Ireng Putih Tlacake Wikana

Wikana
Sukarno satemene dudu wong anyar tumrap Wikana. Wiwit ambyur menyang donyane gerakan politik jaman Landa, Wikana wis wanuh karo Sukarno. Miturut analis politik Amerika, Ben Anderson, Wikana klebu anak didike Sukarno ing organisasi Barisan Pemuda Gerakan Rakyat Indonesia (Gerindo). 

Tanggal 14 Agustus 1945 wanci surup, Sukarno-Hatta sing meh seminggu lelana menyang Vietnam, ndharat ing Jakarta. Situasi gawat. Kabar kalahe Jepang saka Sekuthu keprungu santer. Bengi kuwi uga Sukarno-Hatta miterang menyang pihak Jepang bener orane pawarta kuwi. Jepang ora nampik. Sukarno-Hatta ngendhelong atine. Yen Jepang teluk, banjur marang sapa Indonesia nagih kamardikan? Minangka pihak sing kasoran, apa iya Jepang bisa mujudi janjine menehi kamardikan marang Indonesia tanggal 24 Agustus 1945 kaya sing kaweca dening Marsekal Hisaichi Terauchi marang Sukarno-Hatta ing Dalat, Vietnam?

Dina kuwi uga kabar manungkule Jepang tanpa syarat marang Sekuthu ing sandhuwure kapal prang USS Missouri wis dirungu dening pemudha lan mahasiswa klompok dhiskusi Menteng 31. Tanggal 15 Agustus wanci esuk, para pemudha-mahasiswa iku enggal nglumpuk ing Cikini. Wikana siji ing antarane. Rapat prasaja sangisoring uwit iku mutusake ngirim dhelegasi ngadhep Sukarno-Hatta saperlu ndheseg gelema mbiwarakake proklamasi kamardikan sacepete. Wikana, Subadio, Ahmad Aidit (pemudha saka Lampung) lan Suroto Kunto sing ditugasi ngomong karo Sukarno.

Bengine, dhelegasi mau sida nemoni Sukarno ing omahe, Jalan Pegangsaan Timur No. 56 Jakarta. Tokoh-tokoh tuwa kebeneran lagi nglumpuk. Jumbuh karo mupakatane rapat Cikini, tanpa kakehan basa-basi Wikana sakanca meksa Sukarno supaya enggal-enggal mroklamirake kamardikan. Yen perlu tanggal 16 Agustus esuk proklamasi kudu wis ngumandhang.

Sukarno ora bisa mutusake, jalaran butuh rembugan dhisik karo golongan tuwa. Wikana menehi wektu Sukarno nggelar rapat klawan tokoh-tokoh senior ing ruwang njero, dene dheweke sarowang nunggu ana kamar tamu. Cekake bengi iku kudu ana keputusan. Ora watara suwe Hatta metu menyang ruwang tamu kanthi praupan mbrabak. Dheweke kandha menawa golongan tuwa emoh dipeksa-peksa nuruti karepe “bocah wingi sore.” Hatta njaluk pemudha lan mahasiswa ora grusa-grusu, ngiras ngenteni Jepang pasrah bongkokan marang Sekuthu.

Wikana ora sarujuk karo Hatta. Manut panemune Wikana, iki wektu sing paling pas kanggo mroklamirake kamardikan. Yen pasukan Sekuthu kaselak teka menyang Indonesia, kamardikan bakal cabar. Dhebat antarane golongan enom lan tuwa ora bisa disingkiri. “Yen kowe kabeh pancen sanggup mroklamirake kamardikan, cobanen! Aku kepengin ndeleng kesanggupanmu kuwi,” ucape Hatta atos.

Swasana sangsaya nggekeng. Mahasiswa sing nduweni “darah muda” sakala emosi. Sikepe wong-wong tuwa mau dianggep lelet. Wedi njupuk risiko. Mangka jrone swasana genting kuwi, butuh keputusan sing cag-ceg. Wektune sangsaya mepet.

“Yen nganti sesuk kamardikan durung dibiwarakake, para pemudha lan mahasiswa bakal mbuktekake kesanggupane,” ucape Wikana katujokake Hatta. Marang Sukarno dheweke muwus, “Yen panjenengan ora sacepete mroklamirake kamardikan, titenana, sesuk bakal dumadi rajapati lan kutahing getih!”

Suhartono Pranoto, ing bukune asesirah Kaigun Angkatan Laut Jepang Penentu Krisis Proklamasi (2007) nyebutake menawa Sukarno mangsuli pangancame Wikana kathi swara bantas, “Iki guluku, sereten aku menyang pojokan kono. Patenana aku!”

Sukarno satemene dudu wong anyar tumrap Wikana. Wiwit jaman Landa, lanang kelairan Sumedang, 16 Oktober 1914 kuwi wis kenal apik karo Sukarno. Miturut analis politik Amerika, Ben Anderson, Wikana klebu anak didike Sukarno ing organisasi Barisan Pemuda Gerakan Rakyat Indonesia (Gerindo). Wikana kapilih dadi ketuane. Harry Poeze jrone buku Madiun 1948, PKI Bergerak (2011) ngandharake, ing jaman Jepang Wikana tetep aktif ana gerakan politik. Ya ing kono dheweke ketemu karo Dipa Nusantara Aidit lan Lukman, kang tembene dadi tokoh utama Central Comite (CC) PKI. Wikana diajak ngedegake organisasi Gerakan Indonesia Merdeka (Gerindom).

Wikana sakanca mbuktekake kesanggupane marang Sukarno-Hatta. Ora mroklamirake kamardikan kaya ucape sekawit, nanging nyulik Sukarno-Hatta tanggal 16 Agustus 1945. Ibu negara Fatmawati lan putrane sing isih bayi, Guntur Soekarnoputra, klebu sing diculik. Marang Sukarno-Hatta, klompok penculik iku alesan yen laskar PETA lan Heiho bakal brontak. Mula Sukarno-Hatta kudu disingidake amrih ora dadi sasaran tembak. Sukarno-Hatta banjur digawa menyang Rengasdengklok, Karawang. Rengasdengklok dipilih Wikana jalaran Komandan PETA wilayah kono wani njamin keamanane Sukarno-Hatta.

Nyatane PETA lan Heiho ora brontak. Tandha-tandha brontak uga ora ana. Nanging Jakarta kebacut geger merga Sukarno-Hatta ilang tanpa pepoyan. Ahmad Soebardjo kober ngira Sukarno-Hatta dirangket dening Angkatan Darat Jepang. Wakile Laksamana Maeda, Nishijima, sing entuk bocoran ilange Sukarno-Hatta, age-age nemoni Wikana ing Asrama Indonesia Merdeka. Nishijima meksa Wikana nuduhake papane Sukarno ‘disandera.’ Dhebat panas kober kelakon jalaran Wikana ora gelem menehi weruh. Wikana lagi gelem kompromi sawise Maeda lan Nashijima njamin keslametane Sukarno-Hatta. Maeda uga janji bakal ngayomi samangsa Sukarno-Hatta mroklamirake kamardikan saiki uga. 

Sukarno-Hatta ing Rengasdengklok

Subardjo budhal mapag Sukarno-Hatta menyang Rengasdengklok. Tekan Rengasdengklok wis surup. Sukarno-Hatta sehat, ora kurang sawiji apa. Jam wolu bengi kabeh bali menyang Jakarta. Bengi kuwi Sukarno-Hatta ora turu. Konsep proklamasi disusun ana omahe Laksamana Maeda, komandhan Angkatan Laut Jepang ing Jakarta. Lan esuke, 17 Agustus 1945, proklamasi sida dikumandhangake saka Jalan Pegangsaan Timur No. 56.

Paham Kiwa

Wikana dudu anthek Jepang nadyan dheweke mapan ana Asrama Indonesia Merdeka sing dibangun dening Laksamana Maeda, Oktober 1944. Jer Maeda dhewe meneng-meneng simpati karo perjuwangane rakyat Indonesia. Ahmad Subardjo sing dipercaya Maeda minangka pemimpin asrama, nglebokake Wikana nyambut gawe ana lingkungan Angkatan Laut Jepang. Subardjo satemene sengaja “nyingidake” Wikana saka intelijen Jepang sing ngawat-awati klompok komunis pangombyonge Tan Malaka. Wikana salah siji simpatisane Tan Malaka.

Sawise Jepang lunga saka Indonesia, Wikana milih dalan sing kebak risiko: nggamblok PKI. Dheweke kembet karo prastawa Madiun 1948, ontran-ontran kebak getih sing dikobarake dening laskar Front Demokrasi Rakyat (FDR). Wikana salah siji saka pentholane FDR. Sadurunge prastawa Madiun kelakon, Wikana didhapuk minangka Gubernur Militer ing Solo. Bareng laskar FDR Madiun kasil dilumpuhake tentara, Wikana ngilang.

Taun 1950 Wikana muncul maneh. Dheweke mbacutake karir politike kanthi nggamblok CC PKI sing dipimpin Dipa Nusantara Aidit lan Lukman. Nadyan duk nalika jaman Jepang Wikana tau aktif bareng ing Gerindom karo kancane loro kuwi, nanging wekasane dheweke kesisih sawise Aidit lan Lukman munggah minangka pucuk pimpinane PKI. Wikana kalebu anggota Majelis Permusyawaratan Rakyat Sementara (MPRS) nalika Gestapu 1965 njeblug.

Wikana ora nyumurupi diculike jendral-jendral Angkatan Darat awit dheweke lagi nekani pengetan Dina Nasionalis Tiongkok ing Beijing. Mulih saka Beijing tanggal 10 Oktober 1965, Wikana langsung ditangkep tentara lan digawa menyang Kodam Jaya. Kober nginep sewengi ana markas tentara mau, esuke Wikana diolehi mulih. Nanging sasi Juni 1966 Wikana bali dipikut tentara saka omahe ing Jalan Dempo, Matraman Platsoen. Sawise digawa tentara kanggo sing kaping pindho kuwi, Wikana ora tau mulih maneh. Wikana ilang. Nasibe ora kasumurupan.

Andhile Wikana ing sakiwa tengene proklamasi kamardikan sempat diilangake dening Orde Baru. Ewadene aktivis pecinta alam saka Universitas Indonesia, Soe Hok Gie, jrone skripsine kang diwenehi judhul Orang-orang Di Persimpangan Kiri Jalan (1969) nyathet mengkene: “Tanpa Wikana, proklamasi Indonesia ora mlaku rancag.”

***

Panulis: KSW

Bagikan artikel ini
Thania Dewi Kartika
Thania Dewi Kartika
Articles: 8