
Newsletter Subscribe
Enter your email address below and subscribe to our newsletter


SAWIJINING makam kuna kang sacara tradhisional digathukake klawan bidan kang mbiyantu miyose Yesus lagi didhudhah maneh dening para arkeolog Israel. Makam iku dumunung ing pagunungan sakulonkidule Yerusalem, lan wis oleh kawigaten anyar saka Otoritas Kepurbakalaan Israel.
Kompleks guwa pemakaman Yahudi kang didekorasi kanthi ruwet iki asale saka abad pertama Masehi. Nanging, kompleks makam ksb digandheng gandhengake dening wong kono kanthi Salome, bidan kang ing injil dikandhakake mbiyantu miyose Yesus.
Salib lan prasasti ing basa Yunani lan Arab kang diukir ing temboke guwa sasuwene periode Bizantium lan Islam, nuduhake yen kapel iku dipisung sungake kanggo Salome.
Peziarah kang teka bakal nyewa lampu teplok, mlebu menjero guwa lan biasa ndedonga
“Sawise rampung, padha mbalekake lampu teplok mau. Kita nemokake puluhan lampu teplok, kanthi gambar-gambar tanduran lan kembang kang endah,” ujare Ziv Firer, Direktur Penggalian, nukil saka laman pbs lan metro, durung suwe iki (21/12/2022).
Guwa mau kawitan ditemokake lan didhudhuk puluhan taun kepungkur dening sawijining arkeolog Israel.
Kapel Bizantium dibangun ing situs ksb, kang mujudake papan ziarah lan pamujan suwene maabad-abad sawise. Pekarangan ngarepe kang jembar saiki lagi didhudhuk dening arkeolog kang beda minangka perangan saka proyek pengembangan jejak warisan ing wilayah kono.
***
Panulis: d/ist