SURADAYA, Kolaborasine Telung Negara sajrone Menggak Lakune Warta Kliru

Ing satengahe trajange informasi digital, kaprigelan mbedakake kasunyatan (fakta) lan warta kliru (misinformasi) wigati banget. Krenteg kang kaya mangkono kuwi sing wusanane nglandhesi gumelare SURADAYA, acara kolaborasi internasional kang nggathukake maneka warna panyarta wiwit saka Indonesia, Jerman, Prancis sajrone kagiyatan fotografi lan pangamatan marang maneka papan ing Kutha Surabaya.

Acara iki dikenalake marang masarakat lumantar pasugatan asil lokakarya ndhek nalika 27 Juni 2026 wingi ing Auditorium Institut Français Indonesia (IFI) Surabaya. SURADAYA minangka rerangkene lokakarya intensif kang diwujudake rupa pameran mubeng utawa travelling exhibition mbesuk ing wulan September 2026 ing Indonesia, Jerman, lan Prancis.

Kagiyatan kuwi ngatutake maneka institusi saka telung negara. Indonesia disulihi Universitas Airlangga, Surabaya Memory saka Universitas Kristen Petra, lan Orasis Art Space. Prancis disulihi dening École Nationale Supérieure de la Photographie (ENSP), dene Jerman disulihi dening Franco-German Cultural Fund lan Hochschule Hannover University of Applied Sciences and Arts.

Kanthi ngusung tema Fight Against Misinformation, SURADAYA ngajak para nom-noman, fotografer, jurnalis, lan kreator konten kanggo padha mahami kepriye carane informasi kuwi digawe, disebarake, lan ditampa dening masarakat.

Para mentor (saka kiwa manengen) yaiku Mamuk Ismuntoro, Idealita Ismanto, lan Clément Caignart

Ana 12 panyarta saka telung negara kang padha katut sajrone lokakarya ing SURADAYA sasuwene patang minggu kanthi dibaturi dening limang mentor internasional, kaya dene Idealita Ismanto, Mamuk Ismuntoro, Kai Löffelbein, Jakob Vicari, lan Clément Caignart.

Nalika lokakarya, para panyarta padha mubeng Surabaya kanggo ngamati lan njupuk dokumentasi ing maneka panggonan. Asile banjur disuguhake marang masarakat arupa karya fotografi kang ngimpun maneka warna pengalaman wiwit saka sejarahe kutha, memori kolektif, lan refleksi pribadi.

Sawijining panyarta saka Indonesia, Amadeus Wiratmoko nyuguhake asil karyane

Sing mirunggan yaiku bleger padeg (latar belakang) budayane para panyartane kang beda-beda wusanane ngasilake karya kang maneka rupa. Para panyarta saka Indonesia padha akeh nyoroti sejarah lan kasunyatan-kasunyatane kutha Surabaya kang sadurunge pancen durung patia diweruhi. Sauntara kuwi, para panyarta saka Jerman lan Prancis padha ngrekam impresi/kesan-e marang panguripan ing Kutha Surabaya, klebu kahanan lingkungan sarta sesambungan sosial masarakat sing sumeh lan tinarbuka.

Lumantar karya-karya kuwi, SURADAYA nuduhake lamun fotografi kuwi mono dudu mung saderma sarana kanggo njupuk dokumentasi saka kahanan sanyatane. Fotografi ya bisa dadi piranti kanggo mitakonake informasi, mahami wahana (konteks), lan nyawang sawijining kedadeyan saka maneka warna pamawas. SURADAYA dadi sasana tinemuna warga maneka budaya kang njurung jinejege literasi media lan kaprigelan mikir kanthi kritis. Ing satengahe trajange banjir informasi kang sarwa cepet iki, kaprigelan kuwi dadi sangu wigati mungguh masarakat kanggo mahami isening donya kanthi wening lan kaemban dening tanggung jawab.

***

Panulis: Anette

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 373

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *