
Newsletter Subscribe
Enter your email address below and subscribe to our newsletter


Minangka wong Jawa, rasane mongkog dene Gamelan saikine wis diakoni minangka warisan budaya tingkat donya. Dhek tanggal 15 Desember 2021, Unesco wis netepake menawa Gamelan wis klebu ing dhaftar Intangible Cultural Heritage utawa Warisan Budaya Tak Benda (WBTB). Kanthi mangkono, kawigatene Unesco (organisasi PBB ing babagan pendhidhikan, ilmu pengetahuan & budaya) kuwi gedhe banget marang gamelan. Donya wis ngakoni yen gamelan mujudake seni tradisi warisan budaya kang kudu dilestarekake.
Yen ndeleng konten-konten video apadene foto ing media sosial, ing tiktok, youtube, lan sapanunggalane, wis akeh pawongan saka manca negara kang padha prigel nabuh gamelan. Malah akeh kang wis padha baut nyindhen, lan cengkoke kok ya memper sindhen Jawa. Elizabeth Karren lan Megan Collin saka Amerika, Hiromi Kano saka Jepang, Helen Pausacker saka Ustrali cukup dikenal minangka sindhen saka manca negara lan nate nuduhake kaprigelane nyindhen. Dene Ellisa Orcarus Allaso mujudake sindhen kang populer banget sawise dadi sindhen ing saben pagelaran wayang kulit dalang (alm.) Ki Seno Nugroho. Kamangka Ellisa kuwi dudu wong Jawa. Dheweke asli Sulawesi blasteran Venezuela lan Perancis.

Banjur kepiye kawigatene wong asli Jawa dhewe tumrap lestarine gamelan ? Bisa didumuk yen akeh wong Jawa, utamane ing kutha-kutha gedhe,kang wis lali apadene ora perduli marang gamelan. Ajamaneh bisa nabuh, saderma ngrungokake gendhing Jawa wae cacahe bisa dietung nganggo driji. Para wong Jawa jaman saiki luwih akeh kang bisa main piano, gitar apadene nggebug drum tinimbang nabuh kendhang, saron, bonang apadene gong. Gamelan Jawa kaya dadi bab kang langka lan kuna. Bab iki kaya bisa dimaklumi. Para keluwarga Jawa jaman saiki, kang manggon ing kutha-kutha metropolitan, ora mbiyasakake nyetel gendhing utawa tembang Jawa ing keluargane.
Ketambahan acara televisi uga meh ora ana acara musik tradisional Jawa. Dadine, seni karawitan kaya kasilep, kalindhih dening musik-musik K-Pop (Korea), apadene musik saka manca liyane. Tujune ana kelompok utawa komunitas ing Jakarta kang isih perduli marang kesenian Jawa, mligine karawitan. Yakuwi Komunitas Budaya Bodro Sewu. kang manggon ing Jl. Gang H. Najihun, Gandaria Selatan Kebayoran Baru Jakarta Selatan. Komunitas iki dhek dina Minggu, 10/12/2023 nggelar pentas karawitan ing Galeri Indonesia Kaya, Jl. MH Thamrin, Jakarta Pusat. Telung wulan sadurunge, dhek akhir September, komunitas budaya Bodro Sewu uga nggelar karawitan ing Museum Wayang Jakarta. Lan sing gawe lega, tontonan gamelan kuwi akeh ditekani para mudha.
Ing gelaran pentas karawitan dhek tanggal 15 Desember kepungkur, Bodro Sewu nggawe judhul “Luhuring Karawitan Pertiwi”, utawa yen dijlentrehake nduweni teges: ngluhurake karawitan Jawa ing bumi nuswantara. Saliyane gendhing ladrang lan tembang dolanan, uga nggelar tari Gambyong Retna Kusuma (cakrik Mangkunegaran) lan Gambyong Pangkur. Sarta fragment teatrikal wayang kulit kang nyritakake satriya loro putrane Bima Sena, yakuwi Antareja lan Antasena. Sipate satriya loro kuwi bisa dadi patuladhan, minangka satriya sekti kang peng-pengan mbelani negarane nganti direwangi tumekaning pati. Kang narik kawigaten, dhalang fragment wayang kulit iki umure isih 19 taun. Dyas Syawal Lukman, mahasiswa fakukitas Ilmu Budaya Universitas Indonesia.

Ketua dalah pendhiri Bodro Sewu Galleri, Mutiara Gayatri, mratelakake menawa anggota komunitas iki wiwit saka umur 17 nganti 71 taun. Ana sing ibu rumah tangga, guru nganti lawyer. Kabeh saiyeg saeka praya, nguri-uri budaya Jawa. Ing ruwangan galleri kang resik lan asri, para anggota saben minggu padha ngumpul saperlu latihan karawitan, nari klassik Jawa, mbathik apadene ajar carane ngrumat bathik kuna/lawasan.
“Komunitas Bodro Sewu pancen mujudake wadhah budaya kanggo ngleluri budaya Jawa sarta ngenalake marang para generasi mudha, mligine ing Jakarta. Wong Jawa aja lali karo jawa-ne,” ujare ibu Gayatri. Piyambake uga mbiasakake putrane kanggo nresnani budaya Jawa wiwit cilik. Senajan anake loro kuliah ing manca negara kabeh, pambarepe entuk beasiswa ing UC Berkeley USA lan sing nomer loro, Astrangga Yoga (18) kuliah ing Sidney, Ustrali, nanging kekarone ngetrapake trapsila lan budaya Jawa.
Dene Bodro Sewu sejatine saka jenenge gamelan Kyai Bodro Sewu tilas kagungane bapak Mashuri SH, Menteri Penerangan RI dhek taun 1973-1978 lan Wakil Ketua DPR/MPR (1977-1982).
Bodro nduweni teges beja. Saengga sapa wae anggota komunitas iki dipepuja muga tansah entuk kabegjan, rahayu lan kabecikan.
“Ajining bangsa kuwi dumunung saka luhuring budaya,” ature Bu Gayatri.
Salah sijine anggota komunitas, bu Ade Karsono (57), rumangsa seneng banget melu nggabung ing Bodro Sewu. Tilas penyiar lan produser SCTV iki ngaku yen sasuwene iki durung ditau nggatekake karawitan lan budaya Jawa, apadene gelungan kondhe sarta nganggo kebaya lan jarik.

“Senajan aku lair lan kuliah ing Surabaya (Unair), nanging ya lagi umur semene iki aku bisa main gamelan,” ujare karo ngguyu.
Mula madege komunitas Bodro Sewu Galleri ing Jakarta iki ibarate kaya banyu tuk kang bening ing tengahe segara pasir kang cengkar lan panas. Ing kahanan sabendinan kutha Jakarta kang tansah kemrungsung, macet lan sarwa sibuk, ora nduweni kawigaten marang pusaka seni tinggalane leluhur, tibake isih ana komunitas kang isih ngopeni lan nguri-uri seni budaya Jawa, mligine Gamelan. Salut !
Panulis : sas