Ngrumat Piranti saka Kulit

NDUWE maneka piranti abahan kulit pancen mongkogake, jalaran katon apik lan bisa kanggo ing maneka acara. Ananging, olehe ngopeni uga kudu digatekake. Contone tas lan sepatu kulit, ana cara-cara tinamtu sing bisa njaga amrih tetep apik lan awet.

  1. Prayogane, pirant i saka kulit, tas utawa sepatu dilap seminggu sepisan. Olehe ngelapi migunakake lap sing ditelesi banyu sethithik. Wis mesthi iki kanggone piranti kang digawe saka kulit asli ya. Yen saka kulit tiron ya malah njalari gampang ambrol. Sawise dilapi, banjur dilap maneh nganggo lap garing sing alus, anjur diangin-anginake sedhela nganti garing tenan.
  2. Nanging perlu digatekake, lap sing rada teles iki aja ngenani resleting utawa kancing, gantungan, sing saka wesi. Amarga bisa ndadekake karaten.
  3. Yen pas perangan kulite ana sing kena regedan, upamane kecipratan, resikana nganggo lap sing ditelesi banyu anget. Alon-alon wae, sja nganti nandhes lan natoni kulite. Menawa regedane isih durung ilang, kena nggunakake bahan kimia sing mligi kanggo kulit. Ananging sithik wae, amrih ora nyuda kwalitase kulit tas utawa sepatu kasebut.
  4. Yen sepatu utawa tas kulit nganti teles kebes jalaran kudanan, enggal dilap nganggo lap garing lan alus. Sawise iku dianginanginake nganti garing. Prayogane aja nggunakake piranti listrik (contone hair dryer) jalaran bisa ngrusak kulit.
  5. Sawise resik lan garing, tas lan sepatu kulit prayogane disinggahake ing papan sing garing. Yen ana kerdhus utawa wadhahe nalika tuku mbiyen, kena digunakake.
  6. Kanggo njaga bentuke, nalika nyinggahake sepatu utawa tas, njupuka kertas resik, diuwel-uwel, banjur lebokake ing tas/sepatu. Ananging kudu kertas sing resik, amrih ora ninggalake bekas (noda).
  7. Yen sepatu utawa tas arang dinggo, becike sesasi pisan ditokake saka wadhahe lan diangin-anginake. Bab iki perlu katindakake amrih sepatu lan tas kasebut ora njamur.
foto wikihow.com

Panulis: nn
Panitipriksa: Redhaksi Panjebar Semangat

Bagikan artikel ini
Redaksi Panjebar Semangat
Redaksi Panjebar Semangat
Articles: 292

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *