
Busana Manten Pegon Wujud Akulturasi Budaya ing Surabaya
Share your love

Minangka kutha gedhe, Surabaya wiwit jaman kawuri wis dadi papan patemoning maneka warna suku lan budaya. Patemon kasebut banjur nuwuhake akulturasi utawa campuran budaya awujud busana Manten Pegon.
Tembung “pegon” pancen asring digandhengake karo budaya Arab lan Islam. Nanging sapa nyana, busana kasebut uga ngemot unsur budaya Jawa, Walanda, lan Tionghoa.
Kanggo busana manten putri Pegon, asring sinebut sayak Larasati. Sayak utawa klambi Larasati iki duwe maneka warna pilihan, wiwit saka putih, kuning, ijo, ungu, nganti biru.
Ing perangan awak, manten putri Pegon nganggo blus kang katutup rapet, minangka wujud pangribawa budaya Arab. Dene rok kang digunakake nuduhake pangribawa budaya Walanda.
Pilihan warna rok kaya ta emas, putih gading, biru, utawa kuning kuwi nggambarake warna-warna kang dadi pepengane masarakat Tionghoa. Sabanjure dijangkepi slendhang dawane watara rong meter kang dipasang ing pundhak, mujudake pangribawa saka busana manten Walanda.
Pangribawaning budaya Jawa lan Tionghoa ya cetha ing rerenggan sirah manten putri Pegon. Rerenggan kasebut dumadi saka cundhuk mentul, jamang, kalung, lan roncean kembang.
Cundhuk mentul kang digunakake cacahe 12, pitu madhep ngarep lan lima madhep mburi. Dene jamang Wulandari kang wujude segitiga lan dijangkepi siangko, dadi perangan kang nuduhake pangribawa budaya Tionghoa.
Ing perangan buri jamang uga dipasangi roncean kembang mlathi awujud tiba dada, sintingan, ndog remek, lan kembang mawar. Dene rerenggan liyane kayata gelang, ali-ali, sarta kembang kang digawa ing tangan, nuduhake pangribawa saka budaya Walanda.
Ora mung busana manten putri, busana manten kakung Pegon uga duwe tetenger kang kenthel budaya Arab. Manten kakung nggunakake jubah dawa kang dipaesi renda emas lan manik-manik.
Ing perangan sirah, ana panutup kang wewujudane memper sorban. Busana kasebut banjur dijangkepi roncean kembang mlathi ing pundhak sisih tengen. Kajaba iku, uga diselipake roncean mlathi ndog remek lan gading kuning, dene ing perangan sikil nggunakake trumpah.
Maneka warna unsur budaya kang kinandhut ing busana Manten Pegon iki nuduhake menawa tradhisi kasebut minangka salah sawijine warisan budaya kang perlu dijaga lan dileluri.
Mula saka iku, pamarentah, para seniman, lan para perias manten ing Kutha Surabaya tansah ngupayakake pangrembakane tradhisi Manten Pegon supaya tetep ngrembaka lan lestari.
Salah sijine wujud panyengkuyung kasebut cetha katon nalika Walikota Surabaya, Eri Cahyadi, rawuh ing pahargyan Hari Jadi Kota Surabaya (HJKS) kaping 731 taun 2024 kepungkur. Kanthi abusana Manten Pegon, panjenengane jajar bareng Bu Rini Indriyani minangka Ketua TP PKK Surabaya.
Maneka warnaning pangribawa budaya kasebut ndadekake busana Manten Pegon duweni tetenger kang mligi. Saka busana iki, cetha menawa budaya kang maneka warna iku tetep bisa njaga titikane dhewe-dhewe, sarta bisa manunggal dadi sawijining wewujudan kabudayan kang edi peni.
***
Panulis: Febby Indah (Warga MGMP Basa Jawa SMA Surabaya)
Panitipriksa: Tim Redhaksi Panjebar Semangat















