Kaistimewaan Shalat kang durung akeh dingerteni Wong

Shalat mujudake salah sawijining kuwajiban tumrape umat Islam. Kepara shalat mujudake pambeda antaranewong muslim lan kafir.

Nanging, pranyata shalat nduweni kaistimewaan kang durung akeh dimangerteni wong, yaiku minangka sarana ngresiki dosa. Ing ngisor iki kita beberake dhahsyate saben gerakan jroning nindakake shalat ksb, muga-muga saya nambahi khusuke ibadah kita.

Lan penjelasan gegandhengan shalat minangka sarana ngresiki dosa iki disebutakeing maneka hadits Rasulullah Shalallahu Alaihi Wassalam.

Nukil saka Kitab al-Majalis al-Saniyah kang mujudake Kitab Syarah saka Hadits Arbain Nawawi karangan Syaikh Ahmad bin Syaikh Hijaz Alfasyani, dijelasake gegandhengan klawan shalat minangka sarana ngresiki dosa iki.

Diriwayatake saka Sayidinaa abdillah ibn umar ra kang ngandhakake: aku krungu rasulullah shalallahu alaihi wassalam paring dhawuh:

“Satemene nalika sawijining wong mukmin ngadeg nindakake salat dikantheni takbir “ALLAHU AKBAR” mula dheweke uwal saka dosa-dosane kayadene nalika dilairake ibune. Nalika ngucap “Ta’awwudz” mula ditulisake marang dheweke kabecikan kang gunggunge akeh banget kayadene akehe wulu-wulu kang ana ing awake. Nalika dheweke maca surat al fatihah, mula kaya-kaya dheweke wis nindakake ibadah kaji lan umroh.

Nalika dheweke ruku’ mula kaya-kaya dheweke nindakake sedhekah emas kang akehe kaya bobote awake. Nalika ngucapake tasbih ruku’ mula kaya-kaya dheweke maca sakabehing kitab Allah kang wis didhukake saka langit. Nalika ngucap “sami’allahu liman hamidah’mula Allah bakal mirsani klawan rahmate.

Nalika lagi sujud, Allah paring dheweke kabecikan kang akehe kaya gunggunge menungsa lan jin. Nalika dheweke ngucapake tasbih “subhana robbiyal a’la wabihamdih kaya-kaya dheweke wis mbebasake budhak kang gunggunge padha karo gunggunge surat lan ayat kang ana ing al-qur,an. Nalika dheweke tasyahhud, Allah paring dheweke kayadene pahalane wong-wong sing sabar. Lan nalika dheweke ngucapake salam, mula dibukakake lawang syurga cacah wolu amrih bisa dileboni saka ngendi wae sing disenengi.

Saka penjelasan hadits ing ndhuwur, pranyata dahsyat banget kaistimewaan lan kautaman shalat kang rutin dilaksanakake dening umat Islam.

Mula kuwi, kanthi maneka kautaman lan kaistimewaan kang wis disebutake ing ndhuwur, apa kita isih males-malesan jroning nindakake shalat?

Saliyane kaistimewaan ing ndhuwur, shalat uga mujudake bab kang kawitan dhewe bakal dihisab nalika dina kiamat mengko.

Yen shalat-e becik, mula melu becik kabeh amalan liyane, semono uga suwalike yen shalate ala, mula ala uga amalane sing liyane.

Nyumanggakaken.

***

Panulis: Ki Jenggot

Bagikan artikel ini
Niken Dwi Saputri
Niken Dwi Saputri
Articles: 16