
Kontrak Mati Tentara Bayaran
Share your love
Sindhikat kadurjanan apus-apus ing Rusia mblithuk warga Indonesia lan dilorobake dadi tentara bayaran kanggo ngadhepi Ukraina. Diiming-imingi opah gedhe, nanging ora bisa uwal saka medhan perang kang mbebayani ing Eropa wetan kuwi.
Nalika negara lagi jrone kahanan usreg politik, tanpa disadhari ana pakarti sesidheman dening sindhikat asing ngimpun warga Indonesia saperlu didadekake tentara bayaran ing Rusia sing samengko lagi campuh prang lumawan Ukraina. Iming-iming opah gedhe sarta panguripan mulya ing Negara Beruang Merah, njalari ora sethithik kaum priya Indonesia sing kepilut. Racak tanpa mikir dawa yen satemene budhale menyang Rusia iku mung bakal dilorobake menyang “garis depan” kanggo tameng urip.
Kadurjanan apus-apus tataran internasional mau kawiyak brekat lapurane salah sijine warga masyarakat kang kelangan kontak karo anggota kulawargane sing pamitan arep nyambut gawe menyang Rusia wiwit awal 2026 kepungkur. Sumelang marang nasibe anggota kulawargane sing presasat kaya ilang diuntal bumi mau, warga masyarakat kasebut banjur lapur marang Kepolisian Resor Metropolitan Jakarta Barat, 23 Oktober 2026.
Liwat operasi penyelidikan kang ngremit, pulisi wusana bisa mikut anggota sindhikat pelakune apus-apus mau, sarta metani modhus operandine. Miturut Kapolres Metro Jakarta Barat Komisaris Besar Nasriadi, modhus operandine sindhikat kepetung nyleneh jalaran ditindakake bareng dening warga Rusia lan warga Ukraina. Mangka ing benua Eropa iring wetan kana, Rusia lan Ukraina lagi pasulayan rog bandalawapati patang taun lawase. Malah nganti saiki perang mau durung paja-paja rampung.
Tersangka loro kanthi inisial S (warga Rusia) lan IM alias Ifan (Ukraina), kandhane Nasriadi, wis ngatur apa sing dadi tugase, wiwit saka ngawasi pambudhalan calon tentara bayaran menyang Rusia, nyawisi akomodhasi, sarta nindakake rekrutmen ing dhaerah-dhaerah. S mabur mbolak-mbalik saka Rusia menyang Indonesia mung saperlu ngawasi budhale calon-calon tentara bayaran mau ing Bandara Internasional Sukarno-Hatta, Tangerang, lan mesthekake wong-wong mau bener-bener numpak montor mabur tujuwan Rusia kang transit ana Dubai.

Dene IM duwe tugas nyepakake keperluwane calon-calon tentara bayaran sing kasil diimpun, wiwit mesenake kamar penginepan, menehi dhuwit sangu, nganti nyiapake omah kontrakan ing Pemalang, Jawa Tengah, kanggo “latihan kilat” dhasar-dhasar militer arupa gemblengan fisik lan cara-carane nyekel bedhil. Sawise gladhen fisik sacukupe lan diwenehi ketrampilan dhasar-dhasar perang, wong-wong iku dikongkon teken dhokumen kontrak kerja kang nyatakake lamun anggone dadi tentara bayaran ing Rusia suwene setaun. Sawise kontrake entek kena bali menyang Indonesia.
Pokal gawene IM nggorohi kurban lancar-lancar wae jalaran dibiyantu dening bojone, sawenehe warga negara Indonesia aran Ales. Mula sawise tindak kadurjanan dol tinuku uwong mau kawiyak dening aparat ukum, ora mung IM lan Ales sing dirangket pulisi, nanging uga kanca rowange Ales ing Pemalang, yaiku Amel, Sevia alias SA, lan AMR. Wong-wong iku dikatutake dosane merga mbiyantu Amel komunikasi karo kurban sadurunge padha dibudhalake menyang Rusia.

Miturut Nasriadi, S lan IM kasil ngimpun calon tentara bayaran cacah 23. Saka gunggung mau 15 ing antarane wis dibudhalake nganggo visa turis. Dene wong 8 sisane wurung sumusul merga prekarane wis kawiyak dening pulisi. Saengga pulisi bisa nggagalake rancangane S lan IM mbudhalake wong 8 iku ing tahap kapindho.
Nasriadi kandha, wong-wong iku digorohi kontrak kerja setaun suwene. Kamangka sawise tekan Rusia, tentara-tentara bayaran iku ora oleh mundur. Kudu tetep maju menyang palagan nganti sarampunge perang. Nanging mbesuk kapan perang Rusia lumawan Ukraina iku tamat, ora ana sing mangerteni. Sasuwene Presiden Rusia Vladimir Putin wegah nglereni, perang tetep bakal katemahan.
“Kontrak setaun lan dhuwit sangu iku sipate mung iming-iming ing ngarep. Sebab sawise tekan Rusia, wong-wong iku dipeksa maju menyang palagan, dikontrak dadi tentara bayaran nganti samatine. Sajrone maju ing garis depan, alat-alat komunikasi ora entuk digawa,” tuture Nasriadi, Jumuah, 13 Nopember 2026.
Sindhikat mau isih ngiming-imingi bonus gedhe tumrap tentara bayaran sing bisa nembak mati tentara Ukraina ing medhan perang. Cukup ngirim bukti arupa foto jisime tentara Ukraina kang tiwas, bonus langsung ditransfer menyang rekeninge. Mungguhe wong-wong pengangguran sing serepis wae ora nyekel dhuwit, pangiming-iming iku mencutake banget. Ora mikir adoh kaya ngapa wengise paprangan. Apamaneh sing dilabuhi dudu negarane dhewe.
Satemene, kandhane Nasriadi, yen dinulu latar mburine, ora kabeh WNI sing dikirim menyang Rusia iku pengangguran. Sebab ana uga sing dadi karyawan perusahaan swasta, buruh, srabutan, lan malah bekase admin judhi online ing Kamboja. Wong-wong iku lila ninggalake pegaweyane merga melik iming-iming opah gedhe.
Nasriadi nuturake, adhedhasar lapurane kulawarga kurban, wong-wong sing didadekake tentara bayaran Rusia iku racak nasibe tragis. Ora mung dikungkung uripe, nanging uga tiwas ketrajang plurune mungsuh. Ana ngendi wong-wong iku dikubur, ora ana katrangan saka pihak Rusia.
Sing luwih memiris ati, ana salah sijine tentara bayaran asal Indonesia sing kepeksa diamputasi sikile jalaran remeg kajeblugan ranjau. Nanging sawise rampung dirawat, tentara bayaran iku dipeksa bali menyang paprangan senajan sikile kari siji.

Kepala Subdirektorat 3 Direktorat Tindak Pidana Perlindungan Perempuan dan Anak serta Pemberantasan Perdagangan Orang (PPA PPO) Badan Reserse Kriminal Mabes Polri Komisaris Besar Yolanda Evalyn Sebayang nambahake proses rekrutmen calon tentara bayaran Rusia kepetung gampang, yaiku cukup masrahake foto lan KTP.
Satekane ing Rusia, calon tentara bayaran iku terus digawa menyang sawijine kamp. Yen dinyatakake sehat dening pemeriksaan medhis, wong-wong iku digladhi perang sesasi suwene. Rampung entuk pelatihan perang ing dina pungkasan, sesuke bablas dikirim menyang garis depan.
“Kurban diiming-imingi bonus 2.600 rubel (watara Rp 620 yuta), lan gaji bulanan 230 rubel,” ujare Yolanda.
Minangka sindhikat sing ngirup calon tentara bayaran ing Indonesia, MI lan S oleh bayaran 500 – 1.000 rubel saben sauwong. Dhuwit opah iku dikirimake kanthi ora resmi dening pihak Rusia liwat transfer bank lan aset kripto.
Wakil Ketua Komisi III DPR Ahmad Sahroni njaluk masyarakat ora gampang kegiwang karo iming-iming gaji gedhe nyambut gawe ing mancanegara, nanging satemene mbebayani tumrap keslametan. Sahroni kandha, kasus rekrutmen tentara bayaran Rusia dening sindhikat ing Indonesia kudu dibrastha amrih ora ngurbanake wong cilik sing butuh penggaweyan.
“Aku nyengkuyung pulisi miyak kadurjanan iki nganti tuntas,” kandhane Sahroni dikutip saka Kantor Berita ANTARA, Setu, 14 Nopember 2026.
Panulis: Kukuh Setyo Wibowo















