Badan Pusat Statistik (BPS) nyathet jumlah pengangguran Indonesia nganti November 2025 nggayuh wong 7,35 yuta, kang mayoritasé lulusan sarjana. Iki nuduhaké ora cocogé kompetensi lulusan karo kabutuhan dunia kerja. Lucuné, akèh perguruan tinggi isih kejebak marang beban administratif kaya nyusun Rencana Pembelajaran Semester (RPS), laporan akreditasi, lan pengelolaan materi ajar, saengga fokus ningkatké kualitas lulusan dadi suda.
Visi pemerintah liwat konsep Kampus Berdampak nandhesake supaya perguruan tinggi ora mung nggelar pendidikan, nanging uga ngasilaké lulusan sing kompeten, riset sing ‘terhilirisasi’, lan kontribusi nyata kanggo pembangunan. Regulasi paling anyar, Permendiktisaintek Nomor 39 Taun 2025, aweh ruang marang kampus ngembangaké kurikulum fleksibel ngluwihi Standar Nasional Pendidikan Tinggi (SN-DIKTI). Nanging, tanpa dukungan teknologi, implementasi kurikulum iki mung dadi formalitas wae.
Kanggo njawab tantangan iki, SEVIMA bareng LLDIKTI Wilayah III Kemdiktisaintek ngetokake SEVIMA Edlink Dosen Pro AI, sistem kang mawa basis kecerdasan buatan sing dirancang kanggo ngenthengake beban administratif dosen sekaligus nyepétaké implementasi Kurikulum Outcome Based Education (OBE).
CEO lan Founder SEVIMA, Sugianto Halim, nandhesake yen sumber masalahe ana ing kurikulum. Sasuwene dosen isih kakehan gaweyan administratif, owah-owahan substansial angel kelakon.
Peluncuran SEVIMA Edlink Dosen Pro AI dianakake jroning Executive Workshop kanthi judhul “Lead The Future: Memimpin Orkestrasi Kampus Berdampak dengan Artificial Intelligence (AI) lan Kurikulum Outcome Based Education” tanggal 12 Februari 2026 ing Rumah Perubahan, Jakarta.
Acara iki dirawuhi Wakil Presiden RI Gibran Rakabuming Raka, Wakil Menteri Pendidikan Tinggi Prof. Dr. Fauzan, Menteri Agama Prof. Dr. Nasaruddin Umar, Gubernur DKI Jakarta Pramono Anung, uga ratusan rektor lan pakar pendidikan.
Edlink Dosen Pro AI mujudake asil hilirisasi riset sing diragadi Hibah Riset Prioritas Kemdiktisaintek liwat skema Ajakan Industri. Fitur utamané dumadi saka konversi otomatis bahan ajar dadi video pembelajaran, nyusun draf RPS kang selaras framework OBE, uga nggawé bank soal ujian sing ‘dicocokake’ karo taksonomi Bloom lan selaras klawan Capaian Pembelajaran Lulusan (CPL).
Proses sing biasané ngentekake wektu minggon saiki bisa ditindakké mung etungan menit wae, saengga dosen bisa luwih fokus marang substansi pembelajaran.
Saliyane iku, SEVIMA uga ngenalake AI Prediksi Kelulusan Mahasiswa, asil kolaborasi karo Institut Teknologi Sepuluh Nopember (ITS). Fitur iki bisa ndeteksi mahasiswa sing ana risko drop out adhedhasar pola akademik, dadi bisa ana intervensi luwih cepet. SEVIMA nandhesake yen standar pendidikan saiki munjerake marang asil ‘keluaran’, dudu saderma proses. Kanthi dukungan AI, implementasi OBE bisa ditindakake substansial.
SEVIMA dhewe entuk dana Hiliriset 2025 kanggo limang judhul riset bebarengan mitra kampus kaya ITS, PENS, UTM, Universitas Kristen Petra, lan UNESA. Kanthi ekosistem luwih saka 1.200 perguruan tinggi mitra, asil riset iki langsung disebaraké marang dosen lan tenaga pendidik ing saindenging Indonesia, ndadekake model hilirisasi riset sing bisa dadi referensi nasional.
Jroning workshop kasebut, peserta uga ndeleng demonstrasi ekosistem teknologi AI SEVIMA, kalebu AI Kurikulum OBE, AI Computer-Based Test, AI Content Generator, engga sistem presensi mawa basis AI DeepFace. Forum iki bacutan saka maneka workshop sing rutin digelar SEVIMA wiwit taun 2023 ing maneka kutha gedhé, kanthi tansah ngangkat tema relevan kaya digitalisasi kampus, Merdeka Belajar Kampus Merdeka (MBKM), lan implementasi OBE.
Panulis : Donny Toenggoel





