Buyung, Beksan Atur Panuwun

Tari Buyung. Saben penari adate wis kulina gladhen kanthi temen amrih prigel ngigel sinambi nyunggi buyung.

Beksan tradhisi minangka tontonan, lelipuran, iku wis salumrahe. Ananging, kanggone suku Sunda sing medunung Cicurug, Kuningan, Jawa Barat, ana tari kang jero banget maknane. Jalaran magepokan karo salah sijine asil bumi kang wigati banget kanggone panguripan. Yaiku, banyu. Arane, tari buyung.

Tari buyung adate dadi tontonan wajib sawise mangsa panen. Ora liya minangka salah sijine tanda aut panuwan warga awit kanugrahan asil bumi kang bakale migunani kanggo urip padinane.

Manut tutur tinulare warga, tarian iki wis ana wiwit taun 1960-an. Sing ada-ada yaiku Ratu Emalia, siishane sesepuh adat Karuhun, Pangeran Djatikusuma. Sabanjure dironce kanthi setiti, lan dikepyakake taun 1970-an.

Dene yen nlesih maknane beksan kasebut, ana gegeyutane karo titah manungsa, pasiten, lan banyu. Tumrape manungsa, toya mujudake punjering ngaurip.

Selaras karo arane, beksan iki migunakake piranti buyung alias klenthing. Yaiku grabah kang digunakake warga bebrayan jaman dhisik kanggo njupuk banyu saka tuk utawa sendhang. Banyu kasebut mengkone kang dinggo gawe wedang, uga mangsak.

Dene busanane penari kemben utawa kebaya lan jarit, uga slendhang kang digubetake bangkekan. Rambute para penari digelung, dijangkepi iket ing perangan, kang uga bakale dadi lambarane buyung.

Para penari ngobahake lengen, igel-igel, gulu, uga badane kanthi wasis, ngepasake karo gendhing kang keprungu ngleremake. Ora mung endah ing pandulu, saben obahing penari iki ana maknane.

Wiwitane kayadene nuduhake urip padinane pawestri ing karang padesan. Njupuk banyu sumbere ngaurip sinambi sapa aruh semu gojegan karo kanca lan tangga teparone. Sawise iku, klenthing dideleh ing lemah lan penari napak munggah ing sandhuwure. Katon sarwa luwes lan gandhes. Iku minangka lambang “mikul dhuwur mendhem jero”.

Penari banjur timpuh ing sandhinge klenthing, minangka tandha nyenyuwun sih katresnane Gusti Akarya Jagad. Sabanjure menyat sinambi njunjung klenthinge lan diunggahake ndhuwur sirahe. Nyunggi klenthing wadhah banyu mujudake pralambang angajeni tumrap karyane Gusti, yaiku banyu, kang gedhe paedahe kanggone urip padinan.

Mesthi wae iki mbutuhake penari sing gamben, sing wis ajeg anggone gladhen. Jalaran, ngadeg ing sandhuwure klenthing, uga nyunggi grabah bunder lan rada abot iku, butuh tangan kang cekatan lan angga kang satimbang.

Para penari banjur jentrek, papane lempeng kabeh ora ana sing ngungkuli mengarep utawa memburi. Iki mujudake tandha semboyane warga, tepa selira marang sakabehe, kanthi angajeni prabedan suku, ras, lan agama. Kabeh saiyeg saekapraya mujudake padinan ing desa kang tumata.

***

Panulis: lie

Bagikan artikel ini
Tika Puji Lestari
Tika Puji Lestari
Articles: 6