
Mawas Sedhela Sadurunge Mangkat
Share your love

Para maos..
Sadurunge kita mlangkahake sikil arep lelungan, apa kuwi lunga menyang papan pegaweyan, sekolah, kuliah, blanja, shoping, menyang pasar, silaturahmi menyang kerabat, tilik wong tuwa ing desa utawa menyang ngendi wae mlangkah, becike kita mawas dhisik sedhela sadurunge mangkat.
Mawas bab apa ?
Mawas bab dhiri kita, bab ajal kita sarta bab sangu kita kanggo akherat. Sebab Rasulullah shallallaahu alaihi wa sallam paring dhawuh,
إذا أراد الله قبض عبد بأض جعل له إليها حاجة
idzaa aroodallohu qobdzo ‘abdin bi-ardzin, ja’ala lahu ilaihaa haajatan
“Yen Allah ngersakake njabut nyawane sawijining hamba ing sawijining panggonan, mula Allah ndadekake hamba iku nduweni keperluan ing papan kasebut.”
(HR. Al-Hakim lan Bukhori jroning adab al mufrad, dishahihake dening Al-Albani)
Apa manfaate saka mawas iki? Manfaate akeh banget, ing antara yakuwi:
- Amarga kita ora mangerteni ngenani apa kang bakal kedadeyan ing lelungan kita mengko, mula kuwi sempat na maca istighfar (nyuwun ampun marang Allah), dzikir lan yen perlu infaq, luwih-luwih maneh nyepakake fulus (dhuwit) kanggo amal jariyah.
- Amarga kita ora mangerteni, bisa wae Allah bakal njabut nyawa kita ing papan kang kita tuju.
- Kita uga ora mangerteni, yen sapatemon klawan keluarga lan lelungan kita mujudake sapatemon pungkasan karo keluarga. Lan sapanunggalane.
Para maos…
Bisa wae sedulur-sedulur kita kang numpak pesawat SRIWIJAYA AIR SJ-182 kang dadi kurban kacilakan, padha duwe pikiran kaya kita dinane iki, yakuwi padha mikir bakal urip sesuk esuk lan bisa ketemu maneh karo keluarga kang kita tresnani. Ananging, pati ora tau bisa dibadhe lan tekane uga tanpa misscall, tanpa WA utawa ngabari luwih dhisik. Kepara tekane pati kerep kanthi ujug-ujug.
Allah paring firman:
وَجَاءَتْ سَكْرَةُ الْمَوْتِ بِالْحَقِّ ذَلِكَ مَا كُنْتَ مِنْهُ تَحِيدُ
“Lan teka sakaratul maut kanthi satemen-temene. Kuwi perkara kang kowe tansah mlayu saka dheweke”. (QS. Qaf: 19)
Para maos…
Sadurunge kita lelungan, arasen dhisik sisihanmu, anakmu, lan ucapna marang dheweke “Abi tindak sik ya… Anak shalih/hah baarokallohu fiik”.
Yen perlu aweh pesen marang sisihan kita, “Umi tulung…ing meja Abi ana dhuwit 100.000 (utawa Rp……) mengko tulung wenehna menyang panitia kang lagi renovasi mesjid ya?” (upamane).
Sawise mawas ngenani bab ksb kita lagi mangkat lan aja lali ucapna “bismillahi tawakkaltu ‘alallohi laa haula wa laa quwwata illa billah”.
(Kanthi asmane Allah, aku tawakal marang Allah, ora ana daya lan kekuatan kejaba kanthi pitulungan-Ne). Sabanjure maca donga numpak kendaraan yen pancen numpak kendaraan, apa kuwi sepedhah, motor, mobil, lan sapiturute….
Insyaallah kanthi mawas sedhela kaya ing ndhuwur, paling ora ana sawenehing amalan becik kang wis kita tindakake; sayang marang keluarga, aweh weling marang keluarga, ngajab bakal ketemu maneh, lan pasrah sarta tawakal marang Allah.
Para maos…
Menyang ngendi wae kita lelungan lan ing ngendi wae kita mapan tetep aja lali jaga iman lan takwa. Saupama Allah nimbali kita lan ajal kita wis tekan titi wancini, muga-muga kita jroning kondisi husnul khatimah. Lan tilar donya jroning kahanan husnul khatimah kuwi mujudake pangarep-arep tumrap saben insan. Mula kuwi, tetepa eling marang sabdane Nabi shalallahu ‘alaihi wa sallam,
اتَّقِ اللَّهَ حَيْثُمَا كُنْتَ
ittaqillaha haitsuma kunta.. (Sing tansah takwa marang Allah ing ngendi wae kowe ana…) (ist)
Wallahu a’lam
***
Panulis: Ki Jenggot















