gambar jroning kondisi peteng, mula flash dadi pilihan kang paling apik.
  4. Atur Shutter Speed
    Yen pengin oleh asil foto kanthi pencahayaan pas ing wayah bengi, coba atur shutter speed ing angka rendah (rendhet). Saya rendhet kecepatane rana, saya akeh cahya kang mlebu. Nanging, kudu ngati-ati merga asil foto bisa blur yen kamerane/hpne obah sithik wae.
  5. Nggunakake Tripod
    Supaya asil foto ora nge-blur utawa burem, bisa nggunakake tripod. Gunakna tripod sing sikil-sikile kuwat, stabil lan ora gampang ceblok. Amrih luwih gampang, goleka tripod sing wis duwe fitur remote bluetooth saengga bisa dioperasekake saka kadohan.

***

Panulis: (d)

Bagikan artikel ini
Ariel Raditya
Ariel Raditya
Articles: 3