Tragedhi Penyair kang Kajebak Revolusi Sosial

Amir Hamzah

Kuburan siningid ing tengah kebon ladha kang ketel wilayah Kwala Begumit, Binjai, Sumatra Lor kuwi dikedhuk taun 1948. Cumplung lan balung-balunge manungsa dikukupi, nuli diusung kendharaan tumuju Mesjid Azizi, Tanjung Pura, udakara 38 kilometer saka Kwala Begumit. Ing platarane mesjid kasebut, rangka-rangkaning manungsa kuwi dipendhem kanthi pakurmatan mirunggan.

Salah siji ing antarane jisim kang pindhah kuwi diyakini kadidene Amir Hamzah, penyair kondhang taun 40-an. Untu bam (geraham) loro sing rompal nuntun ahli forensik mesthekake lamun kuwi kunarpane sang pujangga. Tandha pengenal liyane arupa ali-ali emas sinasapan nilam cumanthel driji, sarta jimat wujud timah kang isih ginembol ana clana karung goni.

Amir Hamzah dudu penyair sembarangan. Priya kelairan Langkat 11 Pebruari 1911 iku klebu bangsawan ing Kasultanan Langkat. Ing anggane mili getih ningrat. Nanging revolusi sosial sakiwa tengene proklamasi kamardikan 1945, nyeret nasibe Amir Hamzah menyang jurange pepati.

Kabar lamun Bung Karno wismroklamasekake kamardikaning Indonesia wusana keprungu dening Sultan Mahmud, raja Kasultanan Langkat. Tanpa mikir dawa, tanggal 5 Oktober 1945, Sultan Mahmud nyatakake dhiri nggamblok marang pamarentahan republik. Ing sisih liya, rakyat, mligine sing isih sentosa dhadha baune, banjur mbentuk klompok-klompok pejuwang kanggo ngukuhi kamardikan kang bakal direbut bali dening Walanda lan Inggris. Laskar-laskar pejuwang iku uga duwe panemu: bangsawan kang dianggep dadi antheke penjajah wajib disirnakake.

Wanci sore tanggal 4 Maret 1946 massa cacah atusan nganakake pawai arak-arakan ana sakiwa tengene Kasultanan Langkat. Karo mlaku dhampyak-dhampyak massa saka organisasi Pemuda Sosialis Indonesia (Pesindo), Laskar Rakyat, Harimau Liar lan Napindo iku koor nyanyekake lagu Darah Rakyat. Ing plataraning kasultanan, wong-wong kuwi bengok-bengok pating braok nyuwara kesumat, “Rakyat kuwasa, sirnakna bangsawan keparat!”

Massa banjur mbacutake laku menyang Binjai saperlu nggoleki Amir Hamzah, mantune Sultan Machmud. Amir Hamzah, Asisten Residen Langkat, mbudidaya tenang. Sawise ngetogake massa ngrusak saperangan wewangunan kantor karesidenan, Amir Hamzah lagi marani pimpinane dhemonstran saperlu diajak omong. Massa ngotot amrih gendera Kasultanan Langkat sing ngampingi gendera nasional merah putih dicopot. Panjaluk iku dituruti dening Amir Hamzah. Massa nuli ninggalake Karesidenan Langkat isih karo nggawa pangigit.

Maca glagat sing ora becik, Saidi Husny, sawenehe pulisi tepungane Amir Hamzah, ngelikake amrih penyair era Pujangga Baru iku enggal-enggal ngungsi awit keslametane lagi jroning bebaya. Nanging Amir Hamzah nulak. Telung ndina candhake, 7 Maret 1946, klompok pemudha iku mara maneh menyang kantor karesidenan. Tekane wong-wong kang patrape bringas briga-brigi kuwi kanggo mikut Amir Hamzah. Novelis NH Dini ing bukune asesirah Amir Hamzah: Pangeran Dari Seberang, nuturake, sadurunge lunga, Amir kober nggendhong lan ngambungi anak tunggale, Tengku Tahura, kang isih umur 7 taun. Diungkuli gegaman landhep, Amir banjur diunggahake menyang mobil pikep. Lungane diuntabake tangise Tahura lan Kamalia, bojone, kang padha kaweden.

Dening penculike Amir Hamzah banjur digawa menyang sawijining wewangunan tilas gedhong penjara Kempetai ana tepining Kali Mencirim, Binjai. Ana wong 26 sing ditahan bareng karo Amir Hamzah. Sandhang penganggone padha dilucuti, diganti clana karung goni wates dhengkul. Ing tahanan Amir Hamzah dipilara, diundamana sarta dituding minangka antheke Landa. Sasuwene Amir Hamzah ditahan, penculike nekani Kamalia lan ngabarake menawa kahanane sing lanang apik-apik wae. Penculik uga rewa-rewa njaluk sega goreng sing dadi karemane Amir Hamzah. Kamaliah titip sandhangan salin lan Al Qur’an kanggo sing lanang. Nanging mung sega goreng lan Al Qur’an wae sing diwenehake Amir, sandhang penganggo titipane Kamalia ditahan penculik.

Tengku M. Lah Husni, jrone bukune Biografi-Sejarah Pujangga dan Pahlawan Nasional Amir Hamzah (1978) ngandharake, telulas dina sawise ditahan ana tilas penjara Kempetai, tanggal 20 Maret 1946 bengi, Amir Hamzah digawa menyang kebon ladha Kwala Begumit. Ing papan lindhuk lan sepi iku, Amir kober disiksa nganti untubame rompal loro. Penculik njaluk digawekake pantun kanggo kenang-kenangan. Amir nuli gawe oret-oretan: Datanglah engkau wahai maut, lepaskan aku dari nestapa. Engkau lagi tempatku bertaut, di waktu ini gelap gulita.

Jam 02.00 tawanan dibarisake satengahe kebon ladha. Mripat disikep gombal. Amir Hamzah ngrerepa amrih ora diprajaya, awit yen dheweke mati, pamarentahan republik sing bakal diluputake dening sejarah. Amir uga mratelakake andhile ing donyaning gerakan lumawan penjajah. Nanging para penculik mau ora ana sing peduli. Amir tetep disengguh anthek kolonial sarta feodal kraton sing kudu dipateni. Sadurunge ditigas janggane, Amir njaluk diwenehi wektu kanggo nindakake sholat. Jisime Amir Hamzah lan tawanan liyane banjur dikubur ana tengah kebon ladha Kono.

Rong taun lawase kubure Amir Hamzah digawe wadi dening para penculike. Nanging wekasane lokasi mau kewiyak ora kasengaja ing Pengadilan Langkat 1948. Jrone sidhang kang ngadili Ijang, anggota klompok pemudha kang didakwa mrajaya Philips Simanjuntak, pulisi sing uga ilang diculik, wusana ana pangkuwan bab lokasi eksekusi mati ing tengahe kebon ladha kasebut.

Kasultanan Langkat

Sawise Indonesia mardika, dhestun tlatah Sumatra Timur malah kaco dening ontran-ontran kang ditimbulake klompok-klompok pemudha “haluan kiwa” sing ngakune minangka laskar pejuwang. Miturut N.H. Dini, bangsawan-bangsawan ningrat ing Binjai akeh sing dadi sasaraning penculikan. Bangsawan-bangsawan kuwi diburu kanggo diprajaya.

Ana sing sawise diculik banjur diluwari, nanging ora sethithik uga sing terus ditahan nuli dieksekusi mati. Klompok-klompok pemudha iku uga gawe rusak wewangunan kraton. Taun 1947 upamane istana Kasultanan Langkat ing Tanjung Pura lan Binjai diobrak-abrik nganti rata karo lemah. Para wanita kasultanan dioyak-oyak lan diprawasa.

Tirto.id ing artikel asesirah Pembunuhan Amir Hamzah dan Revolusi Sosial di Sumatera Timur nuturake ontran-ontran mrembet menyang Kasultanan Asahan, Koewaloe, Karo, Simalungun, Bilah lan Pinang. Tengku Zulkifli, sawenehe seksi sejarah pratela, klompok-klompok pemudha mau kejaba gawe rusuh uga ngrampog donya brana isen-isening kasultanan.

Anarkisme ngambra-ambra. Ukum ora diwedeni. Miturut Zulkifli, putra putrine Sultan Machmud cacah loro klebu sing diprawasa grombolan perusuh ana sangarepe ingkang rama. Mula Zulkifli ora sarujuk yen ontran-ontran iku diarani revolusi sosial. “Kuwi cetha kerusuhan sing ditindakake dening gerombolan durjana,” kandhane.

Sejarawan Walanda, Rickflefs, jrone buku mawa judhul Sejarah Indonesia Modern mratelakake kanggo nyirep kerusuhan dening pepanthaning komunis mau pamarentah pusat ngerigake tentara lan pulisi. Sawatara tetunggule perusuh dipikut. Tindak anarkisme lerem. Nanging traumane para bangsawan kraton ora bisa dibusak ngono wae.

***

Panulis: KSW

Bagikan artikel ini
Thania Dewi Kartika
Thania Dewi Kartika
Articles: 8