Pj. Gubernur Jatim bebarengan Kapolri lan Panglima TNI Tetinjo Persiapan Nataru

Penjabat (Pj.) Gubernur Jawa Timur Adhy Karyono kepareng ngampingi Kapolri Jenderal Listyo Sigit Prabowo lan Panglima TNI Jenderal Agus Subiyanto tetinjo kesiapan Posko Terpadu Angkutan Laut ngarepake Liburan Natal 2024 lan Tahun Baru (Nataru) 2025 ing Pelabuhan Tanjung Perak Surabaya, Jumat mentas iki (20/12).

Katelune mirsani langsung sistem monitor data ing Posko Terpadu Angkutan Laut Natal 2024 lan Taun Baru 2025. Sarta melu mriksa maneka fasilitas pelabuhan kaya upamane loket, pos kesehatan, area check-in engga fasilitas ing njero kapal penumpang.

Sarampunge tetinjo, Pj. Gubernur Adhy ngendika, kesiapan ing Posko Terpadu iki apik banget amarga anane sinergi lan kolaborasi maneka pihak. Saengga oleh apresiasi langsung saka Kapolri lan Panglima TNI.

Miturut Adhy, persiapan kaya ngene iki pancen kudu ditindakake kanggo njamin keamanan lan kenyamanan masarakat sajrone prei Nataru. Mula iku, kelancaran transportasi lan kesiapan layanan ing pelabuhan dadi kawigaten Forkopimda Jatim mapag libur Nataru.

Adhedhasar data saka Badan Kebijakan Transportasi Kementerian Perhubungan, potensi lelungane masyarakat saka Jawa Timur nggayuh 18,67 yuta jiwa. Dene Jatim uga dadi tujuan tekane wong sing paling akèh, yaiku 17,46 yuta jiwa. Loro-lorone mapan peringkat siji nasional.

“Mula iku kesiapan kuwi penting banget, saengga Pemprov Jatim bebarengan karo jajaran Forkopimda uga nggandheng BMKG lan instansi liyane kanggo mesthekake liburan Nataru ing Jatim iki aman lan lancar. Klebu kesiapan ing mangsa udan iki,” ujare Adhy Karyono.

Salah sijine wujud kolaborasi sing ditindakake mau yaiku Operasi Modifikasi Cuaca (OMC) dening Badan Meteorologi, Klimatologi lan Geofisika (BMKG) Jatim. Lumantar OMC iki, diajab bisa ngurangi dampak cuaca ekstrem ing sakiwa tengene wilayah Jawa Timur.

Sauntara kuwi, Kapolri Jenderal Listyo Sigit Prabowo mratelakake, kesiapan kabeh elemen ing Jatim jroning ngadhepi Nataru 2025 pancen patut diapresiasi, mligine sajrone ngleksanakake OMC. Miturut Listyo Sigit, OMC ora mung mupangati ing dharatan, nanging dipesthekake ora mbebayani angkutan laut.

Selaras karo Kapolri, Panglima TNI Jenderal Agus Subiyanto uga nelakake apresiasine marang jajaran Forkopimda Jatim sing wis nyiapake personel lan perlengkapane kanggo kesiapan lan pengamanan Nataru.

Ora mung kesiapan angkutan laut, nanging uga kesiapan mbokmenawa anane aksi teror lan macet, kuwi dadi kawigaten.

“Matur nuwun atas kerja kerase. Kepara uga mitigasi marang maneka ancaman sing muncul, kabeh wis disiapake kanthi apik,” ujare.

Tetinjo Gereja Bethany Surabaya

Sauntara kuwi sadurunge, (Pj.) Gubernur Jatim Adhy Karyono lan Kapolri Jenderal Polisi Listyo Sigit Prabowo sarta Panglima TNI Jenderal Agus Subiyanto uga wis padha tetinjo persiapan perayaan Natal 2024 ing Gereja Bethany Surabaya.

Tujuan mertinjo mau kanggo mesthekake gereja-gereja ing Jatim, kalebu Gereja Bethany Surabaya jroning kondisi aman lan siyap nganakake kebaktian Natal. Saengga para jamaah bisa ngibadah kanthi lancar, tentrem lan kebak kasih.

Ora mung iku wae, pajagan sasuwene ibadah Natal uga dadi kawigaten khusus. Adhy ngandhakake, koordinasi lan sinergi sing apik antarane TNI, Polri lan relawan bakal terus ditindakake kanggo maksimalake pengamanan ibadah Natal.

Luwih akeh, Adhy uga meling marang sakabehing warga Jatim amrih tansah njaga kerukunan beragama lan padhadene ngajeni siji lan sijine.

***

Edhitor: Tim Redhaksi Panjebar Semangat Digital
Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 292

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *