Lara Lapane Buruh Gebdhong Pasar Beringharjo.

Sutinah wis ora enom maneh. Umure wis separo abad luwih. Ananging aja takon bab karosan ngangkat barang. Sutinah saguh nggendhong barang nganti 70kilogram, mung dibiyantu slendhang amoh.

YA, Sutinah mung siji saka udakara 200 an buruh gendhong kang nyadhong rejeki ing Pasar Beringharjo, Yogyakarta. Wanita-wanita prakosa kuwi, ora mung saguh nyangga barang puluhan kilo, nanging uga nyangga abote urip sajroning omah-omah.

Sebab, ora sethithik buruh gendhong kuwi sing wis ditinggal bojone, utawa bojone nganggur ora nyambut gawe. Mula, supaya pawone tetep kemelun, pakaryan mburuh gendhong kang katone ‘ora manusiawi’ kuwi ya kudu dilakoni. Malah, krana dadi andelan kulawargane, nganti ana buruh gendhong kang meteng wolung sasi isih terus nggendhong saderma golek upah kanggo nyambung urip.

Kejaba Sutinah, Isah Porinah (50) uga ngrasakake abote dadi buruh gendhong Pasar Beringharjo. Ing umure kang wis ngunduri tuwa kuwi, loro-lorone kepeksa adus kringet nggendhong barange pelanggan, kanthi upah kang satemene ora mingsra.

Asal Mulane

Wiwit kapan buruh gendhong ana ing Pasar Beringharjo, ora akeh buku utawa cathetan kang nuduhake. Mung wae, anane buruh gendhong ing Pasar Beringharjo iki dinuga wis ana wiwit Pasar Beringharjo kuwi madeg.

Salah sijining versi ngandhakake, buruh gendhong wis ana wiwit zaman Kolonial, yaiku ing abad 18. Versi liyane nyebutake, anane buruh gendhong ing Pasar Beringharjo, kabeh mau ora uwal saka Kasultanan Ngayogyakarta Hadiningrat.

Pasar Beringharjo pancen wis dadi papan kanggo dol tinuku barang wiwit Kasultanan Ngayogyakarta madeg ing taun 1758. Mung wae, lagi ing taun 1925 Keraton kanthi resmi mbangun Pasar Beringharjo kanthi wewangunan kang magrong-magrong. Wektu kuwi, Kasultanan Ngayogyakarta nugasake marang Nederlansch Indisch Beton Maatschappij kanggo mbangun los pasar.

Asal mulane, buruh gendhong ing Pasar Beringharjo iku dadi abdi kulawarga Keraton Ngayogyakarta. Para buruh gendhong kuwi kang nggawakake blanjan kulawarga Keraton nalika blanja ing Pasar Beringharjo.

Ya, temtu ora pantes ndara-ndara kuwi nggawa dhewe barang blanjane kang ora sethithik kuwi. Dadi, para buruh gendhong iku ora mentala, lan kanthi karepe dhewe ngabdi marang Keraton kanthi nggawakake blanjan para ndara.

Suwene mataun-taun, para buruh gendhong iku ngabdi marang kulawarga Keraton Ngayogyakarta. Lumakuning wektu, gunggunge buruh gendhong kasebut sansaya akeh, lan isih akeh tekan saiki.

Nalika zamane wis ganti, buruh gendhong iki uga ngalami owah-owahan. Saiki, buruh gendhong kuwi ngladeni sapa wae kang mbutuhake jasane ing Pasar Beringharjo, kayata wisatawan lan para bakul. Nah, ing antarane para buruh gendhong mau yaiku Sutinah lan Isah Porinah ing dhuwur ksb.

Babagan upah, tekan saiki isih dadi masalah tumrap buruh gendhong ing Pasar Beringharjo. Sebab, ora ana pathokan sing baku, kabeh mung krana pangerten lan keikhlasane pelanggan. Isah ngandhakake, buruh gendhong ing Pasar Beringharjo racake diupahi 5.000 rupiah saben ngangkut barang kang bobote 30 tekan 50 kilogram.

Menawa ketemu pelanggan sing loma, buruh gendhong bisa entuk upah luwih, kayata 10.000 rupiah sepisan ngangkut. Nanging, kadhangkala buruh gendhong diwenehi upah sing ora murwat dening pelanggan. Sok ngonoa, para buruh gendhong, klebu uga Isah lan Sutinah ngrumangsani, pathokan kang baku kanggo upah buruh gendhong pancen angel diwujudake.

Kabeh mau krana buruh gendhong ing los sandhangan, cara kerjane beda klawan buruh gendhong ing los sembako, bumbon, sayuran, lan buwah. Ing los sayuran, contone, buruh gendhong biasane tugase mung ngangkat barang saka panggonan siji neng papan liyane. Krana iku, wektu kang dibutuhake mung sedhela. Buruh-buruh gendhong iki sing biasane entuk upah 5.000 rupiah.

Buruh gendhong ing los sandhangan beda maneh. Buruh ing los sandhangan, biasane nggawa blanjane pelanggan karo ngetutake lakune pelanggan, blanja saka papan siji lan sijine. Kadhangkala mbutuhake wektu pirang-pirang jam mung nggawakake blanjan wong siji. Nanging, krana anggone ngladeni pelanggan nganti pirang-pirang jam, buruh gendhong ing los sandhangan bisa diwenehi upah 100.000 saben pelanggan.

“Kuwi yen pelanggane loma. Tur maneh, ora saben dina bisa entuk bayar sak mono kuwi. Ana uga buruh gendhong ing los sandhangan, wis nggawakake blanjan suwe, mung diupahi 5.000 rupiah,” ujare Isah.


Resikone Gedhe
Kejaba pemetune saben dina ora temtu, nyambut gawe dadi buruh gendhong pranyata uga resikone gedhe. Sutinah, contone. Sasi Oktober 2022 kepungkur kepleset ing Pasar Beringharjo. Tujune nalika kepleset, Sutinah ora lagi nggendhong barange pelanggan. Nanging, amarga kepleset kuwi jalari balung tangane putung. Sutinah kudu leren sauntara wektu.

“Patang sasi aku ora kerja,” ujare Sutinah.

Bejane, wragad operasi lan obat kabeh gratis. Sebab, wanita saka Sentolo Kulon Progo, DIY iku duwe Kartu Indonesia Sehat (KIS).

Kepleset ing Pasar Beringharjo uga tau dialami dening Isah. Watara setengah taun kepungkur, Isah kepleset nalika nggendhong dhuwur dadi buruh gendhong. Ala-
san sepisanan, ora ana gaweyan sing bisa ngasilake dhuwit yen mung neng ngomah. Racake, para buruh gendhong kuwi ora duwe sawah. Dene tegalan cilik ing buri omah, ora mingsra asile. Mula, saben dina kudu mangkat neng Beringharjo, nggendhong barang-barang duweke pelanggane.

“Lha piye, nek ora mangkat nggendhong awake malah pegel-pegel kabeh. Yen mangkat neng pasar, bisa ketemu kanca-kanca, bisa guyon gayeng. Pokoke atine bungah,” ujare Isah semu mesem.

Saka udakara 200 an buruh gendhong ing Pasar Beringharjo, meh separone asale saka Kapanewon Sentolo, Kulon Progo. Isah lan Sutinah asale uga saka Sentolo Kulonprogo. Kanthi semangat nyadhong rejeki halal, para buruh gendhong kuwi tanpa nggresula nglakoni uripe saben dina.

Saliyane Isah lan Sutinah, warga Sentolo sing golek rejeki dadi buruh gendhong yaiku Paila (48). Saben dinane, Paila budhal saka omahe esuk banget. Saka omahe, dheweke numpak motor neng terminal Kulonprogo. Sawise motor dititipake, Paila banjur numpak bis tumuju Terminal Giwangan, Yogja, lan nyambung numpak bis maneh tekan Pasar Beringharjo.

Tekan Pasar Beringharjo watara jam enem esuk. Leren sedhela, jam setengah pitu Paila langsung munggah neng tingkat loro. Slendhang amoh minangka alat kerja, wis dikalungke neng gulune. Tekan ing tingkat loro, Paila langsung ‘tawa jasa’, ngangkut barang-barang dagangan kang mbutuhake jasane.

“Saben dina sing tak lakoni ya ngene iki. Lha mung buruh gendhong, paling banter sedina olehe 50 ewu rupiah,” akune Paila sing asring disapa Menuk kuwi.

Paila, Sutinah, lan Isah ing dhuwur, mung sagelintir conto cerita perih buruh gendhong Pasar Beringharjo. Atusan buruh gendhong liyane, kurang luwih nasibe ya meh padha. Senajan asile saben dina mung pas-pasan lan resikone gedhe, nanging tetep bungah anggone nglakoni.

Para buruh gendhong Pasar Beringharjo, wanita-wanita prakosa kang dadi pahlawan kulawarga. Uga pahlawan bangsa jroning rodha ekonomi. Abote barang lan abote urip, saguh disangga tanpa sambat.

Panulis : Agung Hartadi.

Bagikan artikel ini
anitriwidyawati105
anitriwidyawati105
Articles: 6