
Newsletter Subscribe
Enter your email address below and subscribe to our newsletter

Menteri Komunikasi dan Digital Meutya Hafid ngandharake, jaringan komunikasi ing wilayah bencana Sumatera kang kober lumpuh, wis bisa dipulihake. Nganti Senen, 1 Desember 2025, kandhane Meutya, 90 persen jaringan komunikasi ing Sumatera Utara, utamana Tapanuli Tengah, Tapanuli Selatan lan Sibolga…

Presiden Prabowo Subianto nemenake bakal nyikat maling-maling dhuwit negara. Janjine kepala negara kuwi diucapake nalika mertinjo kurban musibah banjir bandhang ing Padang Pariaman, Sumatera Barat, Senen, 1 Desember 2025. Miturut Prabowo, pemerintah nyambut gawe sawutuhe kanggo rakyat lan mesthekake pangemohane…

Ewonan pasarta melu ngregengake tradhisi Kirab Boyong Menoreh ing Parakan, Kabupaten Temanggung, Jawa Tengah, Minggu (9/11/2025). Tradhisi kirab mau mengku karep napak tilas sejarah madege Kabupaten Temanggung. Arak-arakan kasebut njupuk tema “Merawat Warisan Menyongsong Masa Depan” (Foto: Antara/ Anis Efizudin) …

Bupati Pacitan, Jawa Timur, Indrata Nur Bayuaji ngapresiasi panyengkuyunge Kementerian Ekonomi Kreatif kang nggelar workshop (pelatihan) ngenani strategi pemasaran tumrap seniman seni rupa lan seniman seni pertunjukan. Miturut Indrata pelatihan mau banget migunani mungguhe seniman amrih darbe wawasan tambahan ngenani…

Menteri Sosial Saifullah Yusuf nuturake, alokasi anggaran bantuan sosial (bansos) 2025 mundhak luwih saka Rp 110 triliun. Miturut Saifullah undhake bansos mau wujud kawigatene Presiden Prabowo Subianto marang karaharjane masyarakat, mligine pangayoman marang klompok rentan (ringkih). Undhake alokasi anggaran bansos,…

Direktur Pencegahan Badan Nasional Penanggulangan Terorisme (BNPT) Irfan Idris ngelingake wigatine mbetengi donyaning pendidikan saka pangaruh idheologi intoleranisme, prilaku kasar, lan bullying. Pepeling iku diucapake Irfan nalika ngisi acara Sekolah Damai ing Bali, Kemis, 6 November 2025. Sedina candhake, kekuwatirane…

Nem ndina jrone seminggu puluhan karyawan perusahaan manen pupus-pupus godhong teh ing pakebonan Teh Kayu Aro lengkehing Gunung Kerinci, Jambi. Manajer Unit Usaha Kayu Aro PTPN IV Region 4, Delvi, kandha pihake komitmen njaga kualitase teh ireng kuwi. Nadyan pabrik…

Wakil Duta Besar Australia untuk Indonesia Gita Kamath, Selasa, 11 November 2025 mratelakake, negarane sarta UNICEF (bebadan PBB ing babagan pendidikan) nyengkuyung program Makan Bergizi Gratis (MBG) kanthi nyalurake redana marang pusat keunggulan ing Institut Pertanian Bogor, Jawa Barat, lan…

Presiden Prabowo Subianto sing uga Ketua Umum Partai Gerindra ngandharake, sawenehe pemimpin lan negarawan sejati kudu landhep panggraitane nalika nyumurupi panguripan bangsane. Panguwasa kang diregem, ngendikane Prabowo, kudu dienggo nyebar kabecikan. “Uga kanggo mbusak kemlaratan lan njejegake kedhaulatan,” ujare Prabowo…

Sawenehe penari mudha nindakake ritual Meras Gandrung ing Pesisir Boom, Banyuwangi, Jawa Timur, Jumuah (24/10/2025). Ritual Meras Gandrung (wisudhan penari Gandrung) minangka pratandha menawa si calon penari mau dinyatakake lulus saka gemblengane penari senior lan dipalilahi nindakake joged Gandrung kanthi…

Menteri Keuangan (Menkeu) Purbaya Yudi Sadewa mesthekake kompleks kawasan inti Ibu Kota Nusantara (IKN), Kalimantan Timur ora bakal dadi ‘kutha dhemit.’ Sebab, proses pembangunan ing kana terus lumaku. Yen perekonomian Indonesia saya becik, otomatis dhuwite negara sansaya akeh. “Yen jareku,…

Malang lan Ponorogo resmi mlebu jaringan Kota Kreatif UNESCO bebarengan karo 58 kutha anyar anggota UNESCO Creative Cities Network (UCCN). Panetepan iku dipasake karo pengetan World Cities Day 2025 dening Direktur Jendral UNESCO Audrey Azoulay. Ponorogo kapilih minangka Kota Kreatif…