
Gantungan Kunci Kinarya ing Sinau Nulis Jawa
Share your love

Sinau aksara Jawa ora mung bisa klakon srana tulis utawa kertas. Salah siji carane sinau Jawa sing cukup narik kawigaten yaiku lumantar gantungan kunci. Gantungan kunci bisa dadi piranti lan medhia kreatif kanggo nyimpen tulisan mawa aksara Jawa lan sinau kanthi cara kreatif. Cara iki sing digadhang-gadhang bisa agawe sinau aksara Jawa katon luwih urip lan nyenengake.
Kagiyatan iki klakon kanthi aran Sinau Nulis Jawa kang digelar dening para kru Panjebar Semangat ing Ruang Mediatek Institut Français d’Indonésie Surabaya, Setu, 22 Agustus 2026.
Para panyartane Sinau Nulis Jawa asale saka maneka warna bleger padege bebrayan. Ing antarane kaya dene siswa, mahasiswa, nganti masarakat umum kang kepengin sinau. Malah ya ana sing saka negara India. Gunggung jangkepe 18, luwih akeh tinimbang gelaran sing sadurunge.
Kagiyatan diwiwiti kanthi sesi ngenalake dhasar-dhasar aksara Jawa. Redhaktur Panjebar Semangat Ahmad Rizky Wahyudi ngandharake tuntunan cara nulis aksara Jawa lan ngajak para panyarta ngecakake panganggone aksara Jawa kanthi ngetrepi paugeran lan slaras cak-cakane.
Sesi kapindho yaiku nyaranani para panyarta praktek nglukis aksara Jawa ing gantungan kunci kayu. Para panyarta padha nulis tembung pilihane dhewe nganggo cet akrilik. Kabeh piranti wiwit handout nganti cet wis dicepakake dening panitia.
Salah sawijining panyarta ngaku yen melu acara iki dadi pengalaman kang nengsemake. “Aku seneng melu kagiyatan iki, salah sijine ya merga ana dum-duman jajane, hehehe,” ujare salah sawijining panyarta kanthi bungah semringah.
Mungguhe dheweke, bagean nglukis dadi salah sawijining pengalaman kang nyenengake amarga bisa langsung ngecakake aksara Jawa sing wis diwulangake sadurunge kanthi praktis.
Miturut katrangane Hidayah, guru SMP Muhammadiyah 13 Surabaya kang ngetutake para siswane melu kagiyatan iki, sing wigati ing kagiyatan iki sejatine dudu mung supaya para panyarta bisa nulis aksara Jawa kanthi bener, nanging pengalamane.

Ing sekolahane, wektu pasinaon basa lan aksara Jawa mung rong jam saben minggune, saengga pengalamane bocah-bocah isih winates. “Paugeran ingkang dipunugemi wonten sekolahan kula inggih menika sinau mboten kedah kalampahan salebetipun kelas,” jlentrehe Hidayah.
Mungguhe dheweke, kagiyatan kaya mangkene bisa dadi inisiatif tumrap sekolahane kanggo ngatutake bocah-bocah amrih bisa sinau ing njaba sekolah, senajan kudune wektu weekend iku dinane libur.
Tren gantungan kunci agawe sarana sinau aksara Jawa kang kreatif lan raket karo generasi enom. Lumantar kagiyatan kuwi, aksara Jawa diajab bisa lumebur ing panguripane masarakat Jawa saiki. Semono uga, cara iki bisaa terus slaras karo owah-owahane jaman, lan aksara Jawa muga bisa tetep ngrembaka ing sauruting wektu.
***
Panulis: Tika Puji Lestari lan Niken Dwi Saputri (Mahasiswa Magang S-1 Pendhidhikan Basa lan Sastra Jawa, Universitas Negeri Surabaya)
Panitipriksa: Ahmad Rizky Wahyudi















