Balai Pelestarian Cagar Budaya mbudidaya nylametake bangkening kapal Van der Wick saka tindak penjarahane pedagang besi tua. Tujune masyarakat nelayan Lamongan ngramatake baita raseksa kang kerem taun 1936 iku saengga blegere isih wutuh. Kereme kapal Van der Wijck dadi inspirasine Buya Hamka nulis novel ngenani tragedhi kasebut.
Srengenge manjer ing tengah langit nalika juru silem tradhisional iku wiwit njegur menyang segara, Kemis (14/10) kepungkur. Lokasine nyilem pas ing panggonan sing nem sasi kepungkur disumurupi ana obyek ukuran raseksa kerem ana kono. Yen ditarik saka garis pesisir, lokasi kasebut watara 17 mil saelore Lamongan, Jawa Wetan.

Penyelam tradhisional iku aran Faizin, warga Desa Sidayulawas, Kecamatan Paciran, Kabupaten Lamongan. Lanang 45 taun sing pakaryane golek tirem lan mutiara mau, dina kuwi antuk ayahan mirunggan saka Balai Pelestarian Cagar Budaya Jawa Timur (BPCB) amrih nitik obyek kang dinuga bangkening kapal Van der Wijck.
Faizin dikancani arkeolog BPCB Wicaksono Dwi Nugroho, pegawe Dinas Pariwisata lan Kebudayaan Lamongan aran Edy lan anggota pulisi perairan (Satpol Airud) Polres Lamongan Bribda S. Darma. Miturut Edy, satemene ana juru silem tradhisional (sinebut uga penyelam kompresor) sing disraya nakyinake bangke kapal sing kerem taun 1936 kuwi.
“Nanging tekan dina sing wis ditemtokake, penyelam tradhisional sijine ora sida budhal awit dipenggak dening sing wadon. Alasane, lokasi sing arep disilemi kuwi kondhang wingit, prasasat jalma mara jalma mati,” kandhane Edy.
Wicaksono Dwi Nugroho kandha sengaja milih wanci minggu kaloro sasi Oktober kanggo nyilem merga kahanan perairan lor Lamongan pinuju bening. Lakuning banyu uga ora pati santer. Mula Wicaksono nggunakake kalodhangan iku kanggo ngrekam kahanane bangke kapal. “Sasi April kepungkur kene gagal nyilem awit banyune segara butheg ngemu lendhut, lakuning banyu uga kuwat,” ujare Wicaksono.
Wicaksono mratelakake menawa eksplorasi bangkene kapal raseksa Van der Wijck pancen dadi targete BPCB taun iki. Sebab, BPCB Jawa Wetan kepengin nylametake arkeologi-arkeologi ing njero banyu saka tindak kadurjanan colong jupuk. Wicaksono ngaku wis naliti perairan Gresik lan Tuban. Ing wewengkon mau pranyata ora tinemu maneh bangke kapal sing wutuh. Racake wesi-wesine wis digraji lan dikethok-kethok dening pedagang besi tua. “Kepara ana bangke kapal sing wis tanpa tilas,” kandhane.
Wicaksono mawas, Van der Wijck wigati dislametake awit blegere dinuga isih wutuh. Masyarakat nelayan Lamongan pancen ngramatake kapal kasebut saengga kalis saka tindak penjarahan. Kejaba kuwi, kapal Van der Wijck uga ngandhut sejarah awit kisah kereme baita kang dijuluki Titanic-e Indonesia iku diangkat menyang novel dening dening Buya Hamka asesirah Tenggelamnya Kapal Van der Wijck.
Sadurunge miwiti nganakake panaliten taun kepungkur, Wicaksono luwih dhisik ngimpun katrangane para nelayan Brondong lan Paciran sing wong tuwa-tuwane biyen tau nyumurupi tragedhi kacilakan kapal ngeres-eresi kuwi. Saka nelayan-nelayan iku Wicaksono diwenehi ancer-ancer ngenani lokasine kacilakan kapal sing dening pendhudhuk lokal Brondong lan Paciran diarani Marina.
Sawise nganthongi katrangane nelayan-nelayan tradhisional, Wicaksono banjur nggoleki titik koordinat-e bangke kapal Van der Wijck nganggo sonar. Wicaksono ngukur saka sandhuwure punthuk. Saka sapucake gumuk, sonar kasil ndheteksi sawijine obyek remeng-remeng ing dhasar segara. April kepungkur, mbarengi sasi pasa, BPCB nekakake juru silem profesional saka Semarang kanggo ngecek obyek kasebut. Nanging juru silem ora bisa nyaketi dununge obyek awit banyune segara butheg tur iline banter banget. Rehne mbebayani, juru silem mau mentas maneh.
Sinau karo gagale juru silem mau, Wicaksono banjur miterang marang nelayan ngenggon ngenani wanci sing prayoga kanggo nyilem. Saka para nelayan, Wicaksono entuk katrangan menawa minggu kapindho lan katelu Oktober mujudake wanci sing becik kanggo nyilem jalaran saliyane banyune pinuju bening, uga iline banyu ora sepiroa banter.
“Tujuwan nyilem kuwi kanggo ngecek bener apa ora obyek remeng-remeng kuwi bangkene kapal. Yen pancen bener bangke kapal, iku Van der Wijck sing ilang kawit 1936 kuwi apa dudu,” kandhane Wicaksono.
***
Kapal Van der Wijck mujudake kapal mewah duweke Koninklijke Paketvaart Maatschappij. Kapal kuwi diprodhuksi ana galangan kapal Maatschappij Feijenoord, Rotterdam, Walanda taun 1921. Dawane kapal 97, 5 meter, amba 13,4 meter, dene dhuwure nggayuh 8,5 meter. Jeneng Van der Wijck dhewe kajupuk saka arane Gubernur Jendral Hindia Belanda taun 1839-1899, Carel Herman Aart Van Der Wijck. Carel Herman lair ana Ambon tanggal 29 Maret 1840 lan tinggal donya ing Baarn tanggal 8 Juli 1914.

Kapal Van der Wijck dumadi saka telung kelas penumpang. Kelas utama utawa VIP kanggo penumpang cacah 60, kelas loro utawa kelas bisnis kanggo 34 penumpang, wondene kelas telu utawa kelas ekonomi kanggo 999 penumpang. Kapal Van der Wijck nggunakake tenaga uap. Ora suwe sawise rampung diprodhuksi ing galangan Maatschappij Feijenoord, Van der Wijck budhal layar menyang Indonesia ing taun 1921 iku uga.
Tekan Indonesia, kapal Van der Wijck lelayaran ing jalur sing tembene dadi jalur pelayarane PT Pelni. Luwih saka sepuluh taun Van der Wijck wira-wiri ana jalur mau. Nanging tanggal 19 Oktober 1936 udakara jam 19.00 dadi dina na-as tumrap baita gedhe kuwi. Surat kabar Ustrali, The Queenslander ing edisi Kemis, 22 Oktober 1936 macak pawarta menawa ujug-ujug kapal jrone kahanan miring sawise 64 kilometer ninggalake Surabaya tumuju Semarang. Miturut surat kabar iku, mung butuh wektu patang menit sadurunge kapal mewah iku ambles menyang dhasaring samodra.
Nalika kacilakan mau kedadeyan, Van der Wijck dinakhodai dening B.C. Akkerman, sawijine nakhoda senior sing duwe pengalaman 25 taun nglakokake kapal-kapal mewah. Wektu kuwi Van der Wijck lagi nempuh laku saka Bali menyang Jakarta. Kejaba penumpang cacah 250-an, kapal uga ngemot 150 ton wesi sing bakal dibongkar ana Plabuhan Tanjung Priok, Jakarta, sarta konsendor bobot 15 ton. Kober mandheg ana Surabaya kanggo ngunggah-ngunggahake wesi-wesi mau, kapal nuli mbacutake laku tumuju Semarang sing dirancang minangka ampiran sabanjure. Nanging pranyata Van der Wijck ora nganti tekan Semarang.
Pamarentah Walanda ngerigake montor mabur Donier cacah wolu lan kapal Angkatan Laut kanggo mitulungi kurban. Walanda uga njaluk tulung nelayan-nelayan lokal sabiyantu evakuasi. Surat kabar Walanda, de Telegraf edisi 22 Oktober 1936, nglapurake menawa penumpang 153 bisa dislametake, dene 58 tiwas lan 42 ilang. Nakhodha B.C, Akkerman klebu sing bisa dislametake. Nanging satemene gunggunge penumpang dinuga luwih akeh saka dhaptar resmi awit saperangan ora kacathet ing manifest kapal. Penumpang-penumpang peteng sing ora mlebu cathetan mau wis lumrah kelakon duk jaman semana.
Mula banjur ana sing ngira-ira yen jumlah totale penumpang Van der Wijck wektu kerem kuwi udakara wong 250. Pangira-ira mau didhasarake karo kahanan nalika Van der Wijck sandar ana Plabuhan Surabaya sawatara jam sadurunge budhal mbacutake laku. Cathetan liya nyebutake menawa gunggunge penumpang Van der Wijck dumadi saka 187 wong pribumi lan 39 warga Eropa. Wondene awak kapal dumadi saka 1 kapten, 11 perwira, 1 telegrafis, 1 stewards, pembantu kapal 5, sarta ABK pribumi 80.
Nganti seprene apa penyebabe Van der Wijck kerem isih durung terang. Ana sing ngira kapal ngalami kebocoran. Ana uga sing nduga lambung kapal bedhah awit ana kobongan ing sistem perapian. Ewadene sawenaning pangira-ira kuwi durung bisa dikonfirmasi.
***
Wicaksono Dwi Nugroho ngandharake, sawise disilemi dening Faizin, sethithik akeh posisine kapal bisa direka-reka. Nadyan piranti rekam sing digawa nyilem Faizin mung ngasilake gambar remu-remu, nanging blegering bangke kapal wis bisa dikira-kira. Upamane andha lan crobong asepe kasil karekam. Nadyan penyelam tradhisional mung keconggah nyilem paling jero 36 meter saka 54 meter jerone segara, nanging Wicaksono wis wani njupuk dudutan awal yen obyek kasebut pancen bener-bener bangke kapal.
Adhedhasar visualisasi asile rekamane juru silem tradhisional mau, bangke kapal iku jrone posisi miring. Mujure ngidul ngulon lan ngalor ngetan, dene crobonge rubuh mengalor. Nadyan durung bisa dibuktekake, ewasemono Wicaksono yakin kapal iku bangkening Van der Wijck. “Keyakinanku 70 persen,” ujare Wicaksono.
Ngenani lokasi kereme kapal sing rada nyisih karo jalur-jalur pelayaran wektu iku, Wicaksono ngira nakhodha mbudidaya nggawa minggir kapale nalika nyumurupi ana masalah. Nanging ora nutut. Durung nganti tekan panggonan sing aman, kapal kaselak kerem. “Iku mung pangira-iraku wae, butuh panylidikan sing luwih tliti,” ujare Wicaksono. Wicaksono kandha kanggo sauntara kegiyatan eksplorasi diendheg. Asile panaliten awal mau dening Wicaksono diandharake marang pejabat kawogan Pemkab Lamongan. Dene panaliten sabanjure bakal ditindakake Oktober taun ngarep utawa ngepasi banyu segara ing kahanan bening. “Yen dibacutake saiki percuma, merga ing sanjabane sasi Oktober segarane ora bisa disilemi,” ujare Wicaksono.


