
Newsletter Subscribe
Enter your email address below and subscribe to our newsletter


Mlaku-mlaku ing karang padesan, lumrahe kita kepethuk para sepuh. Uwong enom diwasa ya ana, bocah-bocah ya akeh. Ananging lumrahe urip padinane ya prasaja wae. Yen golek uwong diwasa lantip, wawasane jembar, uripe kasil, lumrahe antuk wangsulan: padha makarya ing kutha.
Ya bab iku mau kang dadi punjering pikirane Tri Mumpuni. Pawestri asli Semarang iku nyipati, desa-desa ing saindenging Nuswantara iki durung winangun kanthi becik. Durung kambon teknologi kang cukup. Mula, ya banjur ora njenakake kanggone uwong enom.
Kasunyatan iku ora mung mandheg ing batine Tri Mumpuni. Ananging denresepake tenanan, lan dipikirake kanthi setiti. Dheweke banjur ngupaya amrih desa-desa kasebut bisa ngrasakake gebyaring jagad ora ketang mbaka sethithik. Carane, kanthi ngolah sumber daya desa dadi sumber listrik.
Tri Mumpuni sidane kasil mbiyantu sakehing desa mencil, luwih saka 60 gunggunge, ngrasakake ana listrik tekan panggone. Jalaran dununge muncrit iku, mula sasuwene iki ora bisa kambah dening PLN. Banjur apa kang dadi sranane Tri Mumpuni? Yaiku ilining banyu kali, kang bisa dirancang kanggo ngobahake turbin. Saka kiprahe iku, Tri Mumpuni nganti antuk jejuluk “wanita listrik”.
Lelabuhane Tri Mumpuni uga kawentar nganti tekan ngendi-endi. Malah, uga antuk pangaji-aji. Kaya ta Climate Hero 2005 saka World Wildlife Fund for Nature, Ashden Awards 2012, Magsaysay Awards 2012, uga 22 Most Influential Muslim Scientists saka Royal Islamic Strategic Studies Centre.
Gumregahe Tri Mumpuni pancen ora sakdheg saknyet. Puni, celukane nalika timure, wiwit kelas 4 SD wis kerep melu ibune, Gemiarsih, ngubengi desa. Ora kok mlaku-mlaku ndelok sesawangan. Ananging marani sakching bocah kang nandhang lelara. Paling akeh, korengen. Puni cilik weruh kanthi nyata, ibune aweh tetamba.
Puni rikala semana banjur nduwe gegayuhan dadi dhokter. Ancase, bisa tetulung sapepadha kang ketaman lelara. Ananging dalane uripe Tri Mumpuni kudu menggok. Dheweke malah kuliyah ing IPB, sing cetha dudu jurusan kedhokteran. Tansah. njembarake wawasane, ngundhakake kawasisane, ananging Tri Mumpuni or alali tansah nggatekake sakiwa tengene.
Dheweke saiki minangka Direktur Institut Bisnis dan Ekonomi Kerakyatan, uga nduweni profesi mligi yaiku pemberdaya listrik. Puni kasil matrapake elmu kang disinaoni, panaliten kang ditekuni, uga sesambungan kang diuripi. Ora sethithik, warga karang padesan sing ngrasakake kupiyane ibu saka Ayu Larasati lan Asri Saraswati kasebut. Ibu Tri, panjenengan sacstu kabukten Mumpuni!
***
Panulis : Lie