
Newsletter Subscribe
Enter your email address below and subscribe to our newsletter

Panjebar Semangat kinarya kalawarti kang setya tuhu nggandheng lakune donyaning pawiyatan luhur. Jalaran suguhan-suguhan sajrone Panjebar Semangat mesthi bae ginayut karo darmane mahasiswa lan dhosen jurusan basa Jawa sadawane ngambah marganing akadhemis. Saben edhisi sing diterbitake ora ngemungake marang suguhan…

Pethikan gitar kang nembangake lagu nostalgia iku kepenak rinungu, sumusup antaraning ganda kopi karo obrolane pelanggan kafe ing poncod ibu kota kuwi. Sing duwe kafe ngerti banget menawa swara musik ora beda nyawa tumrap papan usahane iku. Musik sing lembut…

Saperangan taun kepungkur, kawasan Kudus nate nemahi pasulayan krusial bab uwuh. Ewasemana, solusi nembe muncul kanthi tumekane Bank Sampah Muria Berseri ing Desa Gondangmanis, Kecamatan bae. Madeg wiwit taun 2012, bank uwuh iki dadi papan kang nyaranani para warga anggone…

Gubernur Jawa Timur, Khofifah Indar Parawansa, ngandhakake yen Jatim siap dadi pelaksana pertama beras fortifikasi kanggo ningkatake gizine bocah liwat MBG. Nanging, Khofifah nandhesake yen langkah ksb kudu ana landhesan payung hukum lan aturan resmi saka pemerintah pusat supaya pangleksanane…

Rikala aku isih nyambut gawe ing pemerintahan biyen, sejatine wis nate menyang Vietnam. Mung bedane wektu iku amarga tugas dhines. Ya krana tugas dhines mau mula wektune mung mligi kanggo ngestreni agendha kang wis ditetepake panitia. Lan agendhane padhet banget.…

Bab edipeni lan orane sawijining karya kuwi mono pancen relatif lan individual. Endah mungguhe sijine, durung tamtu endah mungguhe liyane lan kosokbaline. Ewadene, pambijene karya racake uga asipat kolektif. Ateges, tetimbangan bab kaendahan karya ora uwal saka pasarujuke wong akeh.…

Pengadilan babagan prakara agraria ing Ngayogyakarta, wis ana wiwit Sultan Hamengku Buwono V kang jumeneng nata. Papane ing Bale Mangu dununge ing sanjerone tembok Kepatihan. Saiki Kepatihan Kasultanan Ngayogyakarta kuwi kanggo kantor gubernur, punjering paprentahan Daerah Istimewa Yogyakarta. Mula ana…

Emane, pamarentah mung nyawang simbul One Piece iku minangka ancaman, nanging landhep dhengkul rasa pangrasane karo apa sing dirasakake masyarakat cilik ing walike protes kasebut. Gambar One Piece satengahing dalan paving salah sijine gang kampung kawasan Putatgede, Kecamatan Sukonamunggal, Surabaya,…

Kuwe leker bisa diarani jajanan kuna (jadul) sing isih ora kalindhes serbuane maneka jajanan modern utawa weton pabrik. Sanajan wis arang tinemu, jajanan iki isih bisa diprangguli ing sadhengan papan, ing desa engga kutha gedhe kanthi cara didol mider utawa…

Lemari kayu prasaja kang pinapan ana ing ruwang tamu ukuran 3×4 m rinasa sumeseg awit anane maneka piala kang sumungsun temata. Omahe Avan Ferdiansyah Hilmi (19) ing Kelurahan Mangkujayan, Kecamatan Ponorogo, Kabupaten Ponorogo kinebakan watara satus piala kang kasil kaklumpukake…

Yen ditintingi kanthi permati, pancen finising kang dadi pasulayane timnas bal-balan U-23 sadawane Kejuaraan ASEAN. Nanging, ora ateges tim besutan Pelatih Gerald Vanenburg babar pisan ora nduweni prestasi kang mbombongake. Saiki, sektor serange timnas ora landhep, dene kosokwangsule dumadi ing…

Forum Satu Muharam 1447 Hijriyah Pondhok Pesantren Besuk Kabupaten Pasuruan netepake sound horeg kategori karam. Pangesuhe pondhok kasebut, KH Muhibbul Aman Aly, mratelakake fatwa karam sound horeg ora mung merga swarane sing mbrebegi, nanging uga nyakup timbule dhampak sosial sing…