
Newsletter Subscribe
Enter your email address below and subscribe to our newsletter


Saka maneka tetanduran, akeh banget kang bisa dadi bahan pangan. Ana kang kudu dimangsak dhisik, nanging ana uga kang cukup dirahani ngono bae. Istilahe, lalapan. Salah sijine yaiku kemangi.
Godhong kemangi kang nduweni ganda khas iki kerep disuguhake bebarengan karo lalapan liyane. Adate kobis, timun, lan kacang lanjaran. Nanging godhong iki uga bisa dicemplungake ing mangsakan. Kaya ta ing Sumatra, ana mangsakan pindhang kang nggunakake maneka bumbu lan diimbuhi kemangi.
Direktur Akademi Gizi Surabaya, Andriyanto, negesake menawa kemangi ora mung seger gandane nanging uga akeh kasiate. “Bisa dadi srana ngatasi masalah pencernaan, radang lambung, infeksi usus, uga mriang lan sirah ngelu,” jlentrehe.
Kasiyat liyane ora kalah nggumunake. Kanggone pawestri, kemangi becik mupangate marang kasuburan (reproduksi). Yaiku bisa nggrengsengake matenge sel telur utawa ovulasi. Amarga, kemangi ngandhut zat stigmaasterol. “Malah ana panaliten kang mgandhakake yen kemangi bisa ngrerendhet menopouse, jalaran ngandhut zat triptofan,” kandhane Andriyanto.
Para priya ora perlu meri, amarga kemangi uga ngandhut zat kang becik kanggone kasarasan srana vital. Yaiku zat arginin kang bisa njalari sperma luwih dawa umure. Mula, bisa nyegah kemandulan. “Zat Eugenol lan Apigenin fenkhona uga bisa nyengkuyung tenaga priya nalika arep saresmi,” Andriyanto nambahake.
Kejaba kasiyat iku mau, sing paling prasaja, kemangi uga migunani amarga gandane. Seger getir-e kang khas bisa ngelongi abab kang mambu lan gandane awak. Carane gampang, yaiku sregep lalap kemangi saben dina. Bisa uga digawe omben-omben, kanthi diwenehi banyu wedang sethithik banjur diperes dijupuk sarine.
Andriyanto banjur ngandharake kandhutan gizi miturut Daftar Komposisi Bahan Makanan Direktorat Gizi Kementrian Kesehatan RI. Yaiku, saben 100 gram godhong kemangi ngandhut: vitamin A 5000 SI, mineral 45-75 mg, kalsium, lan fosfor.
Kanggone para ibu, yen kepengin ngolah kemangi, bisa njajal mangsak pindhang iwak patin. Bahan-bahane lan carane mangsak kaya mangkene:
Bumbu sing diuleg:
Carane nggawe: