
Newsletter Subscribe
Enter your email address below and subscribe to our newsletter


Sanajan dianggep alat angkutan kang kuna nanging isih akeh sutresna nresnani Cikar minangka alat angkut kang wajib dilestarekake. Nglestarekake lan njaga warisane leluhur kalebu kupiya kanggo nguri-uri uga ngrembakakake supaya tinggalan para sesepuh ing wektu kepungkur ora sirna.
Ing wilayah Kabupaten Kediri (pase ing Kecamatan Pagu) ana Paguyuban Makerti Rasa Manunggal. Paguyuban kasebut disepuhi dening Pradika Ipung Hariyanto kang duwe anggota akehe wong 20. “Sinaosa nembe madeg, Paguyuban Makerti Rasa Manunggal sampun kathah kegiyatan ingkang dipun adani, menapa malih sedaya anggotanipun menika grengseng sanget kangge saged ndherek cawe-cawe nglestantunaken alat angkutan tradhisional ingkang sampun kasilep kemajengan jaman menika,” kandhane Pradita Ipung Haryanto nalika ditemoni PS durung suwe iki.
Cikar kang saiki wis kasilep dening angkutan modern nanging isih akeh wong kang kepengin nguri-uri lan nglestarekake supaya bisa tetep dimangereni lan disenengi marang generasi mudha. Kejaba wujude kang endah rinengga pepaes kang duweni ciri seje karo angkutan liyane, Cikar pancen pantes dilestarekake. Kejaba iku Cikar bisa dadi aset tumrap wisata kang padha teka ing wilayah Kabupaten Kediri, mligine ing papan-papan wisata kang ana tlatah Kediri lan sakitere.

Ing desa-desa wisata kanggo narik kawigatene para turis saka manca negara, angkutan Cikar bisa dadi angkutan favorit dibandhing angkutan modern.
Filosofi Bajingan
Bajingan, ukara iki kanggone wong Jawa kadhangkala disingkiri. Nanging kanggone sedhengah wong kang umure wis lansia lan nate melu berjuang ngrebut kamardikan, kanyata tembung kuwi duwe magnet kang luar biasa.
Miturut para sepuh Bajingan dijupuk saka tembung lingga bajing kang tegese ya kewan Bajing. Tamtu wae ora mung kuwi thok. Ana ciri kang mligi kang banget agawe eram lan dadi kawigaten yen kita gelem nyemak sawijining Bajing kang urip ana ing wit kelapa. Bajing iku duwe kekuatan kang ngedab-edabi, lincah sarta bisa mencolot kanthi trengginas nggawa awake kang kaya entheng banget mlembar saka pang kelapa siji menyang sijine kanthi cukat cakut.
Iki duwe teges menawa kewan siji iki duwe daya urip kang luar biasa, duwe rasa peka kang hebat, lan bisa mancala putra mancala putri kanthi kapinterane kanggo bebasake dhiri pribadhine saka bebaya kang nerjang uripe.
Ing basa Jawa, tembung bajingan padha karo sopire cikar sapi, kang dhek biyen asring ngalor ngidul turut dalan. Nanging emane saiki bajingan kang apik atine iku wis arang kita prangguli maneh karana diganti karo sing modern. Kamangka ing jaman biyen, yen kesel mlaku banjur nunut cikar lan ndhesel ana mburi banjur lingguh ing tumpukan kawul (damen garing) kang ana ing tengah-tengahing cikar kayu kang ditarik sapi loro kang rosa-rosa.
Umume para Bajingan iku padha sumeh lan banjur aweh sasmita. “Wis kono cedhak kawul”. Nanging nalika lagi ngeremake mripat, krungu jedhar-jedher pecute Pak Bajingan iku nggelak sapine ben banter ben gek enggal tekan.
Emane cikar iku saiki wis kalindhes dening angkutan modern gaweyan manca kang agawe polusi yen kita ing dalan gedhe.
***
Panulis: Budiono MG