Dhukutan lan Dhawuhan Tradhisi ing Pereng Gunung Lawu

Reca Kyai Menggung lan Durgamahisasuramardini. Foto dening Jesica Riana.

Bebrayan Jawa nduweni sakehing adat tradhisi. Ana sing lumrah dingerteni ngakeh, mbokmenawa ya jalaran ditindakake dening meh kabeh gonggoman lan tataran. Ananging uga ana kang beda, mligi, utawa malah nyeleneh. Kang arep kaandharake ing kalodhangan iki, ritual kang adate kagelar dening bebrayan Jawa ing pereng gunung Lawu. Yaiku Dukutan lan Dawuhan.

Upacara Dhukutan digelar ing dina Selasa Kliwon, wuku Dhukut. Ya iki kang dadi jalarane, ritual iku karan Dhukutan. Turun tumurun, dhukutan digelar ing dhusun Nglurah, Tawangmangu. Ya Nglurah Lor lan Nglurah Kidul.

Punjering upacara ing situs Menggung, pereng gunung Lawu. Kanggone warga ngenggon, Menggung kaanggep keramat. Dene mungguhe pamarentah, situs kasebut klebu cagar budaya.

Dhukutan ing pereng Lawu (Foto saka ESPOS.ID)

Ing upacara dhukutan, warga nyepakake sesajen. Wujude maneka olahan kang akahe-akehe digawe saka jagung. Dijangkepi werna-werna, ananging ana wewalere loro. Yaiku, siji: ora kena ana bahan iwak lan daging; loro: kabeh dimangsak tanpa digoreng.

Puncaking upacara yaiku tawur sesaji. Warga Nglurah Lor lan Nglurah Kidul genti-genten uncal-uncalan sesajen kang wis dicepakake.

Upacara iki, manut kapitayane warga ngenggon, minangka tandha pisungsung marang para leluhur. Yaiku Kyai Menggung lan Nyai Rasa Putih, sing manut ujaring kandha papan dununge ing kono. Ing pangajap, warga bebrayan pereng Lawu tansah binerkahan slamet lan urip mulya.

Dene dhawuhan, upacara kang digelar ing dina Setu Legi nalika sasi Ruwah. Mbokmenawa para maos banjur ngira, dhawuhan saemper karo ruwahan kang digelar dening bebrayan Jawa umume. Ora, dhawuhane warga pereng Lawu iki beda.

Dhawuhan ing Tawangmangu, punjering upacara ing papan kang magepokan karo toya. Ana sumber utawa tuk, sendhang, uga kali. Dene angkahe, minangka tandha syukur lan atur panuwun awit warga wis kanugrahan toya kang cukup kanggo padinane. Uga nyenyuwun amrih mili gancar sateruse. Kanthi mangkono warga ora sumelang mikirake butuhe kanggo ngombe, mangsak, reresik sarta umbah-umbah, uga ngileni sawah lan tegalan. Kang tundhone tetanen bisa katindakake kanthi srempeng lan asile panen murakabi.

Sadurunge upacara, warga gotong-royong reresik papan-papan kambah tirta iku. Yen ana uwuh dikukuti, suket kang kedawan dipaprasi. Angkahe banyu tuk tetep resik bening, lan tekane kali mili santer ora buntet. Sabanjure, warga nglarung sesajen kang wis dicepakake, wujud tumpeng sega salawuhe. 

***

Panulis: lie

Bagikan artikel ini
Tika Puji Lestari
Tika Puji Lestari
Articles: 7