Neraka Haram kanggone wong sing ngucap “Laa Ilaha illallah”

Ngucapake kalimat laa ilaha illallah iku gampang banget ing lathi. Nanging sejatine ora cukup kaya ngono. Amarga ngucapake tanpa dibarengi keyakinan, ngucap nanging malah seneng marisi syirik, bakal ora ana paedahe. Ukara iki bakal lagi bakal migunani nalika wis diyakini tegese, diucapake sarta ditindakake konsukuensine kanthi nauhidake Gusti Allah lan ngadohi tumindak syirik.

Jroning hadits muttafaqun ‘alaih, saka ‘Itban bin Malik bin ‘Amr bin Al’ Ajlan Al Anshori, Rasulullah shallallahu ‘alaihi wa sallam ngendika,

فَإِنَّ اللَّهَ حَرَّمَ عَلَى النَّارِ مَنْ قَالَ لَا إِلَهَ إِلَّا اللَّهُ يَبْتَغِي بِذَلِكَ وَجْهَ اللَّهِ

“Satemene Allah nglarang neraka kanggone wong sing ngucap laa ilaha illallah (ora ana sesembahan sing pantes disembah saliyane Allah) kang kanthi bab kuwi ngarep-arep pasuryane [Allah”. (Riwayat Bukhari no. 425 lan Muslim no. 33).

Tegese hadits ing ndhuwur yakuwi, Kanjeng Nabi shallallahu ‘alaihi wa sallam paring pituduh yen sapa sing ngucapake kalimat laa ilaha illallah kanthi ikhlas lan nindakake konsekuensine yaiku nyingkiri syirik, lan ngamalake kalimat kasebut sacara lair apadene batin, lan mati ing kahanan kaya mengkono, mula neraka ora bakal nggepok dheweke ing dina kiyamat mengko. Mangkono ujare Syaikhuna Dr. Sholih Al Fauzan ing kitab Mulakhos fii Syarh Kitab Tauhid, kaca. 28.

Syaikh ‘Abdurrahman bin Muhammad bin Qosim Al Hambali meling, “Hadits iki nuduhake hakekat makna laa ilaha illallah. Sapa sing ngucapake kalimah iki kanthi ngarep-arep pasuryaning Allah (ketemu Allah), mula dheweke kudu ngamalake konsekuensi saka kalimat kasebut, yaiku tauhid marang Allah lan ngedohi syirik. Ganjarane bisa ditampa yen syarate wis dipepaki lan alangane dibebasake. (Kitab Tauhid Hasyiyah, kaca. 28)

Penulis Fathul Majid -Syaikh ‘Abdurrahman bin Hasan Alu Syaikh- ngandhakake tembung sing kudu kita elingi yaiku; “Akeh-akehe wong ngucapake kalimat laa ilaha illallah nanging ora ikhlas marang Allah. Akeh sing ngucap nanging mung melu-melu lan mung saderma dadi pakulinan wae, nanging ora tau dirasakake nikmate iman ing njero ati nalika metu ing lathine“. Kamangka akeh-akehe wong kang disiksa ana ing alam kubur iku wong kang kaya mangkene iki, yaiku kaya kang kandhakake ing hadits “Aku krungu wong-wong padha ngucap, mula aku uga melu-melu ngucap”.

Dadi, akeh-akehe amalane wong kaya ngene iki mung taqlid wuta (mung mèlu-mèlu wae) lan terok-terok wae. Wong-wong kaya ngene iki uga wis dijelasake jroning Quran Surat. Az Zukhruf ayat 23 kang terjemahan bebase kurang luwih muni mangkene;

Satemené aku melu-melu bapak-bapakku kang padha ngrasuk sawijining agama lan satemene aku iki nerokake kang wis ditindakake.” (Fathul Majid, kaca . 62). Nas-alullah salamah min hadzal fitan, kita nyenyuwun keslametan marang Gusti Allah saka fitnah kaya ngene iki.

Dadi, ngucapake ukara ksb dudu mung ing lisan wae, nanging uga kudu dibarengi klawan keyakinan ing ati, banjur ditambahi nindakake konsekuensine kalimat kasebut kanthi nauhidake Allah lan nyingkiri kabeh jinis syirik.

Wallahua’lam bisawab

Bagikan artikel ini
Niken Dwi Saputri
Niken Dwi Saputri
Articles: 6