Geneya Tembung ing Dialek Arekan Bisa Nduweni Teges Beda?

Ilustrasi

Tembung teko lan tekan katon meh padha, nanging panganggone ing bebrayan bisa nuduhake teges sing seje tur mirunggan. Ing madyaning pacelathon dialek Arekan, ukara “Kon teko endi?” asring digunakake kanggo takon asal rawuh utawa tekane wong.

Dene ing basa Jawa dialek Mataraman, tembung tekan nuduhake tumekaning sawijining papan utawa wates wektu. Bedane panganggone tembung kasebut dadi salah sawijining tetenger variasi basa Jawa sing ana ing wewengkon Jawa Wetan, mligine tlatah Surabaya.

Dialek Arekan minangka salah sawijining variasi basa Jawa sing asring digunakake ing wewengkon Jawa Wetan, mligine Surabaya lan dhaerah sakiwa tengene kayata Gresik lan Sidoarjo. Sanajan padha-padha kalebu pepanthane dialek Arekan, saben dhaerah kasebut tetep bisa nduweni variasi pocapan sarta pilihan tembung dhewe-dhewe sing kaperbawan dening kahanan lingkungan sarta sosial budaya.

Kawujudan sarta variasi basa kasebut dumadi lumantar proses pangrembakan basa sajrone wektu kang suwe banget. Nalika masarakat saka maneka dhaerah sesambungan raket ing babagan dagang, pakaryan, sarta panguripan saben dinane, basa sing asring digunakake uga melu ngalami owah-owahan.

Saka proses pasrawungan sosial kasebut, banjur tuwuh maneka warna wujud pocapan, pilihan tembung, sarta panganggone basa sing tundhone dadi tetenger mligi tumrap saben wewengkon, nuduhake wewatake masarakat sing blaka tur apa anane.

Titikan bedane antarane dialek Arekan lan Mataraman nyata ora mung katon saka tembung teko lan tekan. Tembung arek lumrah digunakake kanggo nyebut bocah, dene kon utawa koen kuwi tegese kowe. Ana uga tembung mene sing tegese sesuk, kape utawa kate sing tegese arep, sarta sampek sing tegese nganti. Kosakata kasebut pancen kerep diucapake sajrone pacelathon saben dinane dening para penutur dialek Arekan, tanpa mbedakake tataran undha-usuk.

Saliyane iku, ana tembung lapo sarta yaopo sing uga asring ditemokake ing pacaturan. Tembung lapo digunakake nalika takon apa sing ditindakake utawa apa sebabe, dene yaopo digunakake kagem takon kepriye kahanane. Tuladhane, ukara “Kon lapo?” tegese “Kowe ngapa?”, dene “Yaopo kabarmu?” tegese “Kepriye kabarmu?”. Panganggone maneka tembung kasebut kasil ndadekake pacelathon nduweni warna basa egalitarian sing beda adoh yen dibandhingake karo cakrike dialek basa Jawa liyane.

Ing jaman saiki, dialek Arekan isih digunakake ing maneka kahanan. Wiwit pacelathon ing lingkungan kulawarga, pasar, warkop, tekan medhia sosial tetep ngugemi basa iki. Panganggone dening para nom-noman uga ndadekake kaskayane tetembungan kasebut tetep mumbul lan sumusup ing jaman.

Bedane tembung sarta teges ing dialek Arekan dadi bukti menawa basa ora tansah nduweni wujud padha. Variasi iki mujudake kaskayane warisan budaya Jawa sing kudu tansah dijaga blegere amrih tetep lestari.

***

Panulis: Dwika Apriyani (Warga MGMP Basa Jawa SMA Surabaya)

Panitipriksa: Tim Redhaksi Panjebar Semangat

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 421