
Newsletter Subscribe
Enter your email address below and subscribe to our newsletter


Ora sithik sing kandha yen suwene pageblug iki badane malih melar. Ya para ibu, utawa nom-noman estri. Ya sing makarya lan se kolah saka ngomah, uga sing pancen wiwit ndhisik ngemonah kula warga ing ngomah. Jalarane padha, amarga nalika ing ngomah wae, dadi suda obahe badan, ananging luwih kerep anggone memangan.
Ora sithik uga sing banjur padha kepengin diet amrih bobote badan suda, yen bisa ya bali kaya ndhisik. Ideal. Wah ya iku niyat kang becik. Lan sing baku, kudu katindakake kanthi pener, aja keladuk.
Wis lumrah, ngu piya diet kanggo nyuda bobote badan mono kanthi ngelongi asupan karbohidrat. Nyuda sega, kenthang, jagung, tela. Luwih trep yen uga nyuda lemak. Kaya ta kriyik-kriyikan (kripik utawa criping). Iki rak adate dadi nyamikan nalika leyeh-leyeh, lan sok uga dinggo samben nalika makarya. lan dikombinasi. Yen kepengin luwih seger, ya saurane mentahan wae, digawe jus.
Criping budin, gedhang, ken thang, bayem, jamur, ya pancen enak rasane. Sok sok njalari ora bisa leren anggone ngemil. Ananging panganan iku dhuwur kalorine. Ya karbohidrate, ya lemake. Apamaneh yen kripik usus lan kripik paru. Imbuh maneh lemake, uga kolesterole.
Salah sijine diet kang lumrah yaiku ngakeh-akehi konsumsi sayuran lan woh-wohan. Iku kanggo ganjel, jalaran karbohidrat lan le make disuda mau. Sawernaning sayuran lan woh-wohan bisa dipilih
Woh-wohan, ana buah naga. Vitamin C ing woh naga klebu dhuwur. Kejaba nggancarake pencernaan, iku uga mujudake antioksidan, gedhe mupangate kanggo ngundhakke imun. Dene vitamin liyane, B2 lan B1 pigunane kanggo ngundhakake metabolisme lan mulihake nafsu dhahar. Sing piguna kanggo nyuda kolesterol yaiku kandhutan vita min B3. Fosfor lan kalsium, khasiyate kanggo nguwatake balung lan jaringan untu. Kandhu-tan serate uga bisa mbiyantu nglancarake pencernaan, saengga bisa nyuda kandhutan lemak.
Woh liyane ana pelem, blimbing, wortel, jeruk, jambu, alpukat, apel, Isp. Ananging sing perlu digatekake, yen woh-wohan wis digawe jus, prayogane enggal diunjuk. Jalaran yen ora enggal diombe, wis kesuwen kena hawa, gizine ora jangkep maneh.
Lha yen jus kombinasi utawa campuran antarane woh-wohan lan sayuran, becike nggolek informasi dhisik kanthi luwih tliti. Sing umum wae, yaiku jinis sayuran sing pas kanggo digawe jus, utawa sing kudune dimangsak.
Kaya sing saiki isih rame lan digandrungi, yaiku jus kale. Kale mono s sejatine isih nak sanak karo kobis/ kol. Wernane sing ijo tuwa. pancen banjur ndemenak-ake yen digawe inuman. Ananging sejatine, kale luwih prayoga yen dimangsak, ora dirahabi mentah. Jalaran kanthi dimangsak, dinding sel ing sayuran iki kapecah saengga luwih gampang kanggone pencernaan. Yen kepengin konsumsi sayuran kanggo diet, amrih langsing, rak ya kudune milih wujud panganan sing cepet diolah pencernaan ta?
Ana conto saka tulisane Wied Harry Aprijadi, kombinasi kanggo jus. Kaya ta KKN (kol, kembang kol, nanas), jus PNS (pepaya “kates”, nanas, stroberi), lan jus PD AJ (pisang “gedhang”, dhong sledri, anggur, jambu kluthuk). Mangga dicoba!
***
Panulis: Lie