Sawunggaling kang Saya Kasilep ing Pangeling-elinge Para Mudha

Ilustrasi Raden Sawunggaling (Sumber foto: jawatimuran.wordpress.com)

Crita rakyat satemene dadi perangan wigati sajroning kabudayan kang ngemot sejarah, pangangen-angen, lan piwulang urip. Nanging, ing satengahe gebyare teknologi lan budaya pop manca, crita lokal kerep kalah pamor, kalebu legenda Sawunggaling saka Surabaya. Sanajan jenenge asring keprungu dadi jeneng dalan utawa papan, durung mesthi para mudha mangerteni lelakone Joko Berek.

Miturut crita kang ngrembaka ing masyarakat, Joko Berek iku putrane Adipati Jayengrono III lan Raden Ayu Dewi Sangkrah. Bareng wis diwasa, dheweke nedya sowan menyang Kadipaten Surabaya saperlu nemoni ramane. Nanging, tekane malah ditantang adu jago dening sedulur tirine, yaiku Sawungrana lan Sawungsari. Wusanane, jago kagungane Joko Berek kang aran Bagong kasil unggul.

Kamenangan mau dadi wiwitan lelakone Joko Berek nganti melu sayembara manah lan kasil antuk gelar Sawunggaling. Pancen, crita iki nduweni maneka versi ing masyarakat, mula ora kabeh perangane bisa dianggep kedadeyan sejarah kang wis kabukten. Sanadyan mangkono, legenda iki tetep dadi perangan saka pangeling-eling budayane masarakat Surabaya.

Saliyane iku, Sawunggaling uga kerep kagambarake minangka paraga kang tatag nglawan VOC. Dinas Kabudayaan, Kapamudaan lan Olahraga sarta Pariwisata Kuta Surabaya nyathet Makam Sawunggaling ing Lidah Wetan, Lakarsantri, minangka bangunan cagar budaya. Ing cathetan kasebut, Sawunggaling disebutake minangka putrane Tumenggung Jayengrana kang nentang VOC. Emane, anane tinggalan budaya kasebut durung mesthi ndadekake generasi mudha mangerteni crita Sawunggaling.

Makan Sawunggaling ing Lidah Wetan, Lakarsantri (Sumber foto: www.suarasurabaya.net)

Salah sawijine tantangan nglestarekake crita rakyat yaiku owah-owahan pola panglipur. Film superhero, anime, lan dolanan dhigital saiki luwih gampang ditemokake sarta nduweni visual kang luwih narik kawigaten.

Kosok baline, crita lokal asring mung ditepungi lumantar buku wulangan utawa pagelaran tradhisional kang durung mesthi bisa ditemokake saben wektu. Yen cara nyuguhake crita ora dislarasake karo pakulinan pamirsa jaman saiki, ora mokal paraga kaya Joko Berek bakal saya adoh saka pangeling-eling generasi sabanjure.

Mula saka iku, upaya ngleluri Sawunggaling bisa ditindakake kanthi ngrembakakake crita kasebut ing maneka medhia dhigital. Legenda iki bisa diadaptasi dadi komik dhigital, animasi, podcast, utawa dolanan interaktif. Nanging, inti critane kudu tetep dijaga sarta kudu mbedakake perangan legenda saka katrangan sejarah kang wis kabukten.

Kejaba medhia dhigital, sekolah lan komunitas budaya uga bisa melu nepungake legenda Sawunggaling marang generasi mudha. Lomba nyritakake legenda, pagelaran, rembugan sejarah, sarta kunjungan edukatif menyang Makam Sawunggaling bisa dadi sarana sinau kang luwih nyata.

Teknologi Augmented Reality bisa dadi panyengkuyung nalika masarakat nyinaoni papan cagar budaya. Nanging, panganggone kudu dibarengi katrangan kang trep lan bisa dipertanggungjawabake, supaya para mudha ora nyampuradukake legenda lan fakta sejarah.

Ngleluri Sawunggaling dudu mung ngugemi crita lawas, nanging nepungake paraga lan piwulange kanthi trep jaman, supaya para mudha ora mung apal jenenge, nanging uga mangerteni warisan budaya minangka jati dhiri Surabaya.

***

Panulis: Widharma Putra (Warga MGMP Basa Jawa SMA Surabaya)

Panitipriksa: Tim Redhaksi Panjebar Semangat 

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 430