
Newsletter Subscribe
Enter your email address below and subscribe to our newsletter


Jawa Timur pancen ora tau kentekan kaskaya kabudayan kang adiluhung. Ombyaking jaman kang sarwa maju iki pranyata durung bisa nggeser sawetara warisan leluhur kang isih dileluri dening masarakate.
Salah sijine yaiku upacara Lara Pangkon, pethikan ing reroncening adicara panggih manten kang isih asring tinemu ing tlatah Sidoarjo, Mojokerto lan Kabupaten Malang. Upacara iki dadi seksi urip yen masarakat Jawa nduweni babagan mirunggan anggone ngajeni lan nampa rawuhe pasangan penganten.
Lara Pangkon asring digathukake karo unen-unen “lara sadurunge kelakon”. Tegese, wujud pepeling marang manungsa yen sadurunge nggayuh kamulyan, sapa bae kudu wani prihatin lan ngliwati pringkilaning urip.
Ing sawetara panggonan, Lara Pangkon diparagakake lumantar lakon nalika wakil saka kulawarga kakung sowan kanthi ngawa jago-jagoan minangka pralambang jatine sang penganten kakung. wakil iki nuli dipapag dening utusan saka kulawarga putri.
Nalika adicara diwiwiti, rombongan penganten kakung jengkar tumuju sasana rinengga kanthi ngawa jago-jagoan kang wis dipaesi. Kahanan saya katon regeng lan mrabu awit binarung unine gamelan. Ing kene banjur dumadi adu imbal wacana antarane duta kakung lan putri ing tata cara pasrah-tinampi.

Pacaturan kuwi satemene ora mung dadi klangenan utawa tontonan, nanging kebak pralambang sarta pitutur luhur bab urip bebrayan. Kepara, ing sawetara laladan, adegan iki rinengga unjuk kaprigelan seni pencak silat minangka wewujudaning pambudidaya lan karosan.
Piwulang luhur ing sewaliking upacara Lara Pangkon iki, yaiku pituduh supaya manungsa ora gampang semplah ing budi utawa cilik ati nalika nandhang panandhang.
Jago-jagoan mau dadi pralambang menawa penganten kakung wis sumadya nyawijikake ati, ngrengkuh, lan ngayomi penganten putri. Imbal wacana antarane wakil kulawarga dadi sarana mbabar pangarep-arep, kuwajiban, lan subasita. Iki ngelingake menawa mlakuning bale wisma kuwi mbutuhake panyengkuyung, tepa selira, pamengku, sarta tanggung jawab saka sakloron.
Ing jaman saiki, nepungake Lara Pangkon marang para mudha dadi jejibahan kang ora entheng supaya warisan iki ora cures kegiles jaman. Pawiyatan (sekolah) bisa menehi pambiyantu lumantar pasinaon muatan lokal basa lan kabudayan Jawa. Masarakat uga bisa sengkut nyathet pariwelinge para sesepuh, ngrekam pagelaran, sarta ngadani pamentasan budaya. Ewadene tumrap para mudha kudu gelem nyinau makna kang ana ing jerone.
Cetha yen upacara iki satemene dudu mung tontonan, nanging tuntunan luhur kang mbabar gregeting pambudidaya, tanggung jawab, sarta carane njaga kerukunan bale wisma. Samesthine warisan kabudayan kaya Lara Pangkon iki terus diudi, ditepungake, lan diurmati, minangka bukti nyata anggone njaga jatidhiri supaya ora luntur ing pangrembakane jaman.
***
Panulis: Yulia Intan (Warga MGMP Basa Jawa SMA Surabaya)
Panitipriksa: Tim Redhaksi Panjebar Semangat