Puluhan taun lawase lokasi kereme kapal Van der Wijck dikramatake dening nelayan-nelayan Lamongan. Penyebabe, ana nelayan sing ngaku krungu swarane pesta andrawina lan musik dhansa nalika kapale ngliwati panggonan kono. Van der Wijck sing kakubur 54 meter ing njero segara iku dianggep dadi kapal dhemit. Lagi ing taun 1982 ana pemburu “bandha karun” sing nekad nyilem kanggo njupuk isen-isening kapal. Nanging apa sing kedadeyan karo juru silem kuwi?
Tragedhi kereme kapal Van der Wijck diweruhi sepisanan dening nelayan-nelayan Brondong lan Paciran, Lamongan, tanggal 20 Oktober 1936 wanci subuh. Langit isih peteng. Nanging juru misaya mina iku wis 17 mil ninggalake gisik. Prau-prau sing digunakake kanggo golek iwak racak wujud jukung. Penggerake arupa layar ditambah tenaga satang. Parak esuk iku ombak segara Jawa pinuju anteng. Iring-iringan prau tradhisional iku ngarah menyang lokasi kang padha: susuhing iwak ing sakiwa tengene titik 17 mil kono.

Dumadakan lamat-lamat keprungu pangrintih njaluk tulung sesautan. Swarane alon, cat krungu cat ora, sajak wis ora duwe daya kanggo mbengok sora. Nelayan-nelayan iku cekat-ceket melahi praune marani prenahe swara. Sepira kagete para nelayan mau bareng nyumurupi wong-wong kulit putih padha kemampul karo ngekep ban pelampung.
Wurung golek iwak, nelayan-nelayan mau ganti epyoh mitulungi kurban. Kabeh kurban enggal diunggahake prau, nuli gegancangan diangkut bali menyang pesisir Blimbing. Puluhan kurban bisa dislametake. Salah sijine nelayan sing mitulungi kurban mau aran Sari Kastiman. Nalika lunga menyang tengah segara parak esuk kuwi, Sari Kastiman mbeneri ngajak anake lanang, Kasmijan, sing umure ngancik 12 taun.
“Simbah lan bapakku kandha weruh akeh uwong pating krampul karo cekelan ban, nanging kapale ora katon. Kapale wis kerem tanpa tabet,” kandhane Agus Mulyono (55 taun), anake Kasmijan, nalika diwawancarai ing pesisir Blimbing, Kecamatan Brondong, durung suwe iki.
Nitik kahanane kurban sing lemes, pucet, lan kadhemen, Sari Kastiman nduga wong-wong iku kakum banyu wiwit sadurunge tengah wengi. Sari Kastiman lan Kasmijan kasil mitulungi nonik Walanda cacah loro lan priya bule siji. Wondene kurban-kurban liyane dievakuasi dening nelayan-nelayan kanca rowange Sari Kastiman. “Simbah kandha ora nyumurupi barang-barang pengaji sing kumambang saliyane manungsa-manungsa iku,” ujare Agus.
Esuk kuwi kabeh kurban diklumpukake ana pesisir Blimbing. Warga nelayan lanang wadon tumandang ngupakara kurban-kurban kasebut. Miturut Agus, simbahe tau crita, senadyan ngerti yen sing dadi kurban iku bangsa penjajah, nanging para nelayan padha nengenake rasa kamanungsane. Sekawit nelayan-nelayan iku pancen kober prang batin antarane mitulungi wong-wong Landa kuwi apa ngetogake kareben mati klelep. Sebab, sithik akeh nelayan uga ngigit-igit marang pakartine Landa kang sewenang-wenang marang wong-wong pribumi. “Nanging wekasane rasa kamanungsan kang gedhe njurung nelayan-nelayan mau cepet tumindak nylametake kurban,” kandhane Agus.

Kanggo males kabecikane nelayan-nelayan Brondong lan Paciran, pamarentah Kerajaan Walanda lumantar Wedana Paciran banjur ndhata sapa wae nelayan sing wis mitulungi kurbaning kapal Van der Wijck mau. Sari Kastiman klebu sing didhata. Nelayan-nelayan mau banjur antuk bebana arupa prau kanggo golek iwak.
Manut Agus prau-prau pawewehe pamarentah Kerajaan Walanda mau klebu prau sing kuwalitase lumayan becik kanggo ukurane nelayan tradhisional Lamongan. Yen ditapsir nganggo dhuwit saiki, kerta ajine prau siji ora kurang saka Rp 50- Rp 60 yuta. “Dhuwit samono iku ing taun 1936 wis gedhe banget,” kandhane Agus.
Kanggo ngeling-eling tragedhi kereme Van der Wijck sarta kabecikane nelayan sing tetulung kurban, Kerajaan Walanda ngedegake monumen ing pesisir Brondong. Kejaba kuwi, saben tanggal 20 Oktober sawise tragedhi ngeres-eresi kuwi, Walanda nganakake festival prau dhayung mligi kanggo nelayan Brondong lan Paciran. Rutene saka pesisir Brondong tumuju lokasi kereme kapal Van der Wijck, nuli mbalik maneh menyang pesisir. Ing papan kereme Van der Wijck, wong-wong mau nglarung sesaji. Ujube ndongakake kurban-kurban sing tiwas tinampa arwahe ana sisihe Gusti-ne. Nanging nalika Jepang teka ing Indonesia taun 1942, festival prau dhayung iku disuwak merga wong-wong cebol kepalang iku ora seneng karo bab sing mambu-mambu Landa.
Kapal Dhemit
Miturut Agus, puluhan taun lawase ora ana sing wani nguthak-athik bangkene kapal Van der Wijck. Ajaa kok nguthak-athik, sedheng nyedhaki wae wedi. Jalaran ana kabar yen lokasi kereme baita raseksa iku malih dadi papan kang wingit. Taun 1940-an, kandhane Agus, sawenehe nelayan sing praune kebeneran ngliwati panggonan kono ngaku krungu swara rame-rame pesta andrawina sineling unine musik dhansa. Guyu lakak-lakak lan pating kluthik swarane wong mangan-ngombe keprungu cetha. “Crita-crita mistis iku nyebabake nelayan Lamongan ora wani nyedhak menyang lokasi kereme kapal,” ucape Agus.
Nganti wusanane ing taun 1982, sawenehe pemburu “bandha karun” aran Darsono mara menyang omahe Kasmijan, ya bapake Agus Mulyono, ing Paciran. Darsono teka wanci bengi kanthi sesidheman. Agus, sing nalika kuwi kelas 2 SMP, nggambarake Darsono kadidene priya sing sandhang penganggone ajeg rapi. Dedeg piyadege dhuwur, jungkatane klimis.
Marang Kasmijan, Darsono nepungake dhirine minangka pegawe Pengadilan Negeri Bojonegoro. Darsono dikancani juru silem tradhisional aran Kadir dalah bebaune siji. Darsono nelakake karepe nedya ndhudhah isen-isening kapal Van der Wijck. Dheweke njaluk idin nggunakake omahe Kasmijan minangka “posko.” Darsono ngaku wis “survei” omah-omah sing pantes minangka posko lan nganggep omahe Kasmijan sing paling cocog.
Minangka nelayan kang lugu, Kasmijan ora kuwawa nduwa karepe Darsono. Kasmijan mung ngelikake Darsono menawa bangkene Van der Wijck wis dadi kapal dhemit. Parandene pangelik-elike Kasmijan mau ora direwes dening Darsono. Kepara ing dina-dina candhake Darsono lan Kadir asring mara menyang omahe Kasmijan ing ndhuwure jam 22.00. Kliwat tengah wengi Darsono, Kadir lan para bebaune banjur budhal menyang lokasi kereme Van der Wijck karo nggawa piranti nyilem komplit.

Miturut Agus, Darsono sarowang lagi bali menyang omahe Kasmijan wanci awan. Pisan pindho nyilem, Kadir durung entuk apa-apa. Nanging ing wektu-wektu bacute, Kadir kasil nggawa munggah piranti pawon arupa piring, gelas lan sendhok. “Aku tau weruh ing salah sijine piring kuwi ana tulisane ‘made in England’,” ujare Agus.
Marang Kasmijan, Kadir tau crita yen kejaba pralatan dhapur, dheweke uga nyumurupi menawa kapal mau ngemot wesi. Nanging Darsono mung kepengin njupuk barang-barang antik sing kira-kira gampang diedol lan cepet payu. Sawise barang-barang mau nglumpuk, bengine lagi diangkut nganggo mobil. Kasmijan ora ngerti digawa menyang ngendi isen-isening kapal iku dening Darsono. “Lan apa tenan Darsono iku pegawe Pengadilan Negeri Bojonegoro, bapakku ya ora ngecek. Karang mung nelayan lugu,” ujare Agus.
Agus pratela, mbuh merga kesusu-susu apa piye, bengi kuwi ana gelas siji sing ora katut kegawa ing mobile Darsono. Bojone Kasmijan, ya simboke Agus, seneng banget. Gelas iku banjur disinggahake ana lemari. Nanging bengine simboke Agus ngimpi ditemoni priya nggantheng nganggo serban. Dheweke ora ngolehi gelas iku disimpen. “Simbok keweden,” kandhane Agus.
Nadyan wis entuk pralatan-pralatan pawon, nanging Darsono lan Kadir durung marem. Lelorone bali maneh menyang omahe Kasmijan saperlu mbacutake njupuk isen-isening kapal. Sajake pancen ana barang luwih pengaji sanjerone kapal sing lagi diincer Darsono. Kadir tau mbisiki Kasmijan menawa dheweke weruh tumpukan pethi-pethi wesi ing kamare kapten kapal. Nanging lawang kamar iku dikunci.
“Yen bisa nggawa munggah pethi-pethi wesi kuwi, Kadir janji bakal mbayari bapak lan simbok lunga kaji. Mangka Kadir durung weruh isen-isening pethi. Dheweke mung ngira-ira menawa isine pethi iku mas picis raja brana,” ujare Agus. Nganti nyilem kang pungkasan, Kadir durung bisa njupuk pethi-pethi mau. Dheweke mung entuk kaca pengilon lan jendhela kang diplipit kuningan. Sok ngonowa Kadir isih penasaran. Dheweke sumedya bali nyilem maneh kanggo njupuk pethi-pethi kuwi. Ewadene niyat kuwi ora tau kelakon. “Sebab sawatara dina candhake Kadir tinggal donya jrone kacilakan,” kandhane Agus.
Panulis: Kukuh Setyo Wibowo



