Rong kubu sing lelawanan ing Kraton Surakarta regejegan sangareping Menteri Kebudayaan Fadli Zon. Pasulayan babak kapindho sing ngambra-ambra dadi lapuran pulisi lan gugatan

(Foto-foto: Antara/Mohammad Ayudha).
Jroning tayangan vidheo kang sumebar ana media sosial, katon Gusti Kanjeng Ratu (GKR) Timoer Rumbay Dewayani mampang-mampang ana pekarangan Kraton Kasunanan Surakarta, sangareping pager wesi werna biru, Ahad, 18 Januari 2026. Putri pambayun swargi Pakubuwono XIII iku nedya ngangseg mlebu manjero. Nanging kekarepane GKR Timoer mau dipambengi dening ingkang bibi, GKR Wandansari Koes Moertiyah (Gusti Moeng).
Kober dumadi padu eker-ekeran antarane bibi lan keponakan iku. Wola-wali Gusti Moeng ngadhang nganggo badane nalika GKR Timoer arep maju. Gusti Timoer mingsed ngiwa, diadhang ngiwa, mengkono kosok baline. Regejegan iku kaslomot dening Lembaga Dewan Adat (LDA) Kraton Surakarta kang dipimpin Gusti Moeng mbukak kori akses tumuju Ndalem Wiworokenjo, lokasi sing bakal dirawuhi Menteri Kebudayaan Fadli Zon. Gusti Timoer sing ora sarujuk karo kegiyatane kementerian mau, mbudidaya mepalangi rombongane Gusti Moeng sing teka dhedhampyakan mlebu kraton.
Gusti Moeng, sing uga Pangageng Sasana Wilapa, banjur ngawe pangombyong sing pacak baris ana samburine supaya nyegah sedyane Timoer Rumbay. Sauntara kuwi pendhereke Timoer uga patrap siyaga. Rahayune pulisi sing disamaptakake kanggo ngawekani dredah, enggal-enggal nyapih pasulayan.
“Drama” iku kedadeyan mbarengi rawuhe Menteri Fadli Zon saperlu masrahake Surat Keputusan Menteri Kebudayaan tentang Pemanfaatan Cagar Budaya Keraton Surakarta. SK Nomer 26 Taun 2026 iku bakal ditampakake marang Mahamentri Gusti Panembahan Agung Tedjowulan, rayi dalem swargi Pakubuwono XIII. Fadli Zon mawas, ing satengahe pasulayan “raja kembar” antarane Pakubuwono XIV Puruboyo lan Pakubuwono XIV Mangkubumi sing durung ana karampungane, Tedjowulan dianggep figur senior kang netral. Sacara hubungan kekerabatan, Tedjowulan kapernah bapa pamane Puruboyo lan Mangkubumi.
Ewasemono keputusane Fadli Zon mau diprotes dening Gusti Timoer, panyengkuyung utamane Puruboyo. Gusti Timoer nyengguh Fadli Zon ora tau ngajak ngomong kubu Puruboyo. Panjenengane uga ndumuk, ing pradondi “raja kembar”, Tedjowulan ora netral jalaran luwih condhong marang Mangkubumi.
Rame-rame ing njaba antarane Gusti Timoer klawan Gusti Moeng mau dibacutake ana Sasana Parasdya. Prosesi penyerahan SK sing ora dirawuhi kubune Puruboyo mau ribut merga Gusti Timoer lan pendhereke mbarung sinang mlebu pendhapa tanpa cecala sadurunge. Gusti Timoer nganthi GKR Pakubuwono, warandhane Pakubuwono XIII, lenggah ana dheretan ngarep.
Nalika Fadli Zon meneri sesorah ing podhium, pendhereke Puruboyo ngedum fotokopian sing isine kabotan yen Tedjowulan kang ditugasi ngemonah Kraton Surakarta. Tamu undangan sing maune katrem nyemak pidhatone Fadli, ongkrep nanggepi isine fotokopian. Swasana wimbuh panas bareng Fadli mudhun saka mimbar. Sedyane Fadli masrahake SK marang Tedjowulan kandheg merga Gusti Timoer munggah podhium banjur pidhato.
Parepatan wimbuh kosek. Para undangan sarta abdi dalem bengok-bengok akon Gusti Timoer mudhun merga dianggep ngganggu lumakune acara. Ing saselane swasana kosek, Gusti Ratu Pakubuwono katon bawa rasa karo Fadli Zon. Kanggo nyirep kahanan, acara dipungkasi kanthi donga penutup. Fadli wurung masrahake SK marang Tedjowulan ing Sasana Parasdya. Fadli banjur mertinjo lingkungan kraton diampingi dening Gusti Moeng lan pendhereke. Gusti Moeng dikenal minangka pangombyonge Pakubuwono XIV Mangkubumi.
Sasuwene tindak-tindak kliling niti priksa kahanan lingkungan kraton, pasuryane Fadli Zon kawistara prihatin. Panjenengane nyumurupi sawatara wewangunan sing tembok-temboke kusem, thethel, sarta nglumut kepangan umur. Ana uga bageyan bangunan kraton sing njembrung. Sawise muteri kraton, Fadli nemenake menawa ana bageyan-bageyan wewangunan sing butuh sacepete direnovasi. Salah sijine kompleks Keputren.
Sawise niti priksa lingkungan kraton, Fadli nuli masrahake SK marang Tedjowulan ana Sasana Handrawina. SK mau netepake Tedjowulan minangka Pelaksana, Perlindungan Pengembangan dan/atau Pemanfaatan Karaton Surakarta Hadiningrat sebagai Cagar Budaya Tingkat Nasional. Tedjowulan uga sinampiran ayahan nengahi rong kubu ing kraton sing cecongkrahan. “Pangleksana pimpinan kraton dinane iki diasta Panembahan Agung Tedjowulan, supaya yen ana hibah anggaran saka pamarentah, sing nampani cetha,” tuture Fadli Zon kang dideleng Panjebar Semangat saka tayangan YouTube.
Fadli Zon kandha, satemene SK iku wis dipasrahake Tedjowulan ana Jakarta kawit sawatara dina sadurunge. Saengga pasrahan ing Kraton Surakarta iku sipate amung formalitas. Fadli mbantah ora ngajak omong kubune Puruboyo ing babagan iki. Upaya ngajak rembugan wis bola-bali dileksanani, klebu ngundang pihak-pihak sing lagi sesatron menyang Jakarta. “Nanging kubu kasebut ora tau teka,” kandhane Fadli.
Lapur Pulisi
Suprandene rame-rame prekara pasrahe SK kuwi ora mandheg tekan semono. Ana kahanan sing mbarung sinang nalika kuasa hukum Tim Keamanan Pakubuwono IV Puruboyo, Ardi Sasongko, nglapurake putune Pakubuwono XIII kanthi inisial Bandara Raden Mas (BRM) S menyang Kepolisian Resor Kota Surakarta jalaran disengguh milara anggota tim keamanan kanthi inisial RP (23 taun).

(Foto: Antara/Mohammad Ayudha).
Miturut Ardi pangroyokan iku kedadeyan ana Bangsal Siaga Pulisen, Ndalem Ageng Kraton Surakarta, Ahad, 18 Januari, watara jam 10.20. Nalika kuwi tim keamanan lagi jaga sadurunge rombonganing Menteri Fadli Zon teka. “Ujug-ujug kahanan usreg, kabeh padha dene jlongkrok-jlongkrokan karo ngetokake tembung-tembung kasar. Salah sijine penjaga dikasari,” ujare Ardi dikutip saka tempo.co.
Wakasat Reskrim Polresta Surakarta AKP Sudarmianto mbenerake ana lapuran mlebu gegayutan karo “kekerasan” sing nemahi anggota tim keamanan njero. Penyidik, ujare Sudarmianto, isih nyinaoni lapuran kuwi. Jroning wektu sing ora suwe maneh, pulisi ngundang pihak sing nglapurake lan sing dilapurake saperlu dijaluki katrangan.
Ketua Eksekutif LDA Kanjeng Pangeran Harya Eddy Wirabumi ngandharake bakal nakoni BRM S ngenani bener orane kedadeyan iku. Saupama bener, larah-larahe kepriye. Miturut Eddy, tekane LDA menyang kraton mbarengi tekane Fadli Zon mujudake bageyan saka ayahan negara ing kawasan Cagar Budaya Nasional.
Ing sisih liya, kubune Puruboyo siap-siap nggugat Fadli Zon jalaran proses panerbitane SK dianggep ora transparan. Sebab, Puruboyo lan pangombyonge ora tau diajak omong. Panetepane Tedjowulan minangka pangleksanane pimpinan kraton sarta Pelaksana, Perlindungan Pengembangan dan/atau Pemanfaatan Karaton Surakarta Hadiningrat kadidene Cagar Budaya Tingkat Nasional iya kaangep ora sah.
Alesane, jabatan mahamentri kang dienggo landhesan pamarentah aweh katetepan, otomatis kedauluwarsa. Sebab jabatan iku atas pikukuhe Pakubuwono XIII, kamangka panjenengane wis tinggal donya. Semono uga jabatan Pengageng Sasana Wilapa tumrap Gusti Moeng uga wis kedaluwarasa. “Sacara ukum lan paugeran kraton, jabatan Gusti Tedjowulan lan Gusti Moeng wis paripurna sairing karo sedane Sinuwun Pakubowono XIII,” ucape pengacarane Puruboyo, Billy Suryowibowo.
Billy uga protes dene Gusti Puruboyo lan Timoer Rumbai minangka tuan rumah ora diwenehi ngerti yen bakal ana seremonial ing kraton. Mangka sanjerone pura wis ana rajane (Puruboyo) lan garwa prameswari. Uga sawatara keturunane Pakubuwono XII lan XIII isih mapan ana njero kraton. “Geneya ora kulanuwun? Iki acarane kementerian lo, kena ngapa pihak kraton ora dikabari?” ujare Billy.
Panulis: Kukuh Setyo Wibowo



