Konferensi Tingkat Tinggi (KTT) kaping 48 ASEAN ing Mactan Expo, Cebu, Filipina, Kemis-Jumuah 7-8 Mei 2026 dadi panggung wigati tumrap Indonesia kanggo nuduhake posisi geopolitike ana kawasan Asia Tenggara. Satengahing konfling Timur Tengah kang sangsaya ndadra, ketambahan ditutupe Selat (Supitan) Hormuz dening Iran, Presiden Prabowo Subianto ngundha gagasan dhoktrin luar negeri kang luwih agresif, transaksional, sarta nduweni asil nyata kanggo ngamanake kapentingan dhomestik sing dibutuhake sasamaning anggota ASEAN.

kanthi pose khas “ASEAN handshake” nalika ngrawuhi KTT kaping 48 ASEAN ing Mactan Expo, Cebu, Filipina,
Kemis-Jumuah 7-8 Mei 2026. (Foto: Antara)
Kahanan politik global kang ora bisa diramal, sethithik akeh mangaribawani marang ketahanan energi nasional. Samengko 25 persen impor lenga mentah Indonesia isih banget gumantung karo tinarbukane lalu lintas impor Selat Hormuz. Mula asile KTT Cebu kang dirumusake marang butir-butir rekomendhasi asesirah “Pernyataan Pemimpin ASEAN tentang Tanggapan terhadap Krisis Timur Tengah” nuduhake lamun Indonesia ora saderma retorika nanging kepengin tumindak nyata. Indonesia njurung amrih ASEAN Petroleum Security Agreement (APSA) sacepete diratifikasi lan dioperasionalisasi jrone forum KTT mau.
Indonesia nuntut supaya tahapan-tahapan tanggap dharurat APSA enggal diaktifake. Ing kono diatur menawa negara-negara anggota ASEAN wajib masok minyak bumi marang negara mitra kang lagi ngalami krisis energi 10 persen saka kebutuhan dhomestik normal paling suwe 30 dina. Mungguhe Indonesia, suntikan minyak bumi saka negara tangga, kaya dene Malaysia, Brunei lan Vietnam dadi ‘solusi pragmatis’ rikala jalur pasokan global isih keganggu dening perang. Prabowo kepengin ASEAN bisa menehi paedah nyata marang stabilitas dhomestik anggotane.
Babagan stabilitas pangan uga dadi kawigaten mirunggan. Indonesia ajak-ajak mikuwati cadhangan beras dharurat regional lumantar kolaborasi ASEAN+3 (negara-negara anggota ASEAN ditambah Jepang, Korea Selatan, lan Cina). Luwih-luwih kawasan ASEAN lagi ngadhepi ancaman ketiga dawa utawa asring diarani Godzilla El Nino kang doh blaine ngembet marang gagal panen.
“Tanpa pangan ora ana masyarakat, tanpa pangan ora ana kamardikan, tanpa pangan ora ana katentreman,” ngendikane Presiden Prabowo dikutip saka Badan Komunikasi (Bakom) Pemerintah RI, Jumuah, 8 Mei.
Presiden Prabowo nuturake sektor pertanian strategis kanggo nemtokake ketahanan pangan. Mula negara kudu tansah cawe-cawe ing babagan tetanen amrih prodhuksi pangan nasional bisa dibacutake kanthi konsisten. Indonesia, ngendikane Prabowo, sengaja ora masrahake kabeh babagan pertanian marang ‘mekanisme pasar.’ Tumrap Prabowo campur tangane pemerintah dibutuhake kanggo njaga stabilitas prodhuksi lan dhistribusi pangan, mligine satengahing sesaingan global kang sangsaya kompleks.
“Ketahanan pangan ana sambung rapete karo kepemimpinan sarta intervensine pemerintah. Indonesia ora percaya (karo asile) yen sektor pertanian dipasrahake sawutuhe marang swasta,” ngendikane Presiden Prabowo.
(Antara)


