
Newsletter Subscribe
Enter your email address below and subscribe to our newsletter

(Tanggapan Marang Crita Cekake Irul S. Budianto)

Nalika aku isih sinau ing sekolah rakyat (SR), tau diajari bab bedane ekapurusa, dwipurusa, lan tripurusa. Yen ing basa Indonesia diarani orang pertama, orang kedua, lan orang ketiga. Eka purusa (orang pertama) kanggo uwong sing lagi guneman utawa nuturake sawijining bab, yaiku aku utawa kula. Dwipurusa iku kanggo uwong sing dijak ngomong, yaiku kowe, sampeyan, panjenengan. Lan tripurusa wong katelu dicritakake (lesan utawa tulisan), yaiku dheweke utawa panjenengane. Wiwit jaman semana tekan saiki ya tetep kaya mangkono kuwi paugerane, ora ana owah-owahan.
Lha saiki aku nemoni gaya panulisan anyar lu-mantar crita cekake Mas Irul S. Budianto ing Panjebar Semangat nomer 50 tanggal 14 Desember 2019 kanthi irah-irahan Taman. Sejatine aku ora kaget marang gaya panulisan mau merga sadurunge uga tau maca cerkak kanthi gaya kang padha. Nyuwun pangapunten aku ora bisa nyebutake PS nomer pira, wulan apa, lan karangane sapa, merga majalahku lagi diwaos sedulurku. Yen ora kleru penulise uga Mas Irul. Pangapurane yen luput.
Sepisanane maca aku rada kaget. Lha teka uwong sing biyasane diajak crita utawa dicritani, jebul ing cerkake Mas Irul mau malah dadi pokok pelaku crita. Iki kena diarani mindhah person sing kudune dijak ngendikan utawa komuni kasi, jebul malih dadi sing dicritakake. Apa sing kaya ngene iki ora ngowahi aturan? Nanging seniman mono pancen asring neka-neka. Mbuh sing kaya mangkono iku bisa ditampa dening para ahli basa apa ora, aku ora ngerti.
Mungguhing aku, gaya penulisan sing kaya mangkono kuwi wis ngowahi paramasastrane basa Jawa. Apa sastra oleh nyimpang saka paramasastra? Manut aku, paramasastra iku pathokan utawa pedhomane basa. Tegese, crita sing ku du manut paramasastra, dudu sawalike paramasastra sing kudu ngenut sastra. Bab iki dakkira bisa dirembug bebarengan amrih tetep becike basa Jawa kang kita tresnani iki.
Samubarang pancen bisa owah, jalaran ora ana sing langgeng ing alam donya iki. Nanging owah-owahan kuwi uga kudu mawa dhasar. Upamane, yen wis mentok kentekan papan arep disebut “dheweke” ora bisa, arep disebut “wong iku” ya ora bisa, arep diaturake nganggo objek apa wae ora bisa, utawa sakabehe person wis dicoba nanging ora pas banjur bisane mung nganggo tembung “kowe”, ya mangga. Nanging ing crita cekak Taman mau dakkira durung kentekan pokok critane. Contone upama “kowe” ing crita iku diganti wae nganggo “kancaku” utawa “kancamu” utawa “bocah bagus iku”. Sing kaya ngono iku dakkira ya isih bisa ditampa.
Nalika si subjek utawa pelaku utama ing kahanan semaput, bareng wis sadhar banjur takon marang sawijine pelaku, wangsulane sing ditakoni bisa, “Kowe wektu semana mbengok ngundang Suryati”, upamane mengkono. Dadi isine crita iku ngandhakake sawijine uwong sing mentas eling sawise semaput. Beda meneh karo yen “kowe” iku jeneng (arane) saweneh pelaku crita. Ing kahanan kang kaya mangkono bisa bae “kowe” takon marang “kowe”. “Kowe” dicritakake kanthi tharik-tharik kaya critane Mas Irul ing cerkak kasebut.
Mangga para maos kang kagungan kawigatosan sami ngrembag amrih saenipun, supados mboten ngantos dipuncap basa Jawi punika semrawut sakepenake dhewe bae. Manut pamawasku, dakkira prinsip kebahasaan iku padha bae. Basa apa bae ya mung diperang dadi telung person iku.
Ing pungkasane cerkak mau dakanggep wis pas, jalaran kaya sing dakaturake, dwi purusa iku nembe bae semaput nganti ora kelingan apa-apa. Bareng wis eling banjur takon, “Aku saiki ana ngendi?” Sing mangsuli ibune ngendika, “Kowe saiki nang rumah sakit…” Yen crita iku ngrembug kahanan nalika wong iku ing kahanan ora eling apa-apa, dene sing nyritakake lakon iku ibune marang dheweke bareng wis eling, iku ya ora kleru. Crita lumrah bae. Nanging crita kasebut rak ora ngrembug wong sing nembe semaput?
Marang para ahli basa takaturi paring wawasan apa kang kaya mangkono iku bisa diakoni utawa ditampa. Semene aturku, mangga para kang pana ing basa Jawa daksuwun paring sabda kanggo njangkepi kawruh kita ing babagan basa Jawi kang kita tresnani iki. Yen andharan iki dianggep kleru aku nyuwun gunging pangaksama. Nuwun. (*)
***
Panulis: M. Anwar MH