Pemerintah Kota (Pemkot) Surabaya mbukak pameran Cross Musea Pertiwi 2026 ing Museum Dr. Soetomo, Kompleks Gedung Nasional Indonesia (GNI), during suwe iki (2/6/2026). Digelar nganti 14 Juni 2026, pameran sing dadi bagéan saka pengetan Hari Jadi Kota Surabaya (HJKS) ka 733 iki nyuguhake kolaborasi lintas museum kanggo ngajak masarakat ndeleng lelakone urip manungsa lan uga mangertèni akar budaya bangsa liwat pendekatan sing luwih interaktif lan imersif.
Kanthi ngusung tema “Pertiwi – Penghormatan untuk Bumi Indonesia”, pameran iki nyuguhaké narasi babagan sesambungan manungsa karo tanah klairane minangka sumber panguripan. Pengunjung diajak mangertèni kepiye manungsa kuwi lair, gedhe, mbangun kauripan, nganti bali menyang lemah liwat rangkaian koleksi, tradhisi, lan artefak budaya sing diwarisaké turun-temurun.



Beda karo pameran museum konvensional, Cross Musea Pertiwi nggathukake koleksi sajarah karo teknologi digital saengga aweh pengalaman sing luwih cedhak karo generasi mudha. Sawenehing instalasi interaktif, immersive room, teknologi adhedhasar kecerdasan buatan (AI), nganti fitur foto interaktif bareng tokoh pergerakan nasional Dr. Soetomo dadi daya tarik sing mepaki kawruhe pengunjung njroning ndlajah maneka zona pameran.
Kolaborasi iki ngajak telung institusi budaya, yaiku Museum Etnografi Universitas Airlangga, Museum Mpu Tantular Sidoarjo, lan Museum Sonobudoyo Yogyakarta. Kabeh nyuguhaké koleksi sing padhadene njangkepi kanggo mbangun narasi babagan tradhisi, identitas, lan nilai-nilai urip masyarakat Nuswantara saka jaman duk ing uni tekan jaman saiki.
Plt Kepala Dinas Kebudayaan, Kepemudaan lan Olahraga sarta Pariwisata (Disbudporapar) Surabaya, Herry Purwadi, ngandhakake yèn tema Pertiwi dipilih kanggo ngélingaké masarakat bab hubungan sing ora bisa dipisahaké antara manungsa lan bumi.
“Liwat tema iki, kita diajak luwih tresna marang bumi, ngreksa kelestariyané, sarta urip selaras karo alam. Ing pungkasané manungsa sing asalé saka lemah bakal bali menyang lemah. Mula iku, bumi pertiwi iku mujudake warisan sing kudu kita jaga bebarengan,” ujare Herry.
Miturut Herry, pameran kasebut uga nampilaké maneka ekspresi budaya Nuswantara, wiwit saka tradhisi mitoni utawa pitung wulanan, sunatan, nganti koleksi wayang sing makili lelakon uripe masyarakat Indonesia.
Sauntara kuwi Kepala UPTD Museum lan Gedung Seni Balai Budaya Kota Surabaya, Saidatul Ma’munah, nerangaké yèn pameran iki dirancang kanggo nguripaké manèh fungsi museum minangka papan edukasi umum sing inklusif lan relevan karo perkembangan jaman.
Miturut dhèwèké, tema Pertiwi dipilih amarga bisa nglairaké refleksi babagan lelakone manungsa saka lair nganti matine liwat maneka ritual lan tradhisi sing isih urip ing tengah masyarakat. Narasi mau banjur diterjemahaké liwat koleksi, visualisasi digital, lan pengalaman interaktif supaya luwih gampang dipahami déning pengunjung, utamané kalangan pelajar.




“Liwat panyajian adhedhasar visual lan teknologi, kita ngajab pesan sing diwenehake museum bisa luwih gampang dipahami lan dielingi déning generasi enom,” kandhane Saida, juliukan akrabé.
Saka sisih kuratorial, pameran iki uga aweh pesan wigati babagan keberagaman budaya Indonesia.
Wakil Museum Sonobudoyo Yogyakarta, Yashika Sidik Pradhana, nelakake apresiasine marang Pemkot Surabaya, tim kurator, sarta kabèh museum lan mitra sing melu ing nggelar Cross Musea Pertiwi 2026 iki.
“Sinergi lintas museum iki nuduhaké yèn museum ora mung papan nyimpen tracak mangsa kepungkur, nanging uga papan dialog sing dinamis. Liwat maneka koleksi sing dipameraké, pengunjung diajak mangertèni keberagaman budaya lan uga nggatekake sesambungan antarane manungsa karo alam, sajarah, lan kamanungsan,” pamungkase. (d)***
Editor : Donny Tunggul
Sumber : Rilis Pemkot Surabaya



