Situs Sumberbeji, Patirtan Petinggi Krajan Majapait

Jaladwara, pancuran banyu kang bahane saka watu andesit.

Situs Sumberbeji dumunung ing Dusun Sumberbeji, Desa Kesamben, Kecamatan Ngoro, Kabupaten Jombang. Situs iki ana ing tapel wates Desa Kesamben lan Desa Badang. Bangunan iki sakawit mung dianggep sumber banyu biasa. Amarga sumber banyu iki dadi sumber pengairan kanggo sawah petani ing sakitere Desa Kesamben. Ananging sawise diasat, temon kuna kasebut malah ngandhut sejarah.

Nalika disat dening pemuda desa kanthi maksud mung ngresiki sumber banyu ing sendhang ksb. Ananging, malah nemokake struktur bata kuna kang dawane nganti atusan meter. Bata iki kependhem lan ora ana fungsine, karana metune sumber saka bolongan pesegi.

Ekskavasi ditindakake ing wulan Agustus 2019 kepungkur. Petugas saka BPCB (Balai Pelestarian Cagar Budaya) Trowulan nemokake sajumlah struktur liya. Wujude luwih gedhe, lan wiwit katon mbentuk patirtan. Ambane bangunan 18 x 24 meter. Situs iki kependhem ing dhasare kolam sing jerune 2-3 meteran saka lambene kolam.

Struktur bangunane nyimbolake legenda samudramanthana, yaiku keyakinan ing Agama Hindu bab kaciptane banyu suci liwat pengaduan samudra susu. Unsure yaiku awake ula kang nggubet kura-kura karo gunung ing ndhuwure.

Dalan banyu mlebu metu ing pucuke, kanthi bangunan utama arupa
gunungan lan pancuran banyu ing perangan tengah. Bangunan utama iki dikupengi kolam sing jerune 1,2 – 1,5 meter.

Nalika durung diasah isih dadi sumber pengairan


Nganti pungkasane taun 2019, wis telung tahap ekskavasi ditindakake ing situs iki. Durung kabeh perangan katon, ananging sacara umum, fungsi lan wujude bangunan wis bisa kewaca. Bangunan iki dinuga wis ana sadurunge jaman kencana rukmine Krajan Majapait.

“Dinuga ana awit abad ka-10 nganti 12. Tegese sadurunge Majapait kawitan, ananging digunakake nganti era Majapait, malah sempat direnovasi ing jaman Majapait,” kandhane Wicaksono Dwi Nugroho, ketua tim Arkeologi BPCB Trowulan kang mimpin ekskavasi Sumberbeji. Ekskavasi bacute dilaksanakake taun 2020, ananging keganjel kahanan darurat bencana pandemi Covid-19.

Struktur bangunane nimbulake legenda Samudramantana.

Istilah arkeologi tatahane raya, tatahane rapi lan detil, dadi pancen mustahil banget yen bangunan sakelas omahan, desa utawa pribadi sing ing wektu iku nggunakake tatahan detil kaya iki. Apa maneh saluran banyu ing struktur bata uga dibangun detil banget. Jarang banget, ing sawetara sisi saluran nganti saiki isih bisa katon banyu sing metu saka sela-selane salurane. Pancen ora kabeh saluran banyune mati, iki uga bukti karya kang rumit lan ngati-ati nalika mbangun iki

Ing bangunan Sumberbeji uga ditemokake anane bangunan teknologi takilan. Yaiku pola padha nguncine antarane bata siji lan sijine. Biasane takilan iki ana ing sawetara candhi utawa situs kang bahane watu andesit. Mula yen bangunan kang nggunakake bahan bata jarang banget. Iki nuduhake yen bangunan iki dibangun kanthi kualitas kang bener-bener utama.

Sing paling gawe heboh, kanthi ditemokake jaladwara sing wujude reca Garudeya. Reca iki, siji-sijine garudeya kang ditemokake ing kahanan wutuh lan in-situ (maksude panggah ing kono) ing sawijining situs patirtan. Anane reca iki, nggambarake banget kepriye wigatine bangunan iki tumrap sawijining peradaban kerajaan.

Cagar Budaya
Jombang dudu destinasi wisata utama ing Jawa Timur. Nadyan nduweni pondhok pesantren akeh. Ananging temon kolam era Majapait ndadekake Jombang malih nduweni destinasi wisata sejarah anyar.

Bab iki adhedhasar temon BPCB Jawa Timur, kang nindakake eksvakasi utawa ndhudhuk temon struktur bata. Struktur bangunan kasebut ana ing dhasar sendhang utawa kolam sumber banyu Dusun Sumberbeji.

Eksvakasi wis ditindakake suwene sepuluh dina, wiwit tanggal 26 Agustus 4 September 2019. Dieloni wong 15 saka BPCB lan dibantu tenaga lokal wong 6. Uga dieloni petugas saka Dinas Pendidikan dan Kebudayaan Jombang, sarta aparat Desa Kesamben lan Dusun Sumberbeji.

Sadurunge, petugas BPCB Jawa Timur sing kantore ing Trowulan, Mojokerto, wis nindakake survey penyelamatan rikala tanggal 30 Juli – 3 Agustus 2019 kanthi nyedhot banyu ing kolam kanggo ndelok luwih cetha struktur bangunan bata kang katon ing dhasar kolam.

Bab iki ditindakake sawise BPCB nampa laporan lan informasi masyarakat sing weruh bangunan bata sing dinuga saluran banyu utawa kanal nalika nguras kolam dusun ksb. Sawise disedhot lan dikedhuk awal ing dhasar kolam, tim nemokake bangunan liyane kang dinuga kuwat perangan saka patirtan iku.

Saluran banyu sing mbujur saka kulon mangetan ksb pranyata pucuke ing sawijining struktur kang wujude pesagi kanthi rekonstruksi dawane udakara 18 meter lan ambane 14,5 meter. Ing perangan tengah bangunan kang wujude pesagi iku uga ana struktur bata kang dinuga punjere patirtan.

Sawetara bukti arkeologis kang nguwatake bagunan ksb yaiku patirtan, ing antarane tatahan-tatahan ing
perangan tembok sisih kulon lan sisih elor bangunan. Saliyane iku, tim uga nemokake jaladwara utawa pancuran banyu sing bahane watu andesit kanthi ukuran dawa 55 cm, amba 25 cm, lan kandel 15 cm. Jaladwara kasebut wujude endhas ula utawa naga, kang cangkeme ana bolongane minangka dalan metune banyu.

Dimensi ukuran bata kang ditemokake ing papan ksb padha karo dimensi bata tinggalane Majapait abad ka-13 nganti 15 kang ana ing Trowulan, Mojokerto. Temon lepas liyane kang nguwatake bangunan iku tinggalan Majapahit ing antarane ana fragmen tembikar alus gaya Majapait, fragmen porcelin, lan dhuwit China saka Dinasti Yuan abad ka-13 nganti14 Masehi.

Miturut warga Dusun Sumberbeji, Jumadi (69), sendhang utawa kolam sumber banyu iku wis suwe ana. Saluran banyu saka bata kuna iku biyen wis katon, durung ketutup banyu sendhang. Banyu sendhang iki uga dipercaya bisa kanggo tamba dening warga saka maneka desa.

Asile survey lan eksvakasi BPCB rikala tanggal 30 juli – 3 Agustus 2019 kepungkur nyimpulake struktur bata sing ditemokake ing dhasare sendhang ksb wis mepaki kategori minangka cagar budaya. BPCB Jawa Timur bebarengan karo Pemerintah Kabupaten Jombang wis nindakake rapat kordinasi tanggal 7 Agustus 2019.

Kanthi didaftarake Situs Sumberbeji, lelandhesan amanat Undang-Undang Nomer 11 Taun 2010 ngenani Cagar Budaya, mula Pemerintah Kabupaten Jombang banjur netepake Situs Sumberbeji minangka Cagar Budaya Peringkat

***

Panulis: Budiono MG

Bagikan artikel ini