Bupati Probolinggo, Jawa Timur, Muhammad Haris mratelakake kesiapane nyengkuyung program pamarentah pusat lumantar swasembada gula. Miturut Haris, Probolinggo duwe kalodhangan mbalekake kejayaane dadi salah sijine pusat prodhuksi gula nasional kaya taun-taun kepungkur. Ing sejarahe, Probolinggo tau dadi salah sijine dhaerah pengasil gula paling gedhe sa-Indonesia jalaran nduweni pabrik gula cacah telu.
Saiki, senadyan salah sijine pabrik gula mau wis tutup, yaiku Pabrik Gula Pajarakan, nanging Haris tetep optimis Probolinggo bisa mbalekake jaman jaya-jayane minangka pengasil gula. “Pangajabku, pabrik gula sing wis ora operasi mau oleh kawigatene pamarentah amrih bisa bali mrodhuksi,” tuture Haris nalika ngampingi Wakil Gubernur Jawa Timur Emil Elestianto Dardak mertinjo Pabrik Gula Gending, Selasa, 10 September 2025.
Haris ngajab rawuhe wakil gubernur menyang Pabrik Gula Gending kuwawa ngyakinake petani ngenani prospek padhang tanduran tebu ing dina-dina bacute. Haris uga titip weling marang Emil amrih mbiyantu ngupaya operasine Pabrik Gula Pajarakan kanggo nampung tebu rakyat Probolinggo.
“Aku kepengin para petani antuk edukasi sing bener lamun tebu isih ladhang usaha sing prospektif kanggo ngundhakake karaharjan lan kemakmurane rakyat,” ujare Haris.
Haris nemenake, Pemkab Probolinggo siap nyengkuyung program swasembada gula kang diinisiasi dening pamarentah pusat lan pamarentah Provinsi Jawa Timur, saengga momentum kasebut kudu digunakake kanggo mikuwati kolaborasi.
“Pemerintah daerah bakal nyengkuyung programe pamarentah pusat. Wis ana tanggepan. Muga-muga kolaborasi pusat-daerah mau bisa nyukupi kebutuhan gula nasional. Lan Kabupaten Probolinggo dadi salah siji sing bisa swasembada gula,” tuture Haris. Emil Elestianto Dardak ngandharake, sukses orane swasembada gula gumantung “keberpihakan”-ne pamarentah marang petani tebu rakyat. “Nadyan prodhuksi gula nasional dinane iki kegolong dhuwur, nanging tantangan utamane yaiku mesthekake asil panen-e petani kaserep kanthi optimal dening pasar,” kandhane. (Antara)
Panulis : Antara
Edhitor : Tim Redhaksi Panjebar Semangat Digital