Sisemba Adu Sikil Adat Toraja

Bocah-bocah miwiti ritual sisemba

Satleraman kaya tawuran. Rong grumbul uwong lanang adhep-adhepan, banjur tendhang-tendhangan. Genti-genten anggone adu sikil. Sing katendhang ya sempoyongan, ana sing nganti tiba, uga krengkangan. Ananging ora banjur dadi bengkerengan. Iku kang arane sisemba, tradhisi suku Toraja. Sanadyan saempe kaya adu kakuwatan, ananging sisemba sejatine klebu tari alias jejogedan.

Ritual iki wis kelakon turun tumurun wiwit jaman kuna makuna. Kagelar minangka reregeng sawise warga panen, wujud rasa syukur awit binerkahan asil ulah tetanene. Sisemba dileksanakake dening warga lanang, rong grumbul. Adate saka warga kampung sing kepanggonan acara, mungsuh warga tangga kampung sacelake. Dene pasartane digrumbulake miturut umure. Sing wiwitan, bocahan umur 10 nganti 15 taun. Sawise rampung, genti nom-noman kang mlebu ing palagan. Sabanjure genti maneh, sing diwasa. Sing melu akeh, sing nonton uga ora kalah akehe. Mula kanggone sing durung ngerti pancen katon kaya tawuran antar kampung.

Ing sisemba, pasarta kena ngetogake kakuwatane sarosane, ananging mung nganggo sikile. Ora kena migunakake tangan, kaya ta ngeplak lan nempiling. Amrih ora nganti kedaden, mula para pasarta ing saben klompok padha rerangkulan. Baris jejer-jejer banjur lengene padha pepedhangan. Ana sing ngabani anggone arep nyerang maju utawa ngadhepi serangan. Uga ana sing kajibah nengahi, amrih bisa nglereni adu sikil sauntara yen ana pasarta sing kena tendhangan.

Nalika nyerang, saben pasarta ngetogake kakuwatane sikile, uga kaprigelane ngobahake badan. Dene nalika wayahe diserang, ya ngendelake kekutawane badan. Sok-sok ana sing karo ndremimil ngocapake aji-ajine.

Sanadyan ketendhang, kesepak, kedugang, wis mesthi lara, ananging ora ana kang banjur serik atine. Apamaneh nganti mangkel lan “dendam”. Padha pringisan, ananging banjur ijol esem kekancan. Bab iku selaras karo ancase ritual sisemba. Yaiku minangka srana sapatemon, sapa aruh antarane warga. Ing pangajap paseduluran dadi tansaya raket, lan kaluwar saka memungsuhan. Dene makna filosofise, minangka tandha nyawijekake kaku watane warga, amrih ora ketaman sawernaning memala nalika ulah tetanen lan anglakoni padinane.

Panulis

Lie

Bagikan artikel ini
auraberliana30
auraberliana30
Articles: 6