Pemerintah Kota (Pemkot) Surabaya nyathet undhak-undhakan kunjungan wisata nganti 12,5 persen sajrone pelaksanaan Surabaya Vaganza 2026 sing dianakake dina Sabtu (16/5/2026) bengi. Ora mung nambah jumlah wisatawan, event tahunan kanggo ngrayakake Hari Jadi Kota Surabaya (HJKS) ka 733 kuwi uga ndhongkrak mundhake okupansi hotel nganti kurang luwih 4 persen.
Wali Kota Surabaya Eri Cahyadi ngandhakake yen mundhake kunjungan wisata ksb dadi tandha sektor pariwisata ing Kota Pahlawan terus obah lan menehi pengaruh langsung marang ekonomi daerah. “Iki nuduhake kunjungan wisata mundhak kira-kira 12,5 persen, dene tingkat okupansi hotel mundhak 4 persen,” ujare Wali Kota Eri Cahyadi ing dina Sabtu (16/5/2026) bengi.
Miturut Cak Eri, dhuwure antusiasme masyarakat marang Surabaya Vaganza mbuktekake yen event budaya lan pariwisata iki bisa dadi pendorong ekonomi kutha. Tekane wisatawan uga nduweni pengaruh marang ningkate kegiatan usaha masyarakat sasuwene ana acara kuwi. “Yen pariwisata kuwi mlaku, mula mubenge ekonomi uga mlaku, hotele akeh tamu, UMKM obah,” ujare.
Surabaya Vaganza 2026 dhewe dadi salah siji saka 125 program unggulan Karisma Event Nusantara (KEN) 2026 Kementerian Pariwisata RI. Taun iki, parade dikemas luwih spektakuler liwat konsep festival cahya sing nggabungake mobil hias kembang, pencahayaan artistik, kostum sing murup, nganti tontonan light show.

Wiwit sore, ewon warga lan wisatawan katon ngebaki kawasan pusat Kota Surabaya kanggo nyekseni parade kuwi. Warga katon ngebaki trotoar lan titik-titik strategis ing rute parade, wiwit saka wilayah Tugu Pahlawan nganti Monumen Bambu Runcing.
Ana 35 peserta melu ing parade kembang wengi kuwi. Puluhan peserta kendaraan hias kuwi asalé saka maneka komunitas, stakeholder, instansi pendidikan, nganti sawetara Perangkat Daerah (PD) ing lingkungan Pemkot Surabaya. Iring-iringan kendaraan hias mlaku saka Jalan Pahlawan, Jalan Tembaan, Jalan Tunjungan, Jalan Gubernur Suryo, nganti finish ing Jalan Panglima Sudirman utawa Monumen Bambu Runcing.
Wali Kota Eri nerangake, pelaksanaan Surabaya Vaganza ing wayah wengi mbedakake karo taun-taun sadurunge. Tema Festival of Lights: Garden of Hope sengaja diusung kanggo nguwatake daya tarik wisata sekaligus nuduhake suasana Surabaya sing kebak paseduluran.
“Iki nuduhake endahé suasana Kota Surabaya, endahé rasa kekeluargaan ing Kota Surabaya sing dituduhake dening warga Kota Surabaya,” ujare.

Kepara, Cak Eri njelasake yen tema taun iki uga diwujudake liwat dominasi pencahayaan artistik ing sawetara titik strategis rute parade. Iki menehi pengalaman visual anyar kanggo masyarakat lan wisatawan. “Mulane bengi iki festival nganggo lampu. Iki nuduhake bedane karo sing biyen-biyen,” tambahé.
Pak Eri nganggep mlebuné Surabaya Vaganza ing Karisma Event Nusantara 2026 uga dadi bukti yen sektor pariwisata Kota Pahlawan terus berkembang lan bisa narik kawigaten wisatawan saka maneka daerah. “Surabaya Vaganza lan Rujak Uleg mlebu ing Karisma Event Nusantara 2026. Matur nuwun warga Surabaya sing luar biasa. Iki nuduhake yen pariwisata ing Surabaya kuwi mlaku,” kandhane.
Miturut Walikota Eri, semangat pengunjung taun iki ana ing sanjabane panduga Pemkot Surabaya. Pak Eri ngaku ndeleng langsung akeh wisatawan teka saka maneka daerah kaya Jember, Probolinggo, Semarang, nganti saka njaba Pulau Jawa kanggo nyekseni parade kuwi. “Luar biasa, ngluwihi ekspektasi kita. Amarga aku ndeleng ana sing saka Jember, Probolinggo, Semarang lan ana sing saka njaba Jawa,” ujare.
Ora mung wisatawan domestik, sawenehing turis manca negara uga katon nyekseni meriahe Surabaya Vaganza 2026. Kahanan kuwi dianggep dadi sinyal positif yen event taunan Kota Surabaya saya misuwur lan nduweni daya tarik wisata internasional.
“Dudu wong Indonesia wae, jebulé akeh uga turis sing nyekseni Surabaya Vaganza iki, matur nuwun kabeh, warga Surabaya luar biasa,” ujare.

Kemenpar RI Apresiasi Surabaya Vaganza 2026, Pantes Dadi Event Kelas Donya
Asisten Deputi Event Daerah Kemenpar RI Reza Fahlevi menehi apresiasi gedhe marang pemerintah kota amarga inisiatife ngadani Surabaya Vaganza Festival of Lights 2026. Event iki dianggep sukses nekakake konsep kreatif sekaligus nguwatake daya tarik wisata Kota Pahlawan.
“Kita saka Kementerian Pariwisata sing kawitan pengin nelakake apresiasi sadhuwur-dhuwure marang Pemerintah Kota Surabaya amarga inisiasi kanggo nganakake event sing apik banget iki, yaiku Surabaya Vaganza Festival of Lights 2026,” ujare Reza.
Miturut dheweke, gelaran Surabaya Vaganza nuduhake keseriusan Pemkot Surabaya jroning majokake sektor pariwisata liwat event-event berkualitas sing bisa narik kawigaten masyarakat lan wisatawan saka maneka daerah.
“Iki wujud komitmen Pemerintah Kota Surabaya jroning majokake sektor pariwisata kanthi nganakake event-event sing berkualitas,” ujare.
Reza nerangake, kapilihé Surabaya Vaganza Festival of Lights ing Karisma Event Nusantara 2026 uga dadi tandha yen event kuwi wis ngliwati proses kurasi ketat lan dianggep dadi salah siji agenda paling apik ing Indonesia. “Kita pengin ngucapake selamat amarga Surabaya Vaganza 2026 Festival of Lights kapilih dadi Karisma Event Nusantara utawa KEN 2026,” ujare.
Dheweke njlentrehake, status minangka bagéan saka KEN dadi pangakuan yen Surabaya Vaganza nduweni kualitas penyelenggaraan sing mampu saingan karo maneka event unggulan daerah liya ing tingkat nasional. “Iki bukti yen event iki wis dikurasi saka event-event paling apik sing ana ing saindenging Indonesia,” tambahé.

Mula iku, Reza nghajab Surabaya Vaganza bisa berkembang dadi agenda unggulan utawa signature event Kota Pahlawan sing bisa narik wisatawan sekaligus nguwatake posisi Surabaya minangka kutha kreatif lan destinasi pariwisata. “Sing pungkasan, mesthi wae kita ngajab kabeh supaya event Surabaya Vaganza Festival of Lights iki bisa dadi signature event-e Kota Surabaya,” ujare Reza.
Dheweke nganggep event kaya Surabaya Vaganza nduweni potensi gedhe kanggo nguwati citra Kota Surabaya minangka kutha dinamis sing bisa nampilake daya tarik wisata mawa taraf internasional liwat konsep kreatif lan inovatif.
“Bisa dadi event sing mampu narik utawa nekakake wisatawan sing bisa ngangkat posisi Surabaya minangka kutha kreatif, kutha dinamis, lan uga dadi destinasi pariwisata unggulan kelas donya,” ujare.
Saliyane menehi dampak marang sektor pariwisata, Reza uga ngajab Surabaya Vaganza bisa njurung laire kreativitas lan inovasi masyarakat sekaligus aweh pengaruh positif marang kesejahteraan warga Kota Surabaya. “Muga-muga event iki bisa njurung kreativitas lan inovasi uga menehi dampak positif kanggo kesejahteraan masyarakat Kota Surabaya,” pungkasé. (ADV)



