Nyuda Karbohidrat, Badan tetep Kuwat

Endhog dadar lan sayuran. (Foto bebeclub)

Jaman saiki wis lumrah uwong kang nindakake dhiet. Salah sijine yaiku dhiet kanthi nyuda konsumsi karbohidrat. Werna-werna tujuwane. Ana sing njaga kasarasan padinan, ana sing jalaran nandhang lelara, uga ana sing kepengin ngelongi boboting badan.

Dhiet kanthi ngelongi karbohidrat kudu katindakake kanthi pener, alias ora waton. Yen banjur olehe nyuda karbohidrat keladuk, utawa malah blas ora memangan, ya kliru. Jalaran lumrahe badan kita uga mbutuhake karbohidrat. Apamaneh kanggone sing nandhang lelara, kaya ta diabetes, olehe dhiet ora sembarangan. Kadhar gula sing kinandhut ing karbohidrat kudu cukup. Ora kena kakehan, nanging uga ora entuk kurang.

Karbohidrat sing umume dingerteni lan dikonsumsi ing masyarakat kita yaiku sega. Kanggone sing wis kebacut kulina, sega dadi sing pokok. Yen durung mangan sega, durung wareg. Ya jalaran ndadekake weteng wareg iku mulane kanggone saperangan uwong kaya-kaya ora ana tandhingane.

Segane disuda, gentine kuluban utawa urap-urap sing rada akeh.

Nalika nglakoni dhiet karbohidrat, gungungge sumber karbohidrat sing dielongi pancen kudu dilironi. Miturut dr. Merdina Manik, M.Gizi, sing kapacak ing hellobunda.com, menu sing bisa dadi gantine yaiku daging, endhog godhog, iwak banyu, uga susu sing kadhar lemake sithik/endhek. Dene sumber karbohidrate milih sing ngandhut serat. Contone kacang-kacangan, kenthang, sayuran, woh-wohan. Serat, kandhane, bisa njaga rasa wareg ing padharan.

Kejaba saka iku, nalika nindakake dhiet, anggone dhahar uga kudu tetep sedina ping telu. Ing selaning wektu dhahar, tetep kena ngemil. Aja nganti jalaran dhiet banjur awak dadi lemes, wayahe makarya dadi males, nalika ngaso turu uga ora pules.

Manise woh-wohan bisa kanggo gentine sumber energi nalika dhiet nyuda karbohidrat.

Sadurunge nindakake dhiet uga becike priksa kahanane badan. Njaluk dipriksa dhokter, lan konsultasi marang ahli gizi. Aja saderma nimbang boboting badan lan takon-takon marang kanca (apamaneh sing dodolan bahan pelangsing, hehehe…). Yen olehe milih cara lan srana kurang permana, tembe mburine bisa kurang prayoga.

Ing ngisor iki mung conto menu dhiet nyuda karbohidrat. Bisa cocog bisa uga ora. Sepisan maneh, kudu priksa dhisik lan njaluk pituduh metodhe dhiet sing trep kanggo panjenengan.

Sarapan: endhog dadar lan maneka sayuran

Mangan awan: sega beras abang, kulupan, iwak goreng

Mangan wengi: susu, iwak pitik, tahu, tempe, kenthang godhog.

***

Panulis: *)

Bagikan artikel ini
Niken Dwi Saputri
Niken Dwi Saputri
Articles: 6