Wakil Presiden Gibran Rakabuming Raka mertinjo pangleksanane program Makan Bergizi Gratis (MBG) lan Cek Kesehatan Gratis (CKG) ing Dekai, Kabupaten Yahukimo, Propinsi Papua Pegunungan, Selasa, 21 April 2026. Kunjungan iki maune dijadwal sasi Januari kepungkur, nanging ditundha telung sasi merga masalah keamanan. Jrone kunjungan mau Gibran didherekake Menkopolkam Djamari Chaniago lan Wakil Menteri Dalam Negeri Ribka Haluk.
Gibran ngecek MBG ana SD Kristen Dekai. Ketua Yayasan Fasilitator Pelayanan Pengharapan, Holiek Kobak, nuturake MBG gedhe banget paedahe, mligine kanggo siswa sing ora kober sarapan. “Murid-murid ing kene racake ora sarapan merga wong tuwane wis padha budhal nyambut gawe wiwit esuk,” ujare Holiek marang Gibran.
Holiek nambahake, program MBG wis mlebu SD Kristen Yahukimo wiwit 2025 ora suwe karo sawise dicanangake dening Presiden Prabowo. Sinambi mirsani murid-murid kang nampa MBG, Wapres Gibran uga ngedum buku lan alat tulis.
Rampung ninjo MBG ing SD Kristen, Gibran mbacutake laku menyang Rumah Sakit Umum Dekai saperlu ndeleng fasilitas kesehatan lan cak-cakane CKG. Gibran nerangake, CKG penting ditindakake jalaran bisa nyegah penyakit wiwit awal. Sasuwene iki, kandhane Gibran, akeh warga masyarakat sing aras-arasen CKG. Lagi bareng wis ketaman lara, lan diobatake menyang rumah sakit, kahanane wis nemen.
(Antara)


