Misteri Otto Iskandar Di Nata Tanpa Tlacak Sawise Diculik Laskar Hitam

Otto Iskandar Di Nata
Nganti seprene misteri ilange Otto Iskandar Di Nata durung kawiyak. Jisime uga ora ditemokake.

Kutha Bandung dislimuti mendhung pethiting 1952 nalika pethi mati kang diiringi wong cacah atusan kuwi teka ing Bojongsoang. Kabeh praupan ngatonake kadhuh-kitan nguntabake paraga kang cukup dikenal, Raden Otto Iskandar Di Nata, lunga kanggo salawas-lawase.Sejatine jrone pethi mati kuwi ora ana jisime Otto. Sing ana mung wedhi sacaruk sing dijupuk saka pesisir Mauk, Tangerang Wedhi mau minangka ganti jasade paraga sing dijuluki Si Jalak Harupat iku.

Jisime Otto pancen ora kasumurupan panggonane. Penyebab kematiane uga isih kalimputan pedhut wewadi nganti seprene. Mula saka kuwi Otto Iskandar Di Nata asring ditulis Otto Iskandardinatamung arupa cuwilan-cuwilan sejarah ringkes senadyan asmane akeh dienggo jeneng dalan. Sejatine Otto duwe peran wigati marang madege Republik Indonesia, Agustus 1945. Ewadene dheweke ora kober ngrasakake nikmate kamardikan mau jalaran kaselak ilang tanpa diweruhi nasibe.

Otto Iskandar Di Nata lair tanggal 31 Maret 1897 ing Bojongsoang, Bandung. Dheweke lair saka kulawarga kinurmat. Bapake, Raden Haji Rachmat Adam, sawijine lurah. Nadyan mung sa-lurah, ewadene omahe Haji Rachmat sing paling gedhe sa-Bojongsoang. Rehne lair saka kulawarga kecukupan, Otto bisa sekolah nganti rampung. Ing bangku pamulangan, Otto dikenal minangka murid sing cerdhas.

Nina H. Lubis ing bukune, Si Jalak Harupat, Biografi Otto Isandardinata (2003), mratelakake, sawijine dina Otto budhal sekolah karo nganggo dhasi. Gurune Otto sing bangsa Landa, ora seneng nyumurupi muride mau ndadak ngowah-owahi adat.

“Otto, geneya kowe nganggo dhasi? Aku wae sing guru ora nganggo dhasi,” ucape gurune ngemu srengen.

Otto mangsuli pedhes, “Tuan Guru ora prelu nganggo dhasi, sebab Tuan Guru pancen wis tuwa.”

“Murid kurang ajar kowe. Ayo metu kana!”

Kanthi ayem Otto banjur jumangkah ninggalake kelas. Miturut Nina, guru Landa iku nyebut Otto ‘murid kurang ajar’ lan ngusir metu saka kelas jalaran dheweke sawenehe bumiputra. Yen sing omong mengkono mau murid kulit putih, gurune mesthi ngalembana minangka bocah sing wani kandha terus terang. Nanging ya merga saka sikepe sing kendel mau Otto banjur oleh julukan Si Jalak Harupat utawa jago kang banter kluruke.

Taun 1928 Otto mlebu menyang organisasi Paguyuban Pasundan. Kapinterane Otto kang manjila njalari ora butuh wektu suwe tumrap dheweke kanggo kapilih minangka ketuane organisasi kabudayan kuwi. Paguyuban Pasundan satemene dudu organisasi kapisan sing dileboni Otto. Sadurunge kuwi dheweke wis nggamblok Muhammadiyah lan Boedi Oetomo. Kepara Otto tau kapilih minangka Wakil Ketua Boedi Oetomo cabang Bandung 1921-1924.

Nanging dhestun saka Paguyuban Pasundan kuwi karier politike Otto wiwit kebukak. Dheweke kapilih minangka anggota Volksraad (DPR jaman Hindia Belanda). Miturut Ansoriy & Tjakrawerdaya jrone bukune kang asesirah Rekam Jejak Dokter Pejuang & Pelopor Kebangkitan Nasional (2008), Otto dadi anggota parlemen telung periodhe, yaiku 1931-1934, 1935-1938, lan 1939-1942. Sasuwene dadi anggota Dewan, Otto kerep ngritik pedhes pamarentah kolonial merga tumindake ajeg sewenang-wenang marang kaum pribumi. Kanca rowange ngarani julukan Si Jalak Harupat pancen pas kanggo Otto awit wani terang-terangan ngritik Landa.

Tugu Otista (Otto Iskandar Di Nata) ing Mauk, Tangerang

Nalika Jepang ngebroki Indonesia lan mbubarake Volksraad, Otto ganti profesi minangka wartawan. Dheweke ngemonah surat kabar Tjahaja. Donyaning jurnalistik ora asing kanggone Otto jalaran nalika isih nggamblok Paguyuban Pasundan, dheweke uga nggarap surat kabare organisasi kasebut kang aran Sipatahoenan. 

Nalika Jepang mbentuk Badan Penyelidik Usaha-usaha Persiapan Kemerdekaan Indonesia (BPUPKI) tanggal 1 Maret 1945, Otto klebu pawongan sing diimpun bareng karo tokoh-tokoh pergerakan nasional liyane. Sawise BPUPKI diowahi dadi Panitia Persiapan Kemerdekaan Indonesia (PPKI) Otto tetep kanggo.

Sapa Sing Ngordher Laskar Hitam?

Sawise Indonesia mardika, dening Presidhen Sukarno Otto kapilih minangka Menteri Negara, saliyane Mohammad Amir, Wahid Hasyim, Mr. Sartono, lan AA. Maramis. Minangka Mentri Negara, jejibahane Otto klebu mbawahi babagan keamanan. Otto banjur ngrumusake pandhapuke tentarane negara kang dijenengi Badan Keamanan Rakyat (BKR). Tentara negara iki banget wigati dikoordinir dening pamarentah minangka alat keamanan ing swasana revolusi.

Parandene pambentukane BKR mau rumit lan sensitif awit gegayutan karo tilas-tilase KNIL sing

tau dibentuk Landa, sarta PETA lan Heiho bentukane Jepang. Ora kabeh sarujuk KNIL, PETA lan Heiho dilebur menyang BKR. Klompok sing ora sudi panggabungan mau banjur ngedegake laskar-laskar dhewe. Klompok-klompok sing ora setuju karo BKR iku satemene luwih marang gaya dhiplomasine Otto jrone negosiasi peralihan kekuasaan karo Jepang, sing dianggep kurang cag-ceg. Tumrap klompok-klompok radhikal mau, Indonesia kudu mardika 100 persen lan ora butuh dhiplomasi-dhiplomasian.

Nadyan durung kabukten, nanging dinuga ya saka kono kuwibibrik-bibrik ora senenge klompok radhikal mau marang Otto Iskandardinata. Lan tanggal 10 Desember 1945 Otto ilang tanpa tlacak. Sawernaning pangira muncul ngenani ilange Otto iki. Ana sing nyangka dheweke diculik dening klompok laskar sing markase dumunung ana Tangerang. Otto banjur digawa menyang panggonan singingid pesisir Mauk. Otto ‘dijupuk’ dening sawatara nom-noman saka omahe ing Jalan Kapas No. 2 Jakarta nalika dheweke lagi sapejagong karo Sanusi Hardjana. Miturut Sanusi, klompok penculik iku kober omong-omongan sedhela karo Otto, banjur meksa dheweke melu.

Versi liya bab ilange Otto muncul ing buku Otto Iskandar di Nata: The Untold Stories (2017) kang ditulis dening Iip D. Yahya. Iip nlusuri dhokumen persidhangane Mujitaba bin Murkam sakanca taun 1957. Mujitaba, tetunggule Laksar Hitam, klebu sing didakwa mrajaya Otto. Manut Mujitaba, sawise dijupuk saka Jalan Kapas, Jakarta, Otto kober digawa menyang Rumah Tahanan Tanah Tinggi 10-15 Desember 1945, nuli dipindhah menyang penjara pulisi Tangerang. Saka penjara pulisi mau Otto banjur dipasrahake marang Laskar Hitam. Limang ndina ditawan Laskar Hitam, Otto banjur digawa menyang pesisir Mauk lan dieksekusi mati ana kono 20 Desember 1945. “Pak Otto disuduk glathi gulune,” kandhane Iip.

Miturut Iip, Laskar Hitam wis kepangan provokasine agen-agen NICA kang nyebutake menawa Otto mujudake mata pitane Walanda. NICA kepengin nyingkirake Otto sarana nabok nyilih tangan, awit Si Jalak Harupat pijer mepalangi pepinginane Landa mblengket maneh Indonesia. Sapa sejatine Laskar Hitam? Jrone bukune mau Iip ngandharake menawa Laskar Hitam mujudake unit khusus saka Pasukan Berani Mati kang dipandhegani Abdullah. Abdullah klebu bebaune Achmad Chairun, tokoh komunis sing duwe karep ngedegake negara Republik Tangerang, 18 Oktober 1945.

Sejarawan Rushdy Hoesein darbe panemu, senadyan nyengkuyung perjuwangane Achmad Chairun adeg negara dhewe, nanging Laskar Hitam satemene ora nduweni idheologi. Anggotane laskar dumadi saka para gentho, rampog, brandhal, lan begal mawa gegaman ing wewengkon pesisir Tangerang. Para durjana iku sabanjure kaimpun lan digladhi prang dening Abdullah. “Laskar Hitam iki satemene klompok kriminal bersenjata,” kandhane Rushdy. 

Versi liyane maneh nyebutake, ilange Otto dinuga sesambungan karo dhesas-dhesus bab panampane dhuwit sayuta Gulden saka perwira Jepang aran Ichiki Tatsuo. Mula nalika arep mrajaya Otto, algojone Laskar Hitam mbengok kebak rasa gething, “Iki mata pitane mungsuh sing wis ngedol Bandung sak miliun! Agen NICA!”

Miturut Iip D. Yahya, dhuwit pawewehe Tatsuo mau rampasan kemungkinan gedhe asil prang nalika Jepang ngendhih Walanda sa Indonesia tanggal 8 Maret 1945. Lan bareng Jepang ganti teluk marang Sekutu, “Sedulur Tuwa” iku kanthi sesidheman masrahake dhuwit-dhuwit rampasan mau marang tokoh elit Indonesia sing bisa dipercaya. Tujuwane amrih kena kanggo ragad perjuwangan lumawan Sekutu.

Iip yakin Tatsuo masrahake dhuwit mau marang Otto kanthi sesidheman. Ora kabeh pejabat ngerti, apa maneh Laskar Hitam sing papane adoh ing pinggiran Tangerang. Manut pandugane Iip, ana tokoh elit pamarentah sing ngaweruhi panampane dhuwit sing gedhe banget cacahe iku. Tokoh elit mau banjur sengaja mbocorake wewadi kasebut marang Laskar Hitam, mesisan aweh ordher marang klompok kuwi supaya mateni Otto.

“Sing dadi pitakonan, ing swasana revolusi kang gawat mau, sapa tokoh elit pamarentahan sing mbocorake informasi marang Laskar Hitam? Lan sapa tokoh elit sing menehi ordher Laskar Hitam kanggo mrajaya Otto Iskandardinata?” ujare Iip.

Nganti seprene misteri ilange Otto Iskandardinata durung kawiyak. Jisime uga ora ditemokake. Pamarentah ‘kepeksa’ netepake 20 Desember 1945 minangka tanggal kematiane Otto. Lan tanggal 6 Nopember 1973 pamarentah netepake Otto Iskandardinata minangka pahlawan nasional. Gambare Otto uga dianggo ing dhuwit pecahan Rp 20 ewu. 

***

Panulis: KSW

Bagikan artikel ini
Thania Dewi Kartika
Thania Dewi Kartika
Articles: 9