Sinau Nyirep Geni ing Omah Om Firman

Pemerintah Kota (Pemkot) Surabaya ngresmekake wisata edukasi pemadam cilik (Wisdamcil) Rumah Om Firman (Fireman) ing kantor Dinas Pemadam Kebakaran lan Penyelamatan (DPKP), Senen durung suwe iki (11/5/2026). Wisata edukasi iki diresmekake langsung dening Wali Kota Surabaya Eri Cahyadi bebarengan Bunda PAUD kutha Surabaya Rini Indriyani.

Wali Kota Eri Cahyadi ngandhakake, rumah edukasi Om Firman iki mujudake papan kanggo pengembangan diri bocah-bocah ing kutha Surabaya. Utamane bocah-bocah PAUD lan sekolah dasar (SD).

“Dadi ing Surabaya iki, supaya bocah-bocah PAUD bisa ngembangake pribadhine bisa teka menyang sawenehing kantor PD. Salah sijine ing kantor pemadam kebakaran iki,” ujare Wali Kota Eri.

Wali Kota Eri uga njlentrehake, sing minat wisata edukasi ing DPKP nganti 25.000 kunjungan ing setaun pungkasan iki. Akeh banget sing minat, wusanane Pemkot liwat DPKP duwe inisiatif mbukak wisata edukasi gratis khusus kanggo bocah-bocah PAUD engga SD.

“Amarga ing damkar iki 25.000 peminate, mula kita bukak edukasi Rumah Om Firman. Om Firman iki identik karo Fireman utawa Petugas Pemadam Kebakaran,” ujare Wali Kota Eri.

Wali Kota Surabaya sing akrab diundang Cak Eri Cahyadi iku ngandhakake, ing Rumah Om Firman bocah-bocah bakal diwulang akeh babagan peran lan tugase pemadam kebakaran. Ora mung iku, bocah-bocah sing teka uga diwenehi kawruh carane mateni geni lan barang-barang mbebayani sing bisa nyebabake kobongan.

Cak Eri nambahake, ing wisata edukasi iki bocah-bocah uga bakal diwenehi kesempatan ngrasakake langsung numpak mobil pemadam kebakaran sing wis direstorasi amrih ramah bocah. “Ing mobil iku bocah-bocah melu keliling nggunakake mobil pemadam kebakaran sing wis kita dandani. Supaya bocah-bocah bisa ngrasakake (numpak mobil) pemadam kebakaran langsung,” tambahe.

Cak Eri ngajab, wisata edukasi iki bakal dadi conto kanggo dinas-dinas liyane. Amarga, Cak Eri rencana nganakake wisata edukasi liyane ing bidang profesi liyane. Salah sijine yakuwi kesehatan.

“Mengko bisa diseleh ing papan liyane sing ora ing rumah sakit. Dadi piye carane bocah-bocah bisa ngrasakake dadi perawat, dadi dokter, mengko kita siapake. Mengko ana loro sing disiapake, kapisan gegandhengan kesehatan lan sing kapindho mungkin babagan masak saka Disnaker,” pangajabe.

Sabanjure, Bunda PAUD Kota Surabaya, Rini Indriyani njlentrehake, wisata edukasi iki ora mung minangka papan kanggo pasinaon. Nanging uga papan kanggo mbentuk karakter bocah wiwit cilik.

Amarga, bacute Rini, liwat edukasi iki bocah-bocah ora mung diduduhi tugase petugas pemadam kebakaran. Nanging uga diduduhi piye kiprahe sawijining bapak sing tugase dadi petugas pemadam kebakaran.

Rini ngajab, ruang edukasi gratis iki bisa migunani kanggo bocah-bocah ing Kota Surabaya mengkone. Kajaba iku, dheweke uga pengin, bocah-bocah ing Kota Pahlawan bisa luwih akeh ngenal maneka jenis profesi.

“Muga-muga kanthi anane ruang edukasi Rumah Om Firman iki bisa nengsemake luwih akeh bocah-bocah sinau lan luwih akeh mbentuk karaktere,” pangajabe.

Kajaba ruangan khusus, DPKP uga nyiapake fasilitas edukasi pendukung liyane, wiwit saka materi edukasi nggunakake video uga ana alat permainan sing kaya nozzle sprayer kanggo mateni geni dolanan.

“Ana pengenalan alat-alate uga, kalebu sarana prasarana apa wae sing digunakake petugas pemadam kebakaran. Wiwit sragame, alate, selang, lan liya-liyane,” tambahe Kepala DPKP Kota Surabaya, Laksita Rini Sevriani.

Sabanjure Laksita Rini Sevriani njlentrehake, layanan edukasi iki dibukak saben dina. Kanggo pandhaftarane, saben sekolahan bisa ngirim surat utawa liwat Graha Bunda PAUD Kota Surabaya.

“Kita uga ana pengenalan alat sing dikenalake langsung dening kanca-kanca DPKP, peralatan wiwit saka pucuk rambut nganti sikil. Lan iki ora mbayar,” tandhese. (d)***

Editor : Donny Tunggul

Sumber : Rilis Pemkot Surabaya

Bagikan artikel ini
Donny Tunggul
Donny Tunggul
Articles: 25

Leave a Reply

Your email address will not be published. Required fields are marked *