
Malem Jumat dudu Malem Medeni, nanging Malem kang Kebak Berkah
Share your love

Kanggone masyarakat ngakeh, malem Jumat isih kerep dianggep minangka malem kang medeni, kang serem, yakuwi malem muncule setan priprayangan.
Mangka satemene setan kuwi ana ing saben wektu ta? klebu saben mbengi, dudu mung ing malem Jumat wae. Lan kamangka sejatine maneh, dina Jumat iku dadi sayyidul ayyam alias rajane dina.
Nanging saking kenthele keyakinan ing masyarakat nganti-nganti padha lali utawa lirwa marang amalan-amalan unggulan kang bisa dipethik sajege malem Jumat.
Beda karo tanggalan Masehi, kang awaling dina dietung sajege tengah wengi jam 00.01, dene ing tanggalan Hijriah dietung wiwit srengenge angslup, dadi jroning Islam dina Jumat kuwi kapetung sajege Kemis Magrib utawa nalikane srengenge angslup ing dina Kemis.
Nah ya ing malam Jumat kuwi akeh banget amalan unggul kang bisa kita tindakake wiwit bengi amrih kita oleh kanugrahan (berkah) ing malem ksb.
Ing ngisor iki kita emutake maneh amalan-amalan unggul kang bisa kita pethik sajege malem Jumat kang mesthi wae eman banget yen nganti ditinggalake:
- Maca surat Al Kahfi
Amrih kita bisa oleh kautaman ing malem Jumat, mula maca surat Al-Kahfi. Rasulullah shalallahu alaihi wassalam paring dhawuh:
“Sing sapa maca surat Al-Kahfi ing malem Jumat, mula dheweke bakal diterangi klawan cahya antarane dheweke lan Baitul Atiq (Mekkah).” (HR. Ad-Darimi).
Jroning hadits liyane Rasulullah shalallahu alaihi wassalam paring sabda:
“Sapa sing maca surat Al-Kahfi ing dina Jumat, mula bakal sumunar cahya saka ngisor sikile tumekane menyang langit, bakal madhangi mengko ing dina kiamat, lan diampuni dosane antarane rong Jumat.”
Al-Mundziri ngandhakake: hadits iki diriwayatake dening Abu Bakr bin Mardawaih jroning tafsire kanthi isnad kang ora apa-apa. (Saka kitab at-Targhib wa al- Tarhib: 1/298).
- Ngakeh-akeh shalawat
Saliyane maca surat Al-Kahfi, amalan unggul liyane ing malem Jumat yakuwi ngakeh-akeh shalawat.
Rasulullah shalallahu alaihi wassalam paring dhawuh, “Sing akeh shalawat marang aku saben Jumat. Merga shalawat umatku bakal dituduhake marang aku saben Jumat. Sing sapa akeh shalawat marang aku, dheweke kang paling cedhak karo aku ing dina kiamat mengko.” (HR. Baihaqi)
- Ngakeh-akeh Sedhekah
Amalan unggul sabanjure kang bisa ditindakake ing malem Jumat utawa dina Jumat yakuwi ngakeh-akeh sedhekah. Rasulullah shalallahu alaihi wassalam paring dhawuh:
“Wis tekan aku saka Abdillah bin Abi Aufa yen Rasulullah paring sabda, ‘Ngakeh-akehana maca shalawat marang aku ing dina Jumat, satemene shalawat iku tekan aku lan aku krungu’. Nabi paring sabda, ‘Lan ing dina Jumat pahala sedhekah ditikel-tekukake’.” (Imam al-Syafi’i, al-Umm).
Bisa Ngilangi Dosa
Kaya kang disebutake ing ndhuwur, dina Jumat mujudake dina sing paling istimewa jroning Islam, merga ing dina Jumat diciptakake Nabi Adam lan dilebokake menyang swarga. Dina Jumat uga dadi rajane dina (sayyidul ayyam), mula kuwi dina Jumat aja menyang ngendi-endi lan kudu difokusake kanggo ibadah marang Allah SWT. Saengga ing dina Jumat akeh banget kaistimewaane. Saking akehe kaistimewaan mula kita kudu ngakeh-akehe amalan sunnah kang ditun-tunake supaya ditindakake ing dina Jumat.
Kaya kang dijelasake ing hadist riwayat Imam Muslim saka Abu Hurairah Radhiyallahu anhu yen Kanjeng Nabi Shallallahu ‘alaihi wa sallam paring dhawuh:
خَيْرُ يَوْمَ طَلَعَتْ عَلَيْهِ الشَّمْسُ يَوْمُ الْجُمُعَةِ فِيهِ خُلِقَ آدَمُ وَفِيهِ أُدْخِلَ الْجَنَّةَ وَفِيهِ أُخْرِجَ مِنْهَا وَلا تَقُومُ السَّاعَةُ إِلَّا فِي يَوْمِ الْجُمُعَةِ
“Saapik-apike dina ing nalikane srengenge muncul nalika kuwi yaiku dina Jum’at. Ing dina iku Adam diciptakake, dina nalikane dheweke dilebokake menyang Suwarga lan dina ing nalikane dheweke ditokake saka Suwarga. Lan dina Kiamat ora bakal kedadeyan kejaba ing dina Jum’at.”
Ing dina Jumat becike kita padha ngakeh-akehe dzikir lan nindakake amalan-amalan kang wis dituntunake dening Rasulullah shalallahu alaihi wassalam amrih ing dina istimewa ksb kita bisa oleh berkah, donga-donga kita kinabulake sarta diampuni sakehing dosa kita dening Gusti Allah SWT.
Lan, saliyane maca Surat Al Kahfi kaya kang kita jlentrehake ing ndhuwur, amalan siji maneh ing dina Jumat kang bisa ngilangi dosa yaiku nindakake solat Jum’at.
Rasulullah shalallahu alaihi wassalam paring dhawuh, “Ora ana wong kang nyampurnakake wudune, banjur nekani solat Jumat, banjur banjur meneng nganti imam rampung nindakake solate, kejaba bakal ngresiki dosane antarane Jumat iku karo Jumat sawise, yen dheweke ngedohi dosa gedhe.” (HR. Imam Ahmad).
Mangkono istimewane amalan ing dina Jumat kang bisa ngilangi dosa-dosa kita. (ist)
Muga-muga mupangati.
***
Panulis: Ki Jenggot















