
Insidhen Sonokembang
Nanging kekarepane Sekutu ngurusi internerniran mau dhestun manasake swasana tumrap pemudha-pemudha pejuwang Surabaya. Mungguhe pejuwang Indonesia dudu interniran kuwi sing dadi landhesane pasulayan, nanging rasa ora trima nyumurupi pasukan Sekutu mlebu Surabaya jalaran cetha menawa kamardikan wis diproklamirake tanggal 17 Agustus 1945. Sekawit pejuwang Surabaya ora duwe urusan karo klompok interniran. Sawise interniran-interniran iku luwar saka kamp tawanan tengahe Agustus 1945, banjur bali nyawiji menyang satengahe masyarakat amor penduduk lokal.
Ewasemono tensi politik wiwit anget nalika arep dianakake pengetan ambal warsane Ratu Belanda, Wilhelmina, tanggal 31 Agustus 1945. Sruwang-sruwing keprungu kabar menawa interniran-interniran sing lagi wae bebas mau bakal nglebetake gendera Walanda. Kanggo nyegah kumlebete gendera Landa, Wakil Residen Surabaya, Sudirman, aweh prentah marang kabeh warga amrih manjer gendera merah putih. Weruh Surabaya dadi ‘segara abang putih’ interniran-interniran mau wurung masang gendera.
Isih ing swasana anget mau, tanggal 1 September 1945 pepanthaning pemudha lan mahasiswa kedhokteran nggrudug kantor Residen Surabaya karo ngobat-abitake gendera merah putih. Sebageyan mahasiswa nekad menek menyang menarane gedhong kasebut (saiki kantor Gubernur Jawa Timur) saperlu manjer gendera Indonesia ukuran gedhe.
Kacarita, ana sawatara interniran Walanda sing kebener liwat aneng sacedhake kantor residen. Wong-wong iku ora seneng ndulu pakartine pemudha lan mahasiswa pribumi sing penekan menara masang gendera Indonesia. Wong-wong mau banjur lapuran marang Kempeitai Jepang sing kantore mung keledan lurung gedhe (saiki kompleks Tugu Pahlawan) supaya ‘nertibake’ pemudha-pemudha kasebut. Pakartine interniran iku nyadharake klompok pejuwang Surabaya menawa Landa sapranakake isih dadi ancaman tumrap kamardikane Indonesia.
Mula tanggal 3 September 1945 organisasi Badan Keamanan Rakyat (BKR) dibentuk. Laskar-laskar pemudha uga mbrudhul. Salah siji sing manjila yaiku Pemuda Republik Indonesia (PRI). Kabeh nduweni tekad padha, nedya ngukuhi kamardikan sing wis diproklamirake Sukarno-Hatta. Milisi-milisi mau banjur nindakake razia marang interniran kanggo nggoleki mata pitane Landa sing dadi anggotane Netherlands East Indies Forces Intelligence Service (NEFIS).
Razia kang ditindakake menyang tilas kamp-kamp interniran mau nemokake akeh gendera Walanda sumimpen. Saka kono kacubriyane pejuwang Indonesia marang warga keturunan Belanda sansaya mundhak gedhe. Ora arang jrone ngleksanani razia mau ditindakake kanthi kasar. Kepara ana interniran sing dipilara nganti kebacut tiwas merga maneni nalika diinterogasi. “Kasujanan iku saya kabukten nalika tanggal 19 September 1945 wong-wong interniran nekad manjer gendera Landa ing Hotel Yamato, sing wekasane dadi gendra karo klompok pejuwang,” kandhane Zaki.
Nyumurupi kanepsone para laskar pemudha, sebageyan gedhe interniran sing dumadi saka lansia, bocah-bocah cilik lan para wanita, akhire milih bali singidan ana tilas kamp, utamane ing Jalan Sulawesi, HBS, RS Darmo, lan Jalan Flores, merga dirasa luwih aman. Mlebune Sekutu menyang Surabaya tanggal 25 Oktober 1945 sing salah siji tujuwane ngluwari para interniran iku saka pandhelikane, wimbuh nylomot emosine pemudha pejuwang. Prang Surabaya tahap kapisantanggal 28-30 Oktober 1945, pecah.
Ing satengahe prang rame, Sekutu duwe niyat mindhahake atusan interniran sing isih kajebak ana kamp Jalan Sulawesi menyang kamp Rumah Sakit Darmo nganggo iring-iringan trek militer cacah 17. Rute sing diliwati yaiku Rumah Sakit Budi Mulia (saiki RS Siloam), Jalan Sonokembang, banjur menggok ngiwa tumuju Jalan Pandegiling. Nalika trek cacah telu wis kasil menggok ngiri, dumadakan distop dening pemudha pejuwang. “Pemudha iku sujana jalaran sing katon ngadeg ana bak trek tentara Inggris nggawa bedhil tholang-tholang, dene wong-wong interniran diakon lungguh ngiras singidan,” ujare Zaki.
Mbokmenawa merga panik, trek telu mau ora kok mandheg, nanging malah mbandhangake playune. Ngira yen trek-trek kuwi ngangkut pasukan Inggris, para pemudha pejuwang mbrondong tembakan menyang 14 trek sing isih konvoi ing mburi sarta arep njupuk haluan menggok ngiwa. Miturut panalitene Zaki, saperangan gedhe interniran, klebu pasukan Sekutu sing ngawal pindhahan kuwi, tiwas. Kepara trek-trek mau ludhes diobong massa. “Landa nyebut insidhen Sonokembang kuwi minangka insidhen Gubeng Transport,” ujare Zaki. Sawise prang Surabaya tahap kapisan sirep, lan pasukan Inggris sing wis kesel ditarik saperlu diganti dening Divisi V, tugas utamane pasukan anyar mau mindhah wong-wong interniran sing isih kasebar ing kamp-kamp Surabaya menyang Pelabuhan Tanjung Perak. Saka Tanjung Perak para interniran mau diangkut kapal tumuju Jakarta liwat Semarang. “Nalika pecah prang Surabaya tahap kapindho tanggal 10 Nopember, wong-wong interniran sing manggon ing kamp wis ora ana,” kandhane Zaki. (KSW)
***
Panulis: Kukuh Setyo Wibowo
Panitipriksa: Redhaksi Panjebar Semangat



