Gule. Lawuh siji iki mesthi akeh pandhemene. Yen cumawis ing ngarep netra, bakale langsung njalari luwe.
Ananging, saperangan uwong ana sing nyiriki gule. Sing dadi punjering perkara yaiku bab isen-isen olahane: daging sapi utawa wedhus. Jalaran, lelorone bisa ngundhakake kolesterol.
Sejatine, ora ngrahabi daginge, nyruput kuwahe wae, wis nglawuhi. Yen kepengin enak tur tetep wareg, coba nggawe gule tanpa daging. Kaya sing kapacak ing kalodhangan iki. Ana gule godhong pohung, gule pakis, lan gule gori. Tetelune resep saka juru mangsak kondhang, Sisca Soewitomo.
foto saka hellosehat.com
GULE GODHONG POHUNG
Bahan:
Pucuk godhong pohung 250 gram
Santen 400 ml (saka klapa siji)
Godhong salam 2 lembar, diremet
Laos 2 nyari, geprek
Ebi/ urang garing 2 sendhok
Lenga kanggo nggangsa 2 sendhok
Teri goreng sacukupe
Bumbu, diuleg alus:
Lombok abang gedhe 5 iji
Brambang 6 siyung
Bawang 5 siyung
Jae sakros
Uyah sasendhok teh.
Carane mangsak:
Godhong pohung digodhog nganti empuk. Angkat, peres, dirajang.
Panasake lenga, gangsa bumbu alus lan salam, laos, uga ebi.
Sawise sedhep gandane, santen dicurake. Mangsak nganti umob. Aja mandheg olehe ngudhak amrih santen ora pecah.
Cemplungake godhogan godhong pohung, udhak, lan mangsak nganti bumbu rumesep (kuwah suda).
Angkat, wur-wuri nganggo teri goreng.
GULE PAKIS
Bahan:
Godhong pakis 250 gram, pethiki
Godhong salam 2 lembar
Laos 2 cm, geprek
Ebi/ urang garing 2 sendhok, dikum banyu sedhela banjur ditus
Santen 500 ml (saka klapa 1)
Lenga goreng kanggo nggangsa 2 sendhok
Bumbu, diuleg alus:
Lombok abang gedhe 5 iji
Brambang 5 siyung
Bawang 3 siyung
Kunir 2 cm, bakar sedhela
Mrica sasendhok teh
Uyah sasendhok teh
Carane mangsak:
Panasake lenga, gangsa bumbu alus, tambahi godhong salam lan laos.
Banjur imbuhi santen lan ebi, mangsak nganti umob.
Cemplungake pakis, mangsak nganti kuwah susut lan katon nglenga.
Angkat, sugatake nalika anget.
GULE GORI/THEWEL
Bahan:
Gori/ thewel 350 gram, iris-iris, godhog nganti empuk
Kacang lanjaran 8 lanjar, pethiki
Kobis 3 lembar, iris ukuran sedheng
Banyu asem 2 sendhok
Santen seliter (saka klapa 1)
Santen kenthel 500 ml (saka klapa 1)
Godhong salam 2 lembar
Laos 2 cm, geprek
Godhong jeruk 3 lembar
Bumbu, diuleg alus:
Lombok abang gedhe 6 iji
Brambang 8 siyung
Bawang 5 siyung
Uyah sasendhok teh
Mrica bubuk 1/2 sendhok teh
Gula pasir sasendhok teh
Carane mangsak:
Panasake lenga, gangsa bumbu alus, imbuhake godhong salam, laos, godhong jeruk