
Malaysia Wurung ndue PM Anyar
Share your love

Anwar Ibrahim
Nggelar pilihan ananging durung ana sing kasil menang, Malaysia wurung nduwe perdhana menteri anyar. Ananging PM petahana, Ismail Sabri Yaakob, nandhesake yen Malaysia tetep nduwe pamarentahan. Pamarentahan kang dikarepake Ismail, sipate sawetara. Alias caretaker government. Mula, Ismail kandha, rakyat ora perlu kuwatir. “Aja kliru panganggep, dikira ora nduwe pamarentah,” ujare.
Kejaba pamarentah, semono uga kabinet utawa para menterine, tetep ngayahi wajibe. “Kejaba sing wingi melu pilihan. Ora kena njabat maneh jalaran wis dudu anggota parlemen,” imbuhe Ismail. Mengkone Malaysia bakale nggelar pilihan balen, amrih bisa enggal nduwe pamarentahan anyar. Dene yen durung bisa enggal maujud, parleman bakale nggelar rapat. Kang dirembug, salah sijine bab gajine para pegawe negeri nganti suk 31 Desember.
Ing pangangkah, aja nganti para pegawe negeri iku kuwatir marang nasibe. Miturut konstitusi Malaysia, kanggo mbentuk kabinet, partai utawa koalisi kudu entuk swara 112 saka gunggunge kursi parlemen 222. Swara 112 karan mayoritas, nduweni hak kanggo ngusulake calon perdhana menteri marang raja. Ing pemilu kang kagelar Minggu (20/11) wingi, partai lan koalisi ora ana siji-sijia kang kasil dadi mayoritas.
Pakatan Harapan, koalisi kang dipandhegani Anwar Ibrahim, ngimpun swara paling akeh. Ananging ya mung 82 swara, durung cukup kanggo ngusulake calon PM. Semono uga para panyengkuyunge Muhyiddin Yassin, Perikatan Nasional (PN), mung nggayuh 73. Kamangka sadurunge pilihan, Muhyiddin kandha yen disengkuyung kubu pulitik saka Sabah lan Sarawak. Malah, wis kober ndhaku yen menang pilihan. Ananging kasu-nyatane, sanadyan ta diimbuhi panyengkuyung saka Sabah lan Sarawak, entuke lagi 101. Ya kanggo nengahi swasana sarwa durung cetha iku, Raja Al-Sultan Abdullah mutusi aweh wewates wektu marang lelorone pihak. Yaiku amrih bisa mbentuk mayoritas lan ngusulake jeneng calon PM dina Senen. Durung kasil, wektune diulur maneh nganti Rebo.
Meksa isih durung ana kang nggayuh mayoritas, Raja Al-Sultan nyeluk Anwar lan Muhyiddin amrih mara menyang istana negara. Ing sapatemon iku, raja usul amrih lelorone pihak mbentuk pamarentahan bareng. Ananging, Muhyiddin ora sarujuk. Raja Al-Sultan banjur nandhesake amrih lelorone bisa nyawiji, kabeh partai memitran kareben bisa mbangun pamarentahan kang kuwat.
Penulis: Lie















