Nrima Ing Pandum kanggo Ngawekani Burnout

Ilustrasi kahanan burnout lan nrima ing pandum.

Medhia sosial saiki minangka wahana kang raket karo uripe Gen Z (generasi sing lair 1997–2012). Adhedhasar survei APJII taun 2026, Gen Z nduweni tingkat penetrasi internet nganti 89,02%. Kanthi dulat-dulit layar ponsel, maneka warna pawarta, apa kuwi ngenani asil, prestasi, utawa lelakone wong liya bisa dipikolehi saben saben dina. Kahanan iki nyatane bisa nuwuhake pakulinan nandhingake uripe pribadi karo wong liya, nganti tumuwuh rasa meri lan ora kena kari (fomo).

Nalika tuntutan kasebut terus dituruti tanpa nggatekake wates dhiri lan kabutuhan kanggo ngaso, tekanan bisa numpuk lan nuwuhake samubarang sing diarani burnout, yaiku kahanan kesele awak, emosional, lan mental.

Saka kene banjur muncul pitakon: apa kabeh kuwi kudu digayuh nganti kasil kaya kang dikarepake? Lan nalika asile ora cocog karo sing dikarepake, apa kudu terus awake dhewe sing disalahake?

Salah siji piwulang Jawa kang mawas pitakon kasebut yaiku nrima ing pandum. Babagan nrima iki katon ing Serat Wulangreh anggitane Susuhunan Paku Buwana IV, mligine Pupuh Mijil pada 5–7 yaiku:

05. Yen wong bodho datan nedya ugi, atakon tetiron, anarima titah ing bodhone, iku wong narima norabecik dene ingkang becik, wong narima iku.

06. Kaya upamane wong angabdi, marang sing Sang Katong, lawas-lawas ketekan sedyane, dadi mantri utawa bupati, miwah saliyaneng, ing tyas kang panuju.

07. Nuli narima tyasing batin, tan mengeng ing Katong, rumasa ing kanikmatane, sihing gusti tumeking nak rabi, wong narima becik, kang mangkono iku.

Cakepan pada 5–7 nuduhake yen narima ora ateges meneng nampa kekurangan, nanging tetep ngupaya nggayuh gegayuhan lan nampa apa kang wis dipikolehi kanthi rasa sukur marang sihing Gusti.

Piwulang kasebut cundhuk karo piwulang qana’ah ing Islam, yaiku samya sikep nampa lan rumangsa cukup marang peparinge Gusti, tanpa mandheg ngupaya. 

Ing psikologi modern, gagasan iki gegayutan karo self-compassion kang dikembangake dening psikolog Amerikah, Kristin Neff. Ing bukune Self-Compassion (2011), Neff nerangake manawa self-compassion yaiku sikap welas asih marang awake dhewe nalika ngadhepi kegagalan, kekurangan, utawa kahanan kang angel. Sikep iki meling marang pawongan supaya ora langsung nyalahake awake dhewe nalika ora bisa nggayuh apa kang dikarepake.

Ing uripe Gen Z, sikep kasebut bisa dadi pangeling nalika tuntutan lan target teka kanthi gilir-gumanti. Nalika gegayuhan ora katetepake kanthi sampurna, kita ora kudu nyalahake dhiri pribadi. Sing perlu dicakake yaiku mbudidaya kanthi mahami watesing dhiri.

Mula, nrima ing pandum dudu piwulang supaya Gen Z mandheg anggone nguber gegayuhane. Nrima ngelingake supaya gegayuhan kudu ditetepake kanthi mawa wates, arah sing cetha, lan rasa nrima yen ta nyatane gegayuhane kuwi ora bisa kasembadan.

Nalika samubarang sing kasatmripat isih bisa diowahi, becik kudu tetep diupayakake. Nanging, nalika upayane wis tinemu asile, becik-alane ya kudu ditampa kanthi legawa luwih-luwih bisa linambaran rasa sukur. Ngaso nalika kesel dudu merga kalah, nanging kanggo njaga kaslarasane urip.

***

Panulis: Tika Puji Lestari
(Mahasiswa Magang S-1 Pendhidhikan Basa lan Sastra Jawa, Universitas Negeri Surabaya)

Panitipriksa: Ahmad Rizky Wahyudi

Bagikan artikel ini
Tika Puji Lestari
Tika Puji Lestari
Articles: 15