Gunung Memper Iwak Purba Ditemokake ing Arab Saudi

Khaled Al Enazi motret sawijining gunung
kang luar biasa yakuwi memper iwak
purba Megalodon. (foto/ IST)

SAUNTARA kuwi, sawijining fotografer durung suwe iki kasil motret sawijining gunung kang rupane kaya iwak raseksa (Megalodon) kang muncul ing gurun pasir ing kutha distrik Al-Ula, Arab Saudi.

Khaled Al Enazi motret gunung kang luar biasa iku nalika nggunakake drone kanggo nggatekake raja brana arkeologi ing distrik ksb.

“Nalikane aku motret daerah iku, ujug-ujug muncul sesawangan gunung ing ngarepku kang katone kaya iwak separo awake nglangi ing padhang pasir,” ujare marang CNN nukil saka Bolnews Kamis kepungkur (13/12/2022).

Khaled ngandhakake dheweke mungkin dudu wong kawitan kang nemokake formasi wewatuan kuwi, nanging dheweke percaya yen perspektif saka sesawangan gegana kang beda kang ngyakinake bab wujud iwak ksb.

“Mata fotografer ndeleng apa kang ora dideleng wong liya,” ujare sinambi ngarani ‘Iwak Gurun’.

Sajege gambar iku dishare, Khaled kudu nampik imajinasi pengguna media sosial yen wujude kuwi sisa-sisa kewan laut raseksa.

“Sawenehing pengguna media sosial ngandhakake iku mujudake iwak asli kang punah sawenehing yuta taun kepungkur, nanging satemene iku watu pasir kang kabentuk saka sakehing faktor,” tambahe.

***

Panulis: d/ist

Bagikan artikel ini