75 Bocah Surabaya Resmi Oleh Penetapan Perwalian, Hak Pendidikan nganti Kesehatane Kejamin

Ana 75 bocah ing Kutha Surabaya sing resmi duwé kepastian hukum babagan status perwaliyané liwat Program Pangangkatan Perwalian Anak Serentak lan Terintegrasi. Program sing digagas Kejaksaan Tinggi (Kejati) Jawa Timur kuwi kaleksanan amarga kolaborasi antarane Kejaksaan Negeri, Pengadilan Tinggi, Pengadilan Tinggi Agama, lan Pemerintah Kutha (Pemkot) Surabaya.

Program iki tujuane aweh pangayoman hukum marang bocah yatim piatu, bocah kapiran, nganti bocah sing dadi korban kekerasan rumah tangga (KDRT). Kanthi anane penetapan perwalian, hak-hak dasare bocah, wiwit saka administrasi kependudukan, pendidikan, layanan kesehatan, nganti perlindungan sosial, saikine nduwéni landasan hukum sing cetha.

Salinan penetapan perwalian kanthi simbolis diserahaké Wakil Kepala Kejati Jawa Timur Luhur Istighfar marang Wali Kotaa Surabaya Eri Cahyadi jroning sawijining acara ing Convention Hall Arief Rahman Hakim, Surabaya, Kemis (16/7/2026).

Ing kalodhangan kuwi, Wali kota Eri Cahyadi ngaturake panuwun lan ngapresiasi kolaborasi lintas instansi sing ndhukung kaleksanane program perwalian. Miturut Pak Eri, legalitas perwalian dadi pondasi wigati kanggo njamin hak-hake bocah.

“Kita makili kabeh warga kota Surabaya ngucapaké matur nuwun, saengga saiki ana perwalian lan hak-hake bocah bisa dijaga. Hak gegandhengan pendidikane, hak babagan kesehatan, hak babagan apa wae,” ujare Wali Kota Eri.

Pak Eri nerangaké, saka total 75 bocah kuwi, ana 39 bocah diusulake liwat Kejaksaan Negeri Surabaya lan 36 bocah liwat Kejaksaan Negeri Tanjung Perak. “Ana sing saka yayasan, ana sing saka perorangan. Ing Surabaya ana 75 (bocah). 39 saka Kejaksaan Negeri Surabaya, lan 36 saka Kejaksaan Negeri Perak,” jelasé.

Luwih jlentreh, Wali Kota Eri nerangaké yèn Pemkot Surabaya liwat Dinas Sosial nindakake validasi data kanthi ketat ing proses pengajuan program perwalian. Pihaké ngutamakake bocah sing lair lan manggon ing Surabaya minangka  panampa program. “Yèn saka yayasan sing njupuk (bocah) saka njaba (Surabaya) kanggo perwalian ing Surabaya ora kita tindakake. Dadi sauntara iki kita nindakaké sing pancen asil (validasi data) sing ana ing Surabaya,” kandhané.

Wali Kota nandhesake yèn perlindungan marang hake bocah kudu dadi prioritas, wiwit saka akses pendidikan, layanan kesehatan, nganti hak sipil liyane. Miturut Cak Eri, bocah iku aset penting kanggo masa depan bangsa. “Kita njaga hake bocah, kepiye bocah iki duwé hak pendidikan, hak kesehatan lan hak-hak liyane,” tandhese.

Mula kuwi, Wali Kota Eri uga meling marang para wali asuh supaya ngramut lan nresnani bocah-bocah kuwi kayadene anake dhéwé. “Aku titip putra-putri sing dina iki dititipaké marang njenengan minangka wong tuwa. Tulung ditresnani bocah-bocah kuwi kaya nresnani anake dhewe” pesené.

Dene marang bocah-bocah sing nampa perwalian, Wali Kota Eri ngelikake pentinge ngajeni wong tuwa minangka sangu nggayuh kasuksesan. “Ajenana wong tuwamu. Yèn pengin sukses lan dadi wong gedhé, elinga yèn ridha Allah ana ing ridhane wong tuwa,” welinge Pak Eri.

Wali Kota Eri uga nelakake panuwun marang Kejati Jawa Timur, Pengadilan Tinggi, lan Pengadilan Tinggi Agama atas sinergine sing dianggep nyepetake perlindungan hukum marang bocah. “Saengga nalika ana kolaborasi antarane Kejaksaan Tinggi Jawa Timur karo Pengadilan Tinggi Negeri Surabaya lan Pengadilan Tinggi Agama Surabaya, iki luar biasa banget kanggo bocah-bocah,” ujare.

Salah sijine wali asuh saka Yayasan Sumber Kasih Surabaya, Rahajeng Kurnianing Tias, ngaku kebantu banget kanthi anane program perwalian iki. Kanthi penetapan ksb, saiki dhèwèké resmi dadi wali kanggo bocah papat umur 2 nganti 7 taun.

“Matur nuwun marang kabeh wae, marang Kejati Jatim, Pak Wali Kota. Iki (kita) kebantu banget, anané program perwalian iki banget-banget mbiyantu. Amarga kanggo (legalitas) identitas bocah-bocah, bisa sekolah,” ujare Rahajeng.

Miturut Rahajeng, sasuwene iki ngurus dokumen keperdataan, klebu akta laire bocah terlantar, dadi tantangan kanggone panti asuhan. “Kanthi anané (program perwalian) iki aku minangka (wakil) Panti Sumber Kasih lan uga panti-panti liyane ing Jawa Timur, Surabaya, banget dibantu,” tambahé.

Ing wektu sing padha, Wakil Kepala Kejati Jawa Timur, Luhur Istighfar, ngandhakake yèn program kuwi lahir saka prihatiné marang akèhe bocah kapiran, bocah yatim piatu, lan korban KDRT sing durung jelas status hukum perwaliyané.

“Mula, supaya bisa oleh hak-haké, apa kuwi hak-hak uripe, pendidikan, utawa liyané perlu ditindakaké administrasi hukum kanthi bener lan becik,” ujare Luhur.

Miturut Luhur, Kejati Jatim kerja bareng karo Dinas Sosial jroning ndata bocah, banjur ngajak Pengadilan Tinggi lan Pengadilan Tinggi Agama kanggo nerbitaké penetapan perwalian. “Saengga padha duwé landasan hukum yèn wali iki wis duwé hak lan kewajiban marang bocah,” jelasé.

Luhur ngandhakake yèn ana 447 bocah ing Jawa Timur sing oleh penetapan perwalian sacara serentak. Program iki dikandhakake sing sepisanan dianakake ing Indonesia, lan Surabaya dadi pusat pelaksanaane. “Dadi serentak, lan iki pancen sing pisanan ditindakake ing Indonesia. Ing Jawa Timur dianakake sacara serentak kanthi jumlah 447 bocah lan banjur ing Surabaya iki pancen dadi pusaté,” kandhane.

Luhur nerangaké maneh yèn penetapan perwalian diwiwiti kanthi proses verifikasi adhedhasar data saka pemerintah daerah. Kuwi uga ana gandhèngané karo pembiayaan proses persidangan sing difasilitasi pemerintah daerah. “Contoné, apa pancen bener dadi warga Surabaya, saengga bisa oleh perwalian saka Surabaya. Amarga ragad nalika persidangan iku difasilitasi dening pemerintah daerah,” ujare.

Miturut dhèwèké, penetapan pengadilan iki aweh kepastian hukum marang wali kanggo nindakake hak lan kewajibané marang bocah. “Diajab kabeh padha duwé wali, oleh hak-haké. Dadi, wis kaya duwé anak sing wis oleh hak-haké. Lan wali uga duwé kewajiban-kewajiban kanggo ndidik anake,” tandhese.

Sauntara kuwi, Ketua Pengadilan Agama (PA) Surabaya Mufi Ahmad Baihaqi nerangaké yèn perwalian iku aweh wewenang hukum marang wali kanggo makili bocah sing durung diwasa ing maneka tindakan hukum. “Perwalian  hakekaté iku aweh hak asuh marang bocah-bocah sing durung diwasa kanggo nindakake hukum ing njero utawa njaba persidangan,” ujare Mufi.

Mufi uga nuturake yèn penetapan perwalian ora mung aweh kepastian hukum, nanging uga njamin perlindungane bocah saka maneka risiko, klebu perundungan lan kekerasan.

“Nah, sabanjure bocah kuwi bakal kejamin saka perkara-perkara negatif. Contoné perundungan, KDRT, lan sapituruté. Lan nguntapake bocah-bocah mau dadi bocah sing migunani kanggo negara ing tembé,” pungkasé. (ADV)

Bagikan artikel ini
Donny Tunggul
Donny Tunggul
Articles: 49

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *