Esuk mrambat sangsaya awan ing gumuk ketel wewengkon Jasinga, Kabupaten Bogor, Jawa Barat. Srengenge imbuh nyengkrek dhuwur. Angin tumiyup alon ngobahake godhonge wit-witan. Swasana tidhem iku dumadakan pecah dening bengokan, “Atua…atua!” Sawenehe wong lanang umuran 40 taun ngeculake asu-asune saka tali kang naleni gulune. Kaya dikomandho, asu-asu iku lumayu kebat tumuju grumbul-grumbul gumuk kang lindhuk. Swara jugugan saut-sautan.

Wong lanang telu sing maune nyekeli taline asu-asu mau, nadyan keponthalan, mbudidaya mburu sato-sato kuwi kanthi posisi nyebar. Pindha pasukan linatih, asu-asu iku kanthi cepet ngepung papan pandhelikake babi alas. Kurang saka setengah jam, babi alasan kang kepepet iku bisa dicakot awake banjur dieret-eret metu saka sundhunge. Awake tatu rojah-rajeh. Sawise babi alasan iku mati, wong telu pangone asu mau age-age njupuk bangkene.
“Yen ora ndang dijupuk, mengko danginge selak ireng,” ujare salah sijine pemburu, Habibi. Tukang-tukang mbebedhag babi alasan iku ana kalane pancen ngedol daginge sato kang dianggep ama tanduran kuwi marang komunitas masyarakat tinamtu kanggo dikonsumsi. Nanging ana uga sing mung ngetogake wae daginge babi alasan iku direncak dening asu ingon-ingone.
Saperangan tukang mbebedhag babi alas mau wong-wong perantauan saka Sumatera Barat. Dene sebageyan liyane mujudake warga lokal Bogor. Wong-wong mau umume nekuni pakaryan kasebut wiwit mataun-taun kepungkur.
“Tumrapku, mbebedhag babi alasan nggunakake tenagane asu ngene iki mujudake pakaryan turun-tumurun wiwit jaman leluhurku biyen ing Tanah Minang,” ujare Osri, rowange Habibi, sing padha-padha perantauan saka Sumatera Barat.
Kanggone Habibi lan Osri, sejene “ngleluri” adat pakulinane leluhure, mbebedhag babi alasan kang ditindakake saben dina Minggu kuwi ngiras-ngirus olahraga sarta rekreasi. Saben dinane, dheweke nyambut gawe ing Jakarta. “Hawa gumuk sing seger, sesawangan kang endah, kaya-kaya ngilangake rasa kesel sawise seminggu nyambut gawe ing Jakarta,” tuture Osri.

Ora mung ing wewengkon Jasinga, papan mbebedhage Osri sakanca pindhah-pindhah. Ora arang dheweke oleh “job” saka warga masyarakat kang tandurane rusak dening pokale babi-babi alasan kang neba saka alas. “Anggonku mbeburu babi alas iki uga upaya kanggo ngendhaleni populasine,” ucape Osri.
Nglanjak wanci maghrib, asu-asu kang sedina mbethethet diajak mburu babi mau banjur digiring bali menyang kandhang ram-raman kawat kang digawa ana mobil pick-up bukakan. Alon-alon mobil ngudhuni gumuk saperlu mulih menyang papan dununge. “Minggu ngarep wis ana pesenan mbeburu babi dening warga kang tandurane dirusak,” ujare Osri karo nuduhake pesen WA ing hape-ne.




(Foto-foto & teks: Antara/Ferlian Septa Wahyusa)



